TEGAL — Pemréntah Kota Tegal molai dina Rebo (2/12/2020) bengi maténi penerangan jalan umum (PJU) nang pirang-pirang titik nggo nyegah wong pada nggrombol. Kebijakan kuwé dijukut dadi langkah antisipasi nang wayah kasus COVID-19 sing akhir-akhir kiyé terus ningkat ngantikan luwih nang ndhuwur séwu wong.
Kepala Bidang PJU Dinas Pekerjaan Umum dan Perumahan Rakyat (DPUPR) Kota Tegal, Sudjatmiko ngomong, langkah antisipasi nggo meték nyebaré COVID-19.
“Kiyé nggo neken nyebaré COVID-19, ana rubah jam murub nang PJU dalan-dalan protokol dadi murub pukul 00.00 ngantikan 05.30 Wib,” omongé Sudjatmiko, dina Rebo (2/12/2020).
Sudjatmiko ngomong, ana pirang PJU sing pan dilakoni pemadaman bengi utawa molai dinyatakna jam 00.00 WIB yakuwé utamané nang kawasan Alun-alun sing kerep dadi pusat ramé-ramé.
“Pemadaman ora anjog dalan perkampungan lan dalan Pantura. Sementara mung dalan Pemuda-Veteran-Sultan Agung-Komplek Alun-alun, dalan Jend. Sudirman, Sudibyo, lan dalan KS Tubun,” jaré dhéwéké.
Sudjatmiko ngaku durung ngarti nganti kapan kebijakan kuwé pan diberlakukna. “Lah kuwé nganti kapan, dhéwék ngénténi kebijakan luwih lanjut,” jaré dhéwéké.
Dhéwéké ngarep-arep, karo langkah kuwé, diarep-arep bisa ngurangi aktivitas warga nang njabanéng umah. Mugané nularé COVID-19 bisa dicegah.
“Njaluk pangapurané pelayanan PJU madan keganggu. Muga-muga masarakat bisa mahami lan ngélingi ari saiki kedadén lonjakan COVID-19. Diarep-arep bisa dikurangi aktifitas sing ora perlu,” pungkasé.
Sementara kuwé, angka kasus COVID-19 nang corona.tegalkota.go.id, dina Rebo (2/12/2020), pukul 20.09 Wib tekan 1.311 kasus positif COVID-19 sing nibani warga Kota Tegal. Rinciané 22 wong dirawat, 353 isolasi mandiri, 879 mari, lan 57 ninggal.
Sadurungé langkah nglakoni pemadaman PJU pernah dilakoni Pemkot Tegal wayah lokal lockdown akhir wulan Maret wingi utawa pas awal-awalé pageblug corona. (*)
Discussion about this post