Jos Nemen, Bayi Umur Limalas Wulan Kiyé Mélu Manjat Gunung Slamet Karo Kluwargané – Panturapost.com
Selasa, Mei 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Jos Nemen, Bayi Umur Limalas Wulan Kiyé Mélu Manjat Gunung Slamet Karo Kluwargané

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
25 Januari 2022
2 min read
0
Cerita Zubair, Bayi 15 Bulan yang Naik Gunung Slamet Bersama Keluarganya

Muhammad Zubair, bayi berusia 15 bulan asal Indramayu telah melakukan pendakian Gunung Slamet via Basecamp Permadi Guci, Kabupaten Tegal. (Foto: Istimewa)

665
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

TEGAL — Muhammad Zubair, bayi sing umuré limalas wulan seka Indramayu wis nglakoni pendakian utawa manjat Gunung Slamet via Basecamp Permadi Guci, Kabupatén Tegal. Dhéwéké mélu manjat nang gunung paling dhuwur nang Jawa Tengah kuwé bareng karo kluwargané lagi dina Sabtu-Minggu (22-23/1/2022).

Zubair yakuwé anak bontot seka telu bersaudara. Jaré bapané, Khaerul Anwar (32), Zubair wis ping pindo manjat gunung.

Jaré Ade, aran akrabé Khaerul, anaké aktif nemen pas mélu manjat gunung lan ora gelem meneng. Pas mudun ya, Zubair ésih bisa dolanan nang sakubengan homestay.

ADVERTISEMENT

“Pas nang jalur pendakian, Zubair sempet kepéngin jalan lan pas lagi jalan ping kopang-kaping keplését. Digéndong ya ora gelem,” tuturé Ade maring PanturaPost, dina Minggu bengi (23/1/2022).

Baca Juga

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022

Jaréné, mauné, dhéwéké duwé rencana manjat gunung Slamet metung Permadi Guci bareng karo batir-batiré. Tapi pas kuwé bojoné pan mélu manjat. Mugané, otomatis anak-anaké mélu manjat gunung. Termasuk anak bontoté sing mbéké umur limalas wulan.

Sadurungé manjat gunung Slamet, Zubair wis tau manjat gunung Prau pas taun baru wingi.

“Sadurungé seneng camping-camping baé karo kluwarga. Tapi sawisé manjat gunung pertama nang Prau, nyong wis yakin Zubair bisa manjat gunung Slamet. Angger nyong dhéwék gemiyéné seneng manjat gunung sedengé angger bojoné ora seneng manjat gunung,” terangé.

Pas lagi perjalanan manjat Gunung Slamet, jaré Ade, Zubair kuwé ora réwél, malah seneng. Pas wayah bengi, tepaté nang pos 4, Zubair kuwat lan ora katisen.

“Ndéyan merga ana emaké dadi Zubair kuwat lan tahan atis. Padahal wayah pendakian kena udan. Tapi sing ora kuwat kuwé malah bojoné nyong wayah pendakian,” terangé.

Ade ngomong, dhéwéké molai manjat dina Saptu ésuk jam pitu. Anjog nang pos 4 jam setengah papat soré. Pas kuwé Zubair ora bisa manjat pucuk soalé ana aturan seka basecamp ngenani pendakian nang umur anak-anak.

“Dadi zubair mung bisa manjat gunung Slamet anjog pos 4,” tegasé.

Sementara kuwé, salah siji anggota basecamp pendakian Gunung Slamet metung Permadi Guci Sofyan ngomong, pendakian nang usia dini sabeneré diolihi. Tapi, kudu ana pengawasan seka wong tuwa sing jelasé wis pengalaman.

ADVERTISEMENT

“Saliyané kuwé persiapan kudu wis mateng lan dipastikna anak kondisiné séhat uga mampu nggo diejak manjat,” jaréné.

Wayah pendakian, jaréné, disarana nggawa porter/guide setempat. Senajan saben akhir minggu pihak basecamp uga nugasna rong personél nggo jaga-jaga ngileng nang pos 4.

“Di samping kuwé, pihak basecamp uga nyarana pendakian nggo anak-anak mung anjog pos 4 tok,” pungkasé. (*)

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265
Warta Ngapak

Gara-gara Ban Ngarepé Mbledug, Mobilio Nguling nang Tol Pejagan

16 Mei 2022
Remaja 16 Tahun Dibacok Begal di Fly Over Tol Kemukten Brebes 
Warta Ngapak

Bocah 16 Taun Dibacok Bégal Wayah Joging nang Fly Over Tol Kemukten Brebes

16 Mei 2022
Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon
Warta Ngapak

Numpak Travel Ora Resmi, Wong Brebes Kiyé Dirampok lan Diguwang nang Pinggir Dalan

14 Mei 2022
Viral Video Emak-emak di Pekalongan yang Buang Sampah di Tepi Jalan
Warta Ngapak

Viral, Emak-emak nang Pekalongan pada Guwang Runtah Semblotongan nang Pinggir Dalan

13 Mei 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In