Ki Sebayu Umahé nang Endi? - Panturapost.com
Selasa, Juni 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Ki Sebayu Umahé nang Endi?

Wong jarnéné Sebayu kuwé tokoh Kota Tegal uga Kabupaten Tegal, ilokén laka peninggalan umahé?

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
28 Juni 2022
2 min read
0
Ki Sebayu Umahé nang Endi?

Patung Ki Gede Sebayu Tegal. (Foto: Google Maps)

Share on FacebookShare on Twitter

MAS JON pancén kritis. Ngunggah puisi Tegalan nang goup WA Republik Tegalan cukup menggelitik. Sidul, Kapér, uga Darto maca puisi unggahané Mas Jon penasaran por. Isi puisiné Mas Jon kaya kiyé:

Hai Ki Sebayu
Sampéyan duwé peninggalan
wujudé bendungan danawarih
Sampéyan uga dikubur nang danawarih

Pitakonané enyong mung siji
umahé sampéyan nang endi?

ADVERTISEMENT

Gubug apa magrong-magrong
musti ana tebaté
wong sampéyan pejabat téras

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Sung! Kayong ora mlebu nalar
angger sampéyan duwé panggonan!

Kuwé puisiné Mas Jon kang judul “Umahé Sampéyan nang Endi?” sing diunggah nalika jakwir-jakwir Mas Jon siap-siap pan mangkat maring umahé Mas Jon. Sadurungé wong telu mangkat, pikirané pada penasaran. Mung jalaran kepéngin pada genah kabéh, agé-agé wong telu rikat maring umahé Mas Jon.

ADVERTISEMENT

Gelisan cerita, wong telu anjog nang Gazébo pinggir umah Mas Jon. Panggonan biasa gendu-gendu rasané wong papat. Kaya biasané, Kapér sing ngerasa dadi Penyair Tegalerin langsung mujar pitakonan.

“Pikirané kowen bisa tekan samana adohé, dasaré apa, Jon?”

Kaya biasané Mas Jon kur meneng getem, sadurungé jakwir-jakwiré pada mujar pitakonan.

“Yanu maca puisiné énté, timbul pertayaan. Ide olih puisi kaya kuwé sing sapa?” takoné Darto.

“Wis lah… aja kesuwé. Cacak dijelasna, Jon. Umah Sebayu kuwé nang endi? Bisané laka tebaté? Apa umahé kegusur, apa sengaja diburak?

“Kanggoné enyong, wong jarnéné Sebayu kuwé tokoh Kota Tegal uga Kabupaten Tegal, ilokén laka peninggalan umahé?” omongé Sidul.

Gonéng jakwir-jakwiré, pitakonané Sidul kayong teliti nemen. Ora pranti-prantiné kaya kuwé.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi pitakonan jakwir-jakwiré, tangané ngangkat gelas isi inungan téh tubruk. Sauwisé dicecep rong tegukan, latané nyuled sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Jakwir-jakwir pada ilon-ilon.

“Enyong pan takon maring kowen kabéh, endi baé peninggalané Ki Gedé Sebayu?” Mas Jon nglémpar pitakonan.

“Bendungan Danawarih!” semauré Kapér.

“Kaya sing ditulis nang puisiné énté, tebat anané Sebayu kuwé jalaran ana kuburané nang Danawarih!” timpal Darto.

“Saiki enyong pan takon maring kowen kabéh. Bendungan nang Danawari jaréné gawéané Sebayu. Samana uga kuburané ya nang Danawari. Nah! Saiki umahé Sebayu, jaré kowen nang endi panggonané? Jal, digoléti, ana nang endi?”

Kanggo jakwir-jakwir Mas Jon, pitakonan kuwé gawé pikirané pada muter. Ujungé kéder kabéh. Babar blas ora ngerti panggonan umahé Sebayu ana nang endi.

“Nyerah, Jon! Embuh umahé Sebayu persisé nang endi,” omongé Kapér ngerasa kéder. Samana uga Sidul kambén Darto pada nyerah kabéh.

“Wingi nyong takon maring Kang Wibowo, salah siji warga kono sing kebeneran dadi pamong Desa Kalisoka. Jaré déwéké, umahé Sebayu ana nang kawasan Makam Anggawana. Sadurungé kawasan kuwé dibangun Masjid Anggawana, ana tumpukan batu bata. Jaré déwéké, kuwé bekas umahé Sebayu. Mungguhé enyong, jawaban kuwé ora mlebu nalar.”

“Bisané, Jon?” Kapér ngejar jawabané Mas Jon.

“Sebayu gawé bendungan nang Danawarih, dikubur ya nang Danawarih. Sénggané umah Sebayu nang Kalisoka, kuburané musti nang Makam Anggawana, wong umahé mégin nang kawasan Makam Anggawana. Lagian, Anggawana kuwé anaké Sebayu. Atawa, saora-orané bareng karo Radén Purbaya dikubur nang Makam Radén Purbaya. Wong Purbaya kuwé jaréné mantuné Sebayu.

“Kok kuburan Sebayu, misah déwék? Pertama, umahé Sebayu nang lingkungan Desa Kalisoka. Nang kono ana kuburan anaké, uga manbtuné. Tapi nyatané Sebayu dikubur nang Desa Danawarih. Jal, mlebu akal beléh?” Mas Jon nerangna ngalar-ngalar. Jakwir-jakwiré kur manggut-manggut rumangsa penjelasané Mas Jon bener-bener ora ngawur.

“Dadi genahé, umahé Sebayu embuh nang endi!” omongé Mas Jon nutup obrolan. (*)

———-
Lanang Setiawan, Novelis penerima Hadiah Sastra “Rancagé” 2011.

Tags: Ki Gede SebayuMociPatung Ki Gede Sebayu
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Generasi Muda Brebes Didorong untuk Kuasai Bahasa Lokal hingga Asing Sejak Dini
Tegal

Generasi Muda Brebes Didorong untuk Kuasai Bahasa Lokal hingga Asing Sejak Dini

5 Juni 2023
Kabar Duka, Seorang Calon Haji Asal Brebes Meninggal Dunia di Madinah
Brebes

Kabar Duka, Seorang Calon Haji Asal Brebes Meninggal Dunia di Madinah

5 Juni 2023
Sempat Kabur ke Hutan Salem Brebes, 1 Pelaku Curanmor Akhirnya Dibekuk
Kota Tegal

Polisi Tangkap Pelaku Begal Payudara yang Berkeliaran di Kota Tegal, Diduga Banyak Korbannya

5 Juni 2023
2 Pekan Harga Telur Ayam di Pasar Induk Brebes Naik Turun, Ini Penyebabnya
Brebes

2 Pekan Harga Telur Ayam di Pasar Induk Brebes Naik Turun, Ini Penyebabnya

5 Juni 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Mampir ke Tegal Kulineran, SBY: Saya Suka Sate Kambing Muda 

  • Kabar Duka, Seorang Calon Haji Asal Brebes Meninggal Dunia di Madinah

  • Cerita Abas, Petani Asal Desa Karangmangu Jadi Calon Haji Tertua dari Tegal

  • Irigasi Mengering, Satu Bulan Lebih Petani Bawang Merah Brebes Terpaksa Airi Lahan Pakai Comberan 

  • Warung Sate Cempe ECO Hadir di Tirus Tegal, Tawarkan Daging Kambing Usia di Bawah 6 Bulan

  • Sabet Banyak Penghargaan, Film “Mbutik” Brebes Tayang di CGV Transmart Tegal Mulai 1 Juni 2023

  • Video: Kisah Iman Syaefudin, Warga Tegal yang Sukses dari Jualan Bubur Bayi

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 57k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In