BREBES – Nang wilayah Kedunguter Kecamatan Brebes, winginané ana warung bengsin eceran entong prontong dipangan geni, dina Minggu (26/9).
Kepala Satuan Polisi Pamong Praja Linmas dan Damkar Kabupatén Brebes Supriyadi ngomong, warung bengsin eceran sing kekobong nang Désa Kedunguter, Kecamatan Brebes kuwé ndéké Samsudin.
Dhéwéké ngungkapna, kedadénan awalé seka salah siji karyawan warung bengsin eceran ndéké korban sing nyabut saklar listrik kompa banyu. Tapi, pas kuwé metu pletikan geni lan nyamber maring solar sing lagi disimpen nang ruang tengah bangunan.
“Geniné sakleyapan ora bisa dikendalikna lan mrambat maring pom bensin mini sing ana nang ngarep bangunan,” jaré dhéwéké.
Untung laka korban jiwa nang njero musibah kobongan kuwé. Geni akhiré bisa disirep sawisé pirang-pirang mobil blangwir mudun. Lah, nek nggo total tunané ésih durung bisa diperkirakna.
“Karo direwangi masyarakat, Tentara, Polisi, anggota damkar seka Brebes lan Tegal, ora let suwé latané geni wis bisa disirepna,” pungkasé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post