Jon Dapuk Nyawér Buku “The Corner of The Stage” – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Jon Dapuk Nyawér Buku “The Corner of The Stage”

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
4 Oktober 2020
3 min read
0
Jon Dapuk Nyawér Buku “The Corner of The Stage”
Share on FacebookShare on Twitter

POLAHÉ Jon Dapuk kadangkala gawé jakwir-jakwiré ngrajug én kéder. Bayangna sedulur! Umumé wong nyawér nganggoné cut. Béda Jon Dapuk, kanggoné malah buku.

Kedadian kuwé nalika déwéké nonton pagelaran dangdut. Waktu samana, Jon Dapuk kambén jakwir-jakwiré nonton bareng nang obyék wisata Rodjo Teter wilayah Desa Bogareskidul, Kecamatan Pangkah, Kabupaten Tegal. Weruh ana biduan duét karo penyanyi lanang nembang lagu Tegalan “Tragedi Jatilawang” ciptaané, déwéké langsung nyawér nganggo novél karangan grésé kang judul “The Corner Of The Stage” maring biduan kang aran Ayu Dewi kambén pasangan duété kang aran Lutru Ibrahim.

Weruh Jon Dapuk nyawér nganggoné buku novél, jakwir-jakwiré pada éram plus bingung! Samana uga penonton liyané digawé mlongo jalaran sing dilakoni Jon Dapuk ora kaya wong-wong sing pada nyawér. Tapi kanggo penyanyiné malah ndadékna bungah mbangkana-kana!

ADVERTISEMENT

“Saumur-umur nyong ngamén dadi penyanyi tembé njenengan nyawer nganggoné novél, Mas Jon? Kiyé bener-bener penghargaan luar biasa laka tunggalé! Matané enyong kosih merkabak saking ungahé gén istiméwa! Suwun Mas Jon, suwun!” ujar Lutru Ibrahim, penyanyi lanangé di antara musik interlude.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

Bab kuwé sing akhiré Darto, Sidul, uga Kapér éram ora digawé-gawé weruh Jon Dapuk nyawér nganggo buku. Keéramané jakwir-jakwir Jon Dapuk diutarakna waktu wong papat ngumpul bareng nang Pos Ronda.

“Yanu ngrajug Jon. Bener-bener ngrajug maring polah énté. Umumé wong nyawér nganggoné fulus, tapi polahé énté béda karo uwong liya. Dudu sawér fulus tapiné nganggo novél. Sung! Selawas kiyé yanu tembé menangi ana wong modél kaya énté. Jan-jané énté nyawér nganggo buku, maksudé apa Jon?” takoné Darto sing ora paham maring tingkah lakuné Jon Dapuk.

Kaya biasané Jon Dapuk emoh nawabi saduruné akwir-akwiré pada mbalah omongan.

“Nyong ngakoni, kowen pancén top Jon! Nyawér nganggo buku kelebuné langka-langka!” timpal Kapér.

“Waktu kowen nyawér nganggo buku, matané enyong ora kedép. Ajib temen kowen nyawér ora pada karo umumé wong nyawér. Alesané kowen nyawér nganggo buku apa, Jon?” sambung omongané Sidul.

Kaya biasané sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké ngombé wédang téh pociné. Latané nyulet sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut saeler rokoké Jon Dapuk.

“Pertama, jalaran sing ditembangna lagu Tegalan gawéané enyong. Biasané penyanyi-penyanyi Tegal sokané nembangé lagu Cirbonan. Kayong langka penyanyi kéné gelem njunjung duwur maring budayané déwék. Padahal lairé nang Tegal, golét pangané nang Tegal, ngko dong mati ya nang Tegal. Kaningapa maring lagu Tegalan ora pada peduli? Karepé penyanyi Tegal dongé apa?” omongé on Dapuk.

Sidul, Darto karo Kapér mantuk-mantuk mbenerna omongané Jon Dapuk.

“Bener omongané énté Jon. Laguné wong liya disubya-subya. Lagu asli ciptané wong Tegal ora diréken!” Sidul ngucap nadané kayong getun maring biduan-biduan Tegal.

“Kuduné angger mati ora perlu dilayadi ya Jon?” sela Kapér.

“Ora kaya kuwé Pér. Wong mati kudu dilayadi. Adong laka sing layad, wong sakampung dosa kabéh!” timpal Jon Dapuk ndadékna Kapér cep klakep. Sebab sing diomong Jon Dapuk bener satus prosén.

“Sing diomongna énté, alesan pertama. Alesan kaping loroné apa Jon?” Darto mbalang pitakonan.

“Alesan kaping loro, nyawér nganggo cut ngajari penyanyi nggragas maring dunya. Enyong emoh ngajari menungsa mata duwiten! Ndadékna budaya gotong-royong sepada menungsa ilang gandra. Béda adong nyawérnganggo buku, uteké sang penyanyiné sangsaya tambah ilmu. Sebab sanjeroné buku, ana ilmu sing bisa dipetik. Sedeng cut, bisa-bisa urusan rumah tangga ribut!” omongé Jon Dapuk.

Darto langsung réaksi.

“Bisané nggawa-nggawa rumah tangga dadi ribut? Alesané apa?”

“Jal, kowen nyawér nang ngarepé bojo, wani beléh?” omongé Jon Dapuk dibarengi éseman.

ADVERTISEMENT

Kaya diantup kala jengking, Darto cep klakep. Endas sing ora gatel ndadak dikukur-kukur. Ngerasa jawabané Jon Dapuk mbakjleb!

“Iya Jon. Énté bener!”

“Kuwé sebabé enyong nyawér nganggo buku. Pertama ébén nambah ilmu. Kaping loroné, sekaligus promosi novélé enyong bén akéh sing maca!”

Sekal kuwé, jakwir-jakwiré mantuk-mantuk.

“Alesané kowen bener-bener jitu. Selangkah maju, rong pulo disilemi! Kowen pancén top!” omongé Sidul. Jakwir-jakwir liyané angkat jempol. (@)

 

—

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In