BREBES – Polisi ésih nylidiki kasus kecelakaan Bis Agra Mas sing nyrudug trek lagi parkir nang Dalan Tol Kanci-Pejagan nang ruas Kecamatan Tanjung Brebes, lagi dina Senén (17/10/2022) wingi.
Kasat Lantas Polres Brebes AKP Edi Sukamto ngomong, pihaké durung netepna tersangka neng kasus kecelakaaan sing maténi wong telu kuwé.
“Dhéwék ésih nylidiki kasus kecelakaan kuwé, termasuk njaluki keterangan saksi-saksi,” jaré Edi Sukamto, dina Slasa (18/10/2022).
Sementara kuwé, nggo korban sing ninggal dunya, yakuwé supir bis Abdul Haris, warga Kabupatén Pemalang. Latané loro penumpang bis masing-masing Jaenal Abidin (31) warga Désa Tegalsari Timur, RT 006, RW 001 Kecamatan Ampel Gading, Kabupatén Pemalang lan Tamjidi (52) warga Kampung Pong Porang RT 5, RW 4 Kecamatan Tigaraksa, Tangerang, Banten.
“Ketelu jenazah wis diparani pihak kluwarga, termasuk supir bis,” imbuhé.
Nggo 4 korban luka nganti saiki ésih dirawat nang RS Mutiara Bunda Kecamatan Tanjung. Dhéwéké yakuwé kenét trek lan 3 penumpang. Neng antarané IM (36), kenét trek warga Mojokerto. Latané 3 penumpang masing-masing inisialé BU, (46), MA (65), lan KA (63).
“Keteluné penumpang bis sing kabéhané warga Tegal Timur, Kota Tegal,” pungkasé.
Kaya dibritakna sadurungé, kedadénan kecelakaan maut kedadén nang ruas dalan tol Brebes, dina Senén 17 Oktober 2022 sekitar jam setengah telu soré. Bis Agra Mas nyrudug trek sing lagi parkir nang pinggir dalan. (*)
Discussion about this post