BALIK ngumah kas liputan, Jon Dapuk kagét ora ketulungan weruh pengamén bareng bocah wadoné, ndéprok nang téras umahé. Barang disawang, kulung atiné ndadak kaya digebugi watu sagedé endas kebo. Atiné Jon Dapuk bener-bener nggrentes. Jon Dapuk ora pangling maring wong loro sing lagi kempas-kempis ngasoh nang ngarep umahé, ora liya maning jakwiré déwék. Sebut baé arané Jafar Kastubi lan bocah wadon kuwé jebulé anaké kang aran: Siti Martini.
Weruh jakwiré nglémprak nang téras umahé, Jon Dapuk langsung njagong njéjéri. Déwéké bener ngrajug sakuwat-kuwat nalika weruh nang adepané ana grobag dorong lengkap speaker lan microphone-né. Bab kuwé sing gawé déwéké kayong ora percaya lan pikirané kebek pitakonan. Ana kedadian apa sing lagi diranapi jakwir SMP-né?
“Nyong kepaksa njalani urip sing ora pernah tak sangka-sangka, tiba-tiba nyong kesérét ning kahanan sing kudu tak lakoni, Mas Jon?” Sonder ba utawané bu, Jafar umbar suara ndisiti Jon Dapuk pan mujar. Kepaksané déwéké kur meneng baé.
“Nyong yakin, ndeleng keadaané enyong kaya kiyé, nang pikirané Mas Jon musti héran. Kaningapa nyong ndadak dadi pengamén? Apa maning kowen, Mas Jon? Enyong déwék ora ngira dalan uripé nyong ndadak mbélok kaya kiyé. Selawas kiyé, apa Mas Jon pernah merbogi nyong nembang?”
Krungu omongané Jafar Kastubi, dadané Jon Dapuk rasané jontas. Apa sing diomongna jakwiré, ora mungkin kebantah gonéng Jon Dapuk. Déwéké babar blas ora pernah mergoki sing arané Jafar, nembang ning endi paran. Waktu déwéké sakelas karo Jon Dapuk ning SMP, Jafar paling gila adong ana pelajaran nyanyi. Bisa dikandakna, Jafar kuwé prototifé jakwir kelebu irit omong. Bocahé isinan gén wajar adong Jon Dapuk ndadak ngrajug weruh-weruh Jafar Kastubi dadi pengamén jalanan!
“Jan-jané ya Far? Ujug-ujug kowen dadi pengamén critané kepimén sih? Modal dagangané entong apa ana masalah liya?” pitakoné Jon Dapuk. Katon jelas suarané Jon Dapuk ngemu priyatin weruh kahanan sing lagi diranapi jakwiré.
Sing ditakoni ora agé-agé njawabi. Déwéké ngunjal ambekan latané lon-lon ambekané ditokna. Jon Dapuk ngrasakna kaya ana wilad mbelék kulung atiné.
“Enyong yakin, kowen musti ngarti. Ning waktu kiyé kawasan Alun-alun Tegal ngarep Masjid Agung lagi diruwag pan didadékna Taman Kembang. Gandeng ana revitasisasi awit kawasan alun-alun kosih tekan jalan Pancasila ngarep Stasiun Sepur, kabéh diruwag. Gén jalaran kuwé, atusan pedagang sing biasa mangkal ning rong wilayah kono, diusir kabéh. Babar blas kawasan ning kono ora kena kanggo dodolan pedagang K5. Saka kono asal-mulané atusan pedagang pating srebar golét pangkalan. Pisankala olih pangkalan, template nang mbang wétané éks gedung Bioskop Dewi ukurané saiprit. Kanggo ndalah brobog dagangané baé kayong beleh cukup. Ketambahan mangsané lagi pageblug Covid-19, arang-arang wong pada mampir ning panggonan dagangan. Ora satitik akhiré para pedagang pada ngalih enggon lan ora setitik gantri profési. Salah sijiné enyong kiyé kepaksané dadi pengamén jalanan. Tak wani-wani nyong nglakoni sing ora pernah tak lakoni. Sabisa-bisané nyong akhiré nglalu genau blajar nyanyi, modal utama dadi pengamén,” omongé Jafar. Nadané mirip keluhan campur sedu ngilu.
Jon Dapuk nyawang rai Jafar gumantung nang matané seglontor banyu bening ngambang kaya pan tiba, dadi gerimis banyu mata. Jon Dapuk ngerténi nasib ngilu sing saiki lagi diranapi jakwiré gegara panutan nomer siji ning kotané, lagi ngotak-atik kawasan alun-alun sing bakalé didadékna Taman Kembang. Alih-alih revitalisasi nang kawasan kuwé akhiré puluhan pedagang K5 banting setir, kedangsrakan golét pangan saketemuné. Salah sijiné Jafar Kastubi réla dadi pengamén dalanan, kliling kampung tut kampung gén kedangsrakan maring désa-désa bén kebutuhan uripé tetep jalan.
Sadurungé ana rag-reg nang kawasan kono, sadina-dina Jafar dodolan mi rebus karo bubur ayam awit jamané Walikota Tegal Adi Winarso karo Wakilé Dr. Maufur déwéké nggelar dodolané nang kono, laka rag-reg apa maning gusuran. Dodolan nang kawasan alun-alun kira-kirané wis dilakoni seprapat abad alias selawé taun. Biasané angger dodolan diréwangi Siti Martini kosih jam sewelas bengi. Saiki, pangkalan nang Alun-alun Tegal ora kena nggo dodolan kepaksané déwéké ngelakoni dadi pengamén.
“Nyong nglakoni dadi pengamén tembé saminggunan. Anak wadoné enyong kepaksa tak jak bén bareng-bareng olih penghasilan kanggo njajan anak-anaké, putuné enyong. Ringkes critané supaya kebutuhan keluarga anaké enyong bisa tetep ngebul. Angger ora obah, wong cilik ora bakal mamah!”
Alih-alih Jon Dapuk wis ora kuwat ngrungokna critané Jafar Kastubi, déwéké mlebu umah. Ora suwé metu nemoni jakwiré. Saka sak clané tangané Jon Dapuk njukut cut sing wis dibungkus amplop. Embuh jumlahé pira, asal cekat-cekut nang lemariné, cut sagegem diwadahi amplop langsung diwekena Jafar Kastubi.
“Tulung aja ditolak ya? Kowen kiyé jakwiré enyong awit sekolah ning SMP, ana krasané kowen nyong mélu priyatin. Adong sewaktu-waktu butuh apa-apa, aja sungkan-sungkan kowen teka méné ya, Far?” omongé Jon Dapuk sauwisé méin amplop.
“Mas Jon kayong répot-répot nemen sih?”
“Allahmdulilah ana rejeki, Far? Ning waktu saiki kowen kiyé lagi lakon uripé susah, dilakoni baé kanti ikhlas. Ujian urip kuwé macem-macem. Kaé sing lagi ngangga kuasa, jor baé wong lagi kedodokan kuasaan. Muga-muga baé kebuka atiné supaya duwé peduli maring wong cilik. Nduwé pengrasa lan duwé rasa!” omongé Jon Dapuk.
“Matur kesuwun Mas Jon. Awit gemiyén nyong dadi kancané Mas Jon nang SMP, sifaté kowen ora pernah brubah. Welasasihé kowen maring jakwir sapa baé ora baén-baén. Matur kesuwun Mas Jon, matur kesuwun…”
Sauwisé Jafar ngomong kaya kuwé, ndadak banyu matané sing ngendong nang pelapukané ora bisa kebendung maning. Lon-lon grimis banyu matané mili. (*)
——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post