CRITA mitos nang endi paran gawé héboh gén ora entong-entong. Macemé pirang-pirang. Ana uwong njelma dadi ula, memedi manglih dadi sétan klondér, bruncul sing sokan ngaton nang kali nalika banjir, siluman baya putih sing seneng nggoda wong wadon, macan dadi-dadian, wéwé gombel, lan sebangsané sekandang bentang.
Seliyané belis bruncul lan siluman baya putih sing manggon nang kali, uga ana siji manggon nang Kali Sibelis. Kali kuwé manggoné awit wilayah Kelurahan Keturen, Kecamatan Tegal Selatan kosih anjog nang wilayah Kelurahan Muarareja, Kecamatan Tegal Barat. Rong désa lan kecamatan kuwé, manggon nang wilayah Kota Tegal.
Jaré masyarakat Tegal, Kali Sibelis nggilani por-poran sokan njaluk tumbal. Angger lagi apes, uwong sing nglémbar nang Kali Sibelis bisa kalap. Minimalé, ragané dileboni bangsa alus ndadékna kesurupan. Omongan sing metu saka cangkemé, sekamyah-kamyah. Gén mata sing lagi kesurupan, merem tapiné tenagané rosa.
“Bisané nang wilayah kono, ana Kali diarani Kali Sibelis, mau-mauné kepimén sih, Jon?” Sidul mbalang pitakonan mancing jakwir-jakwiré supaya nanggapi masalah sing diomong Mas Jon.
Darto karo Kapér ngerténi adong wong telu durung mbalang ujaran, Mas Jon ora bakalan njawabi. Mula kuwé, wong loro agé-agé mulukna pitakonan.
“Angger dirasa-rasa, ana Kali diarani Sibeli anéh tah anéh ya To? Apa langka aran maning? Mbok gawé aran sing duwé makna apik, aja sing medéni!” Omongé Kapér sakléndaban nanggapi omongané Mas Jon karo Sidul, sekaligus nglémpar ujaran maring Darto.
“Mustiné kudu kaya kuwé Pér. Mung ndéan baé, nang wilayah kono ana asbabul asal-usulé. Mituruté énté pibén, Jon?”
Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawab pitakonan jakwir-jakwiré, déwéké nyecep wédang téh poci panasé, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Koapér miwiti nglorod rokok saeler dékéné Mas Jon. Sidul karo Darto ilon-ilon ndudut rokok saeleran.
“Kiyé arané mitos. Sapa sing percaya kena, ora ya beléh papa. Mung jaré uwong-uwong sekitar kono, keningapa Kali kuwé diarani Kali Sibelis? Lan dadi tempat pembungan segala macem bangsa jin, kuntilanak, genderuwo, lan sejenisé,” omongé Mas Jon.
“Daning kaya bak sampah, Jon?” Kapér nimpal omongané Mas Jon.
“Yaul Pér. Yanu tembé krungu ana Kali fungsiné dadi tong sampah?” Omongé Darto.
Wong loro akhiré pada nyekakak.
Mas Jon pésam-pésem.
Rainé Sidul mbesengut. Déwéké ngerasa Mas Jon durung tutug crita, jakwir-jakwiré malah guyonan.
“Wis Jon, aja ngurusi wong sing senengé guyon. Enyong pan takon,” omongé Sidul.
“Takon apa, Dul?”
“Apa nang Kali Sibelis sing jaréné tabet, pernah ana kedadén masyarakat ketlapek bangsa alus ning kono?”
“Salah siji contoh baé ya? Nalika taun 2016 pernah ana bocah wadon ABG ditampek kosih kesurupan nggilani. Critané, waktu samana masyarakat Muarareja lagi ana proyék Brug Kali Sibelis, bocah wadon ABG sebut baé arané Nana, liwat Brug sing lagi didandani. Nalika déwéké kesurupan kosih telung dina, asal-mulané Nana ngintil sedekah laut.
Waktu ragané Nana kelebon bangsa alus, cangkemé terus-terusan ngroméd sing isiné, bangsa alusé njaluk persembahan. Salah siji syarat anané proyék Brug Kali sibelisOmongané konon kabaré saka omongané bangsa alus penunggu Brug Kali Sibelis,” omongé Mas Jon.
“Kayong nggilani ya, Jon?” Darto nyenggaki critané Mas Jon.
Krungu omongan medéni, rainé Kapér sing mauné créngas-créngés, ndadak pucet. Wong siji kiyé sakalé wedinan, tapiné sok gaya ulu.
“Wow! Dayiké Kapér ndadak pucet. Hahahaha…..” Sidul nyekakak.
“Lanjut Jon!” Darto setengah mréntah.
“Jaré makhluk halusé, Brug Kasli Sibelis ora bakal rampung sadurungé warga mendiyani tumbal ayam babon sing lagi angrem. Kejaba kuwé, njaluk kepiting cilik 20 ékor. Jaré wong pinter, bab kuwé dimaknai jin penunggu Kali Sibelisnjaluk tumbal wong wadon sing lagi mbobot lan 20 bocah enom-enoman.”
“Solusiné pimén Jon?” takoné Sidul. Kapér déwéké ora wani nyuwara maning. Njagongé ngesol nang Darto.
Jaré Mas Jon, ngutip omongané H. Tambari Gustam sing dikutip nang salah siji koran harian nang Kota Tegal, warga masyarakat kono njaluk tulung maring ustadz uga wong pinter. Gelisan crita, Tambari karo warga duwé inisiatif nggelar acara tahlil, dedonga lan tolak bala.
“Alhamdulillah… masyarakat kono slamet kabéh. Sebab apa? Mas Kaji Tambari weling, luwih apik cedek maring Gusti Allah SWT ketimbang nggogoni bangsa alus!” Mas Jon nutup critané. (*)
—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011” uga novelis.
Discussion about this post