Kesektén Pecut Poligami – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Kesektén Pecut Poligami

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
13 September 2020
3 min read
0
Kesektén Pecut Poligami

Ilustrasi Poligami. Foto: Dok: Maulana Saputra/kumparan.

Share on FacebookShare on Twitter

ORA kaya biasané, rainé Kapér kayong mingat-mingut kaya ana sing dipikir. Bengi kuwé, Kapér ndadak anteng. Biasané slonang-slonong ndudut rokoké Jon Dapuk, saiki laka kebul ngglontor bas bus bas bus saka cangkemé. Bab kuwé sing ndadakena jakwir-jakwiré éram.

“Kowen jané lagi mikir apa Pér? Awit sing ngumah mbusleng baé. Pedaringané njempalik, laka berasé?” omongé Sidul nyoba ngorék pengangené Kapér sing naga-nagané lagi sruwang-sruwung.

Kapér ora iya ora embuh. Ditakoni kur meneng getem.

ADVERTISEMENT

“Ngomonga Pér, angger ora duwé beras, masakha jakwir-jakwiré ngejor. Dayik kaya motif batik beras mawur, mrengut baé. Urip aja digawé susah, wong wis susah. Ana apa dongé?” Darto nimpali omongané Sidul. Sing dimaksud tembung “Dayik” daning Darto artiné “Rai”.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

“Laka apa-apa, To.”

“Aja goroh. Énté genah kyéh, demenan maning?”

Diomong kaya kuwé, rainé Kapér sekonyong-konyong abang. Jakwir-jakwiré ngrasa omongané Darto bener.

“Bocahé meteng? Angger iya meteng, jagung bakarané. Wani nanggung perkarané. Bener meteng, Pér?” dedes Sidul.

“Sing meteng sapa? Ngomong aja gejar-gejur….” Kapér molai nyuara. Nadané culag, matané mendelik.

“Awit mau rainé ditekuk baé, ndelén ana apa? Ngomong, aja gawé bingungé jakwir,” Sidul ora kalah gras.

Sepi sakléndab.

“Coba Pér, ngomong. Adong ora duwé beras, kaé nang njero umah ana limang kilo gawanen,” Jon Dapuk molai angkat suara.

“Matur kesuwun Jon. Nang umah wis pepek kabéh. Mung…” Anjog kéné Kapér ngandeg omongan.

“Mung kepimén? Enyong karo jakwir-jakwir kekancanan awit SD. Ana lara krasané kowen, jakwir-jakwir mélu tandang. Ora bakal ngejor kowen nyangga susah. Wis ngomong apa anané, Pér. Aja dibekep gawé penyakit,” omongé Jon Dapuk.

“Kaya kiyé Jon. Ning dina-dina kiyé, nyong lagi kenang goda wong wadon….”

“Nah, bener kan omongané enyong?” Sidul medot omongané Kapér.

“Pangkaté wong wadon baé ka, digawé susah. Angger kowen demen, pan wani diwanéni sisan. Angger wedi, aja dolanan wadon! Sing utama bocahé gelem ora lan bojoné kowen nrima, toli pan apa maning?” omongé Darto. Ngobong.

Anjog nang kéné, Jon Dapuk tibané meneng. Babakan sing kaya kuwé dudu wilayahé. Déwéké kur-kuré ngrongokna apa sing lagi dibahas jakwir-jakwiré.

“Enyong kéder To. Pan tak pedot, enyong demen. Pimén ya?” Kapér kukur-kukur endas sing ora gatel.

“Enyong ngerti Pér. Kowen musti bingung soal poligami, kan?” omongé Sidul nyambung omongané Darto sekaligus nimpali omongané Kapér.

“Yaul, Dul. Solusiné pimén?” takoné Kapér.

“Kowen kudu duwé Pecut Poligami, Pér!”

Jakwir-jakwiré Darto ndadak mlongo. Matané mencilak.

“Apa kuwé?” Kapér mburu pitakonan. Naga-nagané kepéncut uga.

“Kowen pernah menangi wong angon bébék?” takoné Sidul maring Kapér.

“Pernah.”

“Nah! Kowen tau ngamati satemené ora?”

“Hubungané wong angon bébék karo poligami, apa? Énté aja ngawur, Dul?” omongé Darto ujug-ujug.

“Ééhhh… kiyé uwong. Coba perhatikna, wong angon bébék gawané kur pecut, gén bisa nggiring bébék atusan nurut kabéh. Apa maning kur bojo loro, cérém!”

Krungu penjelasané Sidul, jakwir-jakwiré pada kegugon tapi ujung-ujungé nyekakak.

“Biji satus kanggo énté, Dul. Énté dengarén cerdas! Wong angon bébék atusan, bébéké bisa nurut kabéh! Mung ana tapiné, Dul….” omongé Darto.

“Apa kuwé?” takoné Sidul.

“Angger Kapér poligami bisa adil béléh ya?” takoné Darto.

“Bisa! Gandéng urupé Kapér céngap-céngap, bojo siji ora mangan, bojo liyané uga ora mangan! Kaliren siji kaliren kabéh! Kuwé adilé Kapér! Hahahaha….” semauré Sidul.

Sekal kuwé, ora Darto ora Jon Dapuk ndadak nyekakak kabéh! Kapér cekelan batuk gén orabada cekakakak bareng.

“Wanyad ndéan! Wis lah ora sida poligami!” semauré Kapér. (@)

ADVERTISEMENT

—-

Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Lanang setiawan
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In