Kisah Mbah Manggéng Gang Mundu – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Kisah Mbah Manggéng Gang Mundu

Sebagian warga Tegal, Mbah Manggéng dipercaya sebagé tokoh pergerakan nalika zaman penjajahan Landa.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
8 Agustus 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

SEBAGIAN warga Tegal, Mbah Manggéng dipercaya sebagé tokoh pergerakan nalika zaman penjajahan Landa. Konon kabaré, déwéké seangkatan kambén Mbah Panggung. Kejaba kuwé, déwéké kasebuté Tumenggung Keraton Martalaya Martapura. Pejaratané kosih sapréné mégin dirawat nang komplék Pius. Tepaté nang Gang Mundu dalan Kaptén Ismail, Kecamatan Tegal Barat.

Miturut kepercayaan masyarakat kono, kharismatik Mbah Manggéng kejaba gigih nyebar agama Islam nang wilayah Tegal lan getol ngelawan Landa, uga duwé ingon-ingon kayadéné manuk, iwak, macan lan jaran. Mbuh bener mbuh ora, kéwan ingon-ingoné sokan ngatoni nang pejaratané.

Jalaran kharismatiké, saben wulan Suro, warga sekitar pejaratan nggelar haul Mbah Manggéng. Senajan tanggal uga wulan ninggalé ora nana sing paham, tapiné hajat kaul Mbah Manggéng tetep digelar.

ADVERTISEMENT

Bab omongan kuwé kawetu daning Jon Dapuk nalika jakwir-jakwiré kepéngin ngarti apa lan kepimén sosok Mbah Manggéng nalika mégin urip nang alam donya.

Baca Juga

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

Makna “Kacar Kucur” pada Ritual Pernikahan Jawa

30 Januari 2023
Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023

“Dongé sosok Mbah Manggéng kuwé sapa, Jon?” omongé Darto mbuka pitakonan.

“Waktu nyong nekani acara haul Mbah Manggéng, para narasumber sing tak takoni ora pada paham. Mung baé, warga masyarakat kono percaya adong Mbah Manggéng sawijiné Tumenggung Keraton Martalaya Martapura sing nguasai wilayah Kota Tegal,” jawabé Jon Dapuk.

“Apa bener Mbah Manggéng seangkatan karo Mbah Panggung?” takoné Sidul.

“Miturut si tukang crita, kaya kuwé.”

“Apa bener Mbah Manggéng tau mélu berjuang ngelawan Landa?” omongé Kapér karo kaya biasané tangané nyomot saeler rokoké Jon Dapuk.

“Sing jelas nyong ora weruh déwék. Tapi jaré wong-wong sekitar pejaratan Mbah Manggéng, moniné kaya kuwé. Enyong sebagé wartawan ora bisa ngarang. Tugasé wartawan kur nampung omongan narasumber,” jawabé Jon Dapuk diplomatis.

Krungu jawabané Jon Dapuk, Kapér manggut-manggut. Déwéké ora sanggup mbantah. Sebab Kapér ngerti, kerjané wartawan dasaré omongan narasumber dudu pengarang utawané penulis novel sing bisa ngréka-ngréka jalan crita. Pengarang paribasané “Tuhan” para tokohé, sedeng wartawan kur tugasé ngumpulna data sing ana nang lapangan kanggo bahan berita.

“Saclerengan, yanu tau krungu. Jaréné, jaran ingon-ingoné Mbah Manggéng, sikilé kur telu. Latané ingon-ingon macané kadangkala sokan ngatoni angger malem Jemuah Kliwon karo Selasa Kliwon. Kuwé bener ora Jon?” takoné Darto.

“Moniné kaya kuwé. Malah, Mbah Manggéng duwé Keréta Kencana sing sewayah-wayah mider-mider maring pusat perbelanjaan uga nang wilayah sekitar komplék pejaratané. Bener orané nyong durung pernah menangi apa maning tut-tak adep-adepan,” ujaré Jon Dapuk.

“Jebulé nang Tegal akéh wong sakti ya, Jon?” celetuk Kapér.

Jon Dapuk ora njawabi. Sebab ora weruh déwék. Bener apa orané, kari-kari man sapa uwongé sing pan ngandel kena, ora gén beléh apa-apa. Élmuné wartawan ora tekan mono-mono. Disipliné, nulis sing diomong narasumber. Sing penting, angger critané kemedol, bab kuwé sing dikejar.

“Trus ében uwong ngerti angger mbah Manggéh bener ana, cara mbuktikané pimén, Jon?” takoné Sidul.

“Ana crita ana kanda Dul. Jaréné, wong-owong sing bisa menangi cuman uwong sing duwé kelebihan élmu kebatinan. Kuwé baé kudu sing tingkatané duwur, mengko seliyané bisa meruhi Mbah Manggéng uga menangi kéwan ingon-ingoné Mbah Manggéng!” papar Jon Dapuk.

“Waduh! Angél temen mbuktikané ya?” gerutu Darto.

“Kowen ka pusing-pusing temen, To? Nggo mangan ésuk bé kedabélan, kaur-kauré mikir anjog mono. Urip wis kangélan aja digawé puyeng. Mikir sing wajar-wajar baé lah. Sing kaya kuwé gudu bagiané nyong kowen!” omongé Kapér radan waras.

ADVERTISEMENT

“Dengarén uteké énté radan waras, Pér?” senggak Darto. Orabada céngéngésan.

“Sikah!”

“Hahahaha….”

Jakwir-jakwiré nyekakak krungu jawabané Kapér radan ngodor. Jon Dapuk kaya biasané kur pésam-pésem.

“Wis yuh?”

“Wis yuh apa Pér?” Sidul nggoda.

“Jamé wis momod. Ora krasa jebul jam setengah loro!” omongé Kapér sambi ndeleng HP-né.

“Ya… Allah. Iya Pér, wis jam setengah loro. Pertemuan ditutup wis!” omongé Darto. (@)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Kisah Mbah Manggéng Gang MunduLanang setiawanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In