Kamis, Januari 21, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Kasus Corona nang Tegal Manjat, Pemkot Dikongkon Nglakoni Karantina Wilayah Tingkat RT/RW

Karantina wilayah tingkat RT/RW dinilé pan luwih éféktif dibandingna karo nglakoni maning Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB).

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2020/11/21 7:49pm
2 min read
0
Blokade Beton Dibuka, Aktivitas Warga Kota Tegal Kembali Menggeliat

Ilustrasi. Dengan bantuan alat berat petugas DPUR mengangkut MCB beton di akses masuk perkampungan di Jalan Dr. Cipto Mangunkusumo, Jumat (15/5/2020). (Foto: Setyadi)

1.7k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Pemréntah Kota (Pemkot) Tegal dikongkon nglakoni karantina wilayah skala cilik neng tingkat RT/RW. Langkah kiyé perlu dilakoni merga kasus COVID-19 nang Kota Tegal manjat terus.

Ketua Ikatan Dokter Indonesia (IDI) Kota Tegal dr. Said Baraba ngomong, karantina wilayah tingkat RT/RW pan luwih éféktif dibandingna karo nglakoni maning Pembatasan Sosial Berskala Besar (PSBB).

“Kota Tegal saiki zona abang. Saiki nyebaré COVID-19 wis dudu antar kota, tapi penyebaran lokal. Nggo-padhan pan karantina bisa tingkat RT/RW nggo nglindungi warga dhéwék-dhéwék,” omongé Said, anyar-anyar kiyé.

Jare dhéwéké, tingkat nyebaré COVID-19 nang Kota Tegal kedadén wis méh rata nang saben wilayah. Kota Tegal sing strategis nggawé transmisi penularan antar daérah bisa mlaku luwih cepet.

Baca Juga

Pasca Dilanda Banjir, Warga Wotgalih Jatinegara Bikin Tanggul Sungai

Sawisé Kena Banjir, Warga Wotgalih Tegal pada Kerigan Nggawé Tanggul Kali

16 Januari 2021
Dishub Brebes Segera Tertibkan Odong-Odong, Boleh Beroperasi di Tempat Khusus

Odong-odong nang Brebes Sing Ngompréng nang Gili Gedhé Pan Ditertibna Dishub

16 Januari 2021
Cerita Para Pedagang yang Terpaksa Jual Pangkalan di Kota dan Kini Jualan di Kampung

Pageblug Nggawé Bakul-bakul nang Kota pada Bangkrut, Pindah Maring Desa

16 Januari 2021
Jalur Pantura Tegal Terendam Banjir, Lalu Lintas Tersendat

Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

15 Januari 2021

“Ora perlu karantina tingkat kota, soalé percuma, wis nyebar rata nang Kota Tegal. Pisan maning angger saiki ora perlu PSBB tingkat kota tapi luwih apik tingkat RT utawaha RW,” tambahé.

Nurut Said, warga perlu terus diédukasi ngenani protokol pencegahan COVID-19. Pasalé, ana anggepan sing kesliru neng tengahéng masarakat ngenani new normal utawa adaptasi kebiasaan anyar. Hasilé, kasus nularé COVID-19 nang Kota Tegal ésih terus kedadén malah njengat. Salah sijiné soalé akéh nyiptakna rumbengan-rumbengan ora karo protokol COVID-19.

“Masarakat dhéwék ndéyan salah ngartikna new normal sing dianggepé wis normal mugané bebas. Padahal new normal kuwé siji kebiasaan anyar umpamané disit ora nganggo masker saiki nganggo,” jaréné.

Jare dhéwéké, sajegé awal apa sing wis dilakoni Pemkot Tegal nggo ngatasi COVID-19 wis apik nemen. Molai karo lokal lockdown lan PSBB sing nggawé Kota Tegal sempet zona ijo.

“Lan saiki wayah kasus njengat, pan mbuka maning tempat karantina nggo isolasi mandiri kaya nang Rusunawa kiyé wis pas,” pungkasé.

Sementara kuwé, ngacu data corona.tegalkota.go.id, dina Jemuah (20/11/2020) jam 14.45 WIB, total ana 930 kasus positif COVID-19 warga Kota Tegal. Rinciané 37 dirawat, 344 isolasi mandiri, 507 mari, lan 42 ninggal. (*)

Tags: CoronaKarantina Wilayahvirus coronaWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap
Warta Ngapak

Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

20 Januari 2021
Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza
Warta Ngapak

Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

20 Januari 2021
Seorang Balita Bojong Terluka Tertimpa Atap Rumah yang Ambruk
Warta Ngapak

Melas Nemen! Bayi Umur 1 Taun Nang Bojong Kurugan Plapon Nganti Batuké Suwék

20 Januari 2021
Jubir Satgas COVID-19 Kabupaten Tegal: Setiap Hari Ada Pasien Meninggal Dunia
Warta Ngapak

Jaré Petugas, Nang Kabupatén Tegal Nggal Dina Ana Wong Ninggal Gara-gara Corona

19 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Warta Lelayu Ésuk Uput-uput

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Sing Pejah Wong Gédé, Sing Layad Pirang-Pirang

MEDIA SOSIAL

  • 121.9k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X