PEKALONGAN – Polisi terus ngembangna kasus dipatenine cah enom nang Pekalongan sing arane Arya Reza (15). Polisi netepna cah wadon sing huruf ngarepe S (16), yakuwe taroke pelaku utama, sing huruf ngarepe KN (17).
Kasat Reskrim Polres Pekalongan Kota, AKP Ahmad Sugeng, dina Saptu (18/7/2020) ngomong, seka hasil pemeriksaan ditemukna fakta anyar. Yakuwe S melu-melu terlibat jeroneng kasus dipatenine Arya Reza.
“Iya bener dhewek netepna siji tersangka maning, yakuwe S sing yakuwe taroke seka tersangka KN,” jarene.
Jeroneng kasus kuwe, Ahmad nglanjutna, S duwe peran nggo nentukna lokasi sing didadekna tempat eksekusi maring Arya Reza. Sawise korban digawa maring pinggiran Kali Banger, korban dieksekusi.
“Dadi S kiye nduweni peran nentukna lokasi nggo ngesekusi korbane,” jelase.
Sadurunge, mayide korban ditemukna klopot daning getih nang pinggiran Kali Banger, Krapyak, Kecamatan Pekalongan Lor. Korban mati merga ana luka tunjleban nang weteng karo nang gulune.
Pelaku KN ngaku kepaksa mateni korban soale kepengin nduweni motore. Dheweke nglalu ngrebut motor ndeke korban soale butuh duwit nggo biaya kawinan.
“Duwite nggo foya-foya lan nggo biaya kawinan uga. Iya taroke nyong soale njaluk gagiyan dikawini bae,” omonge.
KN ngomong, pas kuwe, dheweke mapag korban nang umahe lan ngejaki maring pinggiran Kali Banger.
Sawise anjog, pelaku lan korban ya sempet nginung ciu disit. Ora let suwe, latane tersangka njukut lading lan nyerang korban.
“Nyong dhewekan. Nyong papag korban lan nyong ejak mene. lading nyong gawa seka umah,” ngakune.
Gara-gara kelakuane, tersangka dijerat karo pasal 365 ayat 3 ngenani pencurian karo kekerasan sing ngakibatna wong liya mati. Anceman ukuman 15 taun penjara. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post