BREBES — Gubernur Jawa Tengah Ganjar Pranowo ngambani Pembatasan Kegiatan Masyarakat (PKM) Jawa-Bali Januari nang wilayah Jawa Tengah. Saliyané wilayah Semarang Raya, Solo Raya, lan Banyumas Raya, patang daérah liyané dipelokna. Neng antarané Kudus, Pati, Magelang lan Brebes.
“Ya pancén bener, nganggo dasar putusan Pak Gubernur tanggal 8 Januari 2021, Brebes manjing wilayah PKM Jawa-Bali molai tanggal 11 Januari-25 Januari mengko,” omongé Sekretaris Daerah (Sekda) Brebes, Djoko Gunawan, dina Jemuah (8/1/2021).
Kekait persiapan diberlakuknané pembatasan kegiatan masarakat nang Brebes, Sekda ngomong lagi nyiapna surat édaran bupati kekait diberlakuknané PKM kuwé. “SÉ Bupati lagi dhéwék gawé lan gagiyan ditokna. Nggo kebijakan PKM, dhéwék luwih perketat maning,” omongé wong lanang sing uga dadi Sekretaris Gugus Tugas Percepatan Penanganan COVID-19 Brebes kuwé.
Sekda ngungkapna, angger pemberlakuan PKM gagiyan dilaksanakna, Pemkab Brebes pan nganakna kebijakan Work Form Home (WFH) nggo Aparatur Sipil Negara (ASN). “Ya dhéwék nganakna WFH nggo ASN, 75 persén-25 persén, sing mangkat 25 persén lawasé PKM,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post