TEGAL — Wong sing maling motor nang latar Masjid Al-falah Jl. Slamet Kelurahan Panggung Kecamatan Tegal Timur Kota Tegal, dina Minggu (11/10/2020) wingi akhiré dicekel polisi.
Kurang seka saminggu, pelaku Ain Nurifan (23) warga Kecamatan Moga, Kabupatén Pemalang kiyé akhiré dicekel dina Jemuah (16/10/2020) wingi sawisé aksiné kerekam kamera CCTV.
“Tim ngluncur sawisé olih informasi seka masarakat ngenani anané pelaku. Pelaku AN dhéwék ringkus pas lagi dina Jemuah (16/10/2020) sekira jam tengah sepuluh bengi,” jaré Kasat Réskrim AKP Syuaib Abdullah, makili Kapolrés Tegal Kota AKBP Rita Wulandari Wibowo.
Pelaku saiki lagi ndekem nang sel tawanan Mapolrés Tegal Kota lan lagi dilakoni penyidikan nggo proses hukum luwih lanjut. Barang bukti sing berhasil diamanna, sa unit motor Yamaha Mio J warna abang No Pol. G-5250-KZ, karo BPKB, kunci motor siji. Termasuk sa lembar surat bukti pelanggaran lalu lintas tertentu (tilang) No F 5154913 seka Polres Purbalingga, tanggal 12 Oktober 2020.
“Pelaku dhéwék dijerat karo pasal 362 KUHP karo anceman ukuman maksimal mang taun penjara,” pungkasé AKP Syuaib.
Dibritakna sadurungé, kasus curanmor molai rame nang Kota Tegal. Nang sadinane baé, ana 3 unit motor dicolong nang rong wilayah sing sejen. Yakuwé Kecamatan Tegal Timur lan Kecamatan Margadana.
Seka 3 peristiwa curanmor kuwé, 2 nang antarané kerekam CCTV. Aksi curanmor pertama kedadén nang Kecamatan Margadana. Nang njero rekaman CCTV, maling nggawa mlayu motor nang latar gedung sing ana nang pinggir dalan Pantura pas dina Saptu bengi (10/10/2020).
Latane, dina ngesuké pas dina Ahad (11/10/2020) awan, curanmor kedadén maning nang latar siji masjid sing ana nang Kecamatan Tegal Timur. Aksi maling kuwé uga kerekam CCTV.
Nang njero vidio kuwé, pelaku sing nganggo klambi lengen dawa warna biru lan clana putih katon meneng-meneng njukut motor matic sing keparkir. Mung rong menit tok, pelaku bisa nggawa mlayu motor kuwé.
“Kedadén telung curanmor nang Kota Tegal, loro nang Kecamatan Margadana, siji nang Tegal Timur,” jaré Kasat Réskrim Polrés Tegal Kota AKP Syuaib Abdullah, makili Kapolrés AKBP Rita Wulandari Wibowo nang Mapolres, dina Senen (12/10/2020).
Syuaib ngomong, pihaké ésih nglakoni pendalaman maring kasus kuwé. Polisi malah wis ngamanna siji barang bukti rekaman vidio CCTV nggo kasus curanmor nang Tegal Timur.
“Dhéwék ésih nglakoni pendalaman, lan dhéwék wis nemu barang bukti rupané CCTV sing nggambarna pelaku lagi nglancarna aksiné,” omongé dhéwéké. (*)
Discussion about this post