LAGI kiyeng-kiyengé ngéditori novél anyar gawéané Wulan Klenting Kuning, HP-né Mas Jon moni: klenting, klenting, klenting, ping telu adil. Kepaksané Mas Jon ngandeg ngetiké. Ana notif WhatsApp mlebu. Tangané Mas Jon ndadak mbuka HP-né. Nang layar kaca HP nongol aran Nurmasari. Biasa diundang: Nur!
“Mas Jon, nyong njaluk dedongané ya? Njenengan sing mbaureksa Sastra Tegalan. Muga-muga berkah barokah, ujian lancar.”
Kuwé isi notif WA-né Nur. Atiné Mas Jon radan bungah. Déwéké kepéngin weruh jakwir wadoné sing ngasabé dadi dosén, cepet lulus nyandang gelar doktor. Rasané wis ana limang taun déwéké dadi mahasiswa nang Universitas Jakarta paling jempolan. Njukut program Doktor Program Studi Ilmu Susastra Program Pascasarjana.
Limang taun dudu waktu sedélat. Mosak-masik déwéké kedangsrakan golét seabreg buku antologi Puisi Tegalan, lan seabreg kliping kanggo bahan disertasiné kayong laka pedoté. Bolak-balik diajukna maring pembimbingé, naskah hasil risété kongkon diapiki maning. Déwéké ngerasakna mbekok ngotak-ngatik naskahé kosih uteké pan pecah, maksa baé durung menuhi syarat diuji. Merga kuwé, saben dina sing dipikirna, kuwé-kuwé baé. Kanda tobat, ya tobat-tobata.
Tapi tobat mbuh ora tobat, révisi lan révisi kudu dilakoni. Maring Mas Jon, déwéké bolak-balik dijejaluk tulung kon luruh tambahan bahan-bahan. Maring déwéké, Mas Jon dadi kemelasen. Mas Jon bisa ngrasakena putek pikirané Nur, ora karuan.
Sapa maning sing pan dijaluki tulung angger dudu Mas Jon? Wong siji kiyé bisa dikandakna ‘sing mbaurekso’ Sastra Tegalan. Déwéké ora kur nyangkem, tapiné tetep ngusahakna bahan tambahan sing diperlokna Nur. Ora baén-baén Mas Jon gogoh maring sapa baé nggoléti bahan-bahan penulisan risété Nur, ébén ora kapiran. Alhasil, sagebung data langsung dikirimna nganggo pos kilat khusus.
Saiki, atiné Mas Jon kayong lega krungu dina kiyé, hasil risété Nur judul “Simbolisasi Aspek Moralitas Dan Religiositas Sebagai Refleksi Masyarakat Tegal Dalam Tiga Antologi Puisi Tegalan” pan diuji.
“Ujiané kapan, Mba?”
“Dina Rebo sesuk kiki, jam 10 kosih jam 1 awan. Ana wong pitu sing pan nguji hasil risété enyong, Mas?” omongé Nur liwat WA.
“Tempaté ngujiné nang ngendi, Mba?” Mas Jon nglémpar pitakonan.
“Nang panggonan sing biasa kanggo rapat online.”
“Model pengujiané adu arep apa kepimen? Masalahé, wayah saiki lagi pageblug Covid-19,” Mas Jon nyecer pitakonan.
“Modél pengujiné liwat Zoom, Google Meet, Wa-video Sall, Microsoft Team, lan liya-liyané. Tapi Jujur baé atiné nyong durung jenjem, Mas. Mung mbuh kepimén-pimén, masalah kiyé kudu tak adepi. Pengujiné ngédap-ngédapi….”
“Wong hébat kalahé kur karo donga, Mba? Limang taun uteké Mba Nur wis dimeres saporété, nekuni disertasi. Ora usah wedi. Cekelen hasil risété, aja rundag. Yakin lan percaya, keampuhan donga kuwé bisa ngalahna sapa baé. Keampuhan lan keajiban donga, bisa mbuyarna pikirané menungsa. Wong pinter ndadak ora bisa katon pinteré sebab sing arané dedonga kuwé laka lawan. Ndilalah tiba baé, dalané dadi mulus laka alangan. Gén pengujiné tiba melas. Wis Mba, atiné digawé tenang baé. Mas Jon mbantu donga sing kadohan, insya Allah lulus!” Mas Jon nyembur kekuatan atiné Nur.
“Aamiin. Matur kesuwun Mas Jon!”
“Sami-sami.” Mas Jon mungkasi WA-nan. (@)
——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis.
Discussion about this post