Kisah Nelangsa Sang Biduan – Panturapost.com
Selasa, Januari 31, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Kisah Nelangsa Sang Biduan

Bengi kuwé nang umahé Jon Dapuk ketekan wong wadon, biduan anyaran nang Tegal.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
14 November 2020
4 min read
0
Fénoména Sawér Ronggéng Milénium

Ilustrasi penyanyi dangdut. (Pixabay)

Share on FacebookShare on Twitter

EMBUH jalaran sokan maca tulisané Jon Dapuk nang kolom “Moci” Panturapost, bengi kuwé nang umahé déwéké ketekan wong wadon enom. Ngakuné biduan anyaran nang Tegal. Maring Jon Dapuk, déwéké ngenalna arané: Cahya Monika, asliné wong Jawa Timur tapiné waktu SMP tau manggon nang Kemandungan, Kota Tegal, mélu Budhéné.

Maksud tujuané Cahya Monika nekani umahé Jon Dapuk, babar blas beléh ngerti. Sing dingerténi Jon Dapuk, wong arané tamu wajib ditemoni.

“Ngapunten nggih? Bisané njenengan umahé enyong, Mba Cahya ngerti saking sinten?” Jon Dapuk mbuka omongan nalika wong loro njagong nang téras umah.

ADVERTISEMENT

“Owh njih Mas Jon. Sapisan nyong njaluk maaf mbokan ganggu Mas Jon lagi istirahat. Tekané enyong méné, dingerténi daning kancané enyong,” semauré Cahya Monika.

Baca Juga

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022

Sepintasan dedeg pengadegé Cahya Monika cukupan. Rambuté lurus dawa sapundak. Kulité kuning resik. Awaké seger naga-nagané sokan olah raga érobik. Mung angger dideleng matané kayong sayu kelu. Jon Dapuk ngerasakna batiné Cahya Monika kaya-kaya lagi kebubed masalah sing durung tuntas kawetu.

“Mba Cahya teka maring umahé enyong, jan-jané wonten nopo, mbokan baé nyong bisa bantu?” pitakoné Jon Dapuk.

“Matur kesuwun Mas Jon. Tekané nyong méné pan mbabar pangunek-unek sing wis suwé tak pendem, tapi suwé-suwé nyong beléh kuwat ngampet maning. Enyong duwé kepénginan Mas Jon gawé novél soal kisah uripé enyong, gandéng Mas Jon sokan nulis nang Panturapost gén sering nerbitna novél. Enyong ora pan njaluk royati, kejaba Mas Jon purun nulis kisah uripé enyong. Purun?”

Sewaktu Cahya Monika mbabar omongan kaya kuwé, pelakupan matané Cahya merkabak kaya-kaya pan mluntrahna tangis ngilu. Lon-lon Jon Dapuk ngunjal ambekan.

“Mba Cahya ora keberaten adong nyong nulis kisah uripé?”

Mbak tralap nang matané Cahya Monika ndadak ana sinar bungah. Tandané ora nampik angger kisah digawé novél.

“Mboten Mas.”

Sauwisé déwéké ngiyani, ora suwé déwéké mbabar kisah penguripané. Jaré déwéké, kaningapa déwéké nganti lunga saka Jawa Timura maring Tegal, ora liya jalaran wis ora kuwat urip beberengan karo lakiné.

ADVERTISEMENT

“Saluguné nyong ora kepéngin pisahan. Puluhan taun nyong urip umah-umah karo lakiné enyong, wareg ngenyam pait getir rumah tangga. Mung jebulé, langgeng orané wong rumah tangga kuwé dudu jalaran suwé orané umur bebojoan. Enyong gén akhiré mahami bab kiyé nalika lakiné enyong molai gampang nibakna tangan. Sitik-sitit plep, sitik-sitik plek.

Enyong nyoba nahan émosi supaya rumah tanggané enyong aja kosih bubar. Tapi kelakuané lakiné enyong tetep baé ora rubah. Enyong wareg dikasari, tapi enyong emoh mbales. Bén baé gusti Allah sing ngatur, nyong tibané nrima sabar sajeroné nandang urip kaniaya….”

Anjog nang kéné, banyu matané Cahya Monika ora sanggup dibendung maning. Bobol seketika banyu matané mili deres kaya gerimis mluntrah sekang langit. Weruh bab kuwé, Jon Dapuk tibané kur ngejor banyu matané Cahya Monika dléwéran. Kanggo Jon Dapuk, banyu mata wong wadon, sejatiné dudu tanda kelemahané wong wadon, tapi sebaliké dadi salah siji kekuatané wong wadon nalika déwéké lagi nandang duka nestapa.

“Saking ora kuwaté nyong nandang kisruh rumah tangga, nyong tau pan bunuh diri. Ping papat nyong mlebu rumah sakit jalaran ora kuwat nanggung beban urip umah-umah karo lakiné enyong. Tapi nyong akhiré mikir jero, nalika ngélingi anak-anaké enyong lan enyong duwé masa depan uga cita-cita demi anak-anak enyong mbésuk bisa ngrasakena urip bungah. Sabisané nyong pantang nyerah senajan uripé enyong dédél duwél. Tapi tékadé enyong kudu bangkit, berjuang mati-matian lan nyingkir misah karo lakiné enyong. Wongé sapa sing ora kepéngin urip seneng? Wis cukup nyong dilalari. Timbang nyong digawé lara terus-terusan, luwih apik pisahan.”

Karo ngrungokna keluhan lan tangisé Cahya Monika, tangané Jon Dapuk terus nyatet. Déwéké tetep ngejor Cahya Monika nudugna critané, gén Jon Dapuk emoh medot critané.

“Akhiré Mba Cahya lunga maring Tegal?” Jon Dapuk akhiré mbalang pitakonan nalika pasuryané Cahya Monika rada katon begér.

“Bener Mas. Nyong akhiré ninggal umah langsung maring Budhéné enyong. Waktu nyong teka ning Tegal, nyong kerja dadi baby sister. Enyong ngopéni jompo wong lanang loro kosih pitung wulan. Nalika nyong metu, majikané enyong ngalang-ngalangi sebab nyong wis dianggep cocok. Tapi nyong tetep metu latané nyoba dadi penyanyi. Dasaré waktu nyong cilik duwé kepinteran nyanyi. Nyong muji syukur, urip nang Tegal kanca-kanca pada apik maring enyong. Senajan penghasilané pas-pasan, nyong akhiré bisa kos déwék. Sing penting nyong diparingi séhat. Gedé cilik rejeki angger disyukuri dadi barokahé urip. Kiyé salah siji modal kanggo golét rejeki, Mas?”

“Mba Cahya kelebuné wong kuwat. Aja kosih nglinguk maning maring masa kepungkur sing gawé lelarané batin lan nyiksa penguripané Mba Cahya,” omongé Jon Dapuk méin semangat.

“Matur kesuwun Mas. Nyong duwé tékad ora pan ngélingi masa kepungkur. Nyong lunga sing ngumah, nggawa batin rodal-radil. Nyong berjuang mati-matian supaya batiné enyong wutuh kaya mauné. Sapisan-pisan enyong ora pan nglinguk maring masa-masa sing gawé uripé enyong kocar-kacir, Mas. Nang Tegal nyong kudu bisa mbuktikna maring bekas lakiné enyong supaya aja diina-ina! Minimalé nyong kudu duwé umah kanggo ngaub anak-anaké enyong bén mélu ngrasakna seneng urip karo Ibuné. Seliyané nyong dadi penyanyi, tak lakoni enyong nyambi dadi pelatih senam ning pirang-pirang panggonan. Hasilé sitik mboran, ora dadi masalah. Sing penting nyong bisa umpul-umpul kanggo tuku umah. Kira-kira kisah uripé enyong kaya kuwé Mas Jon?” omongé Cahya Monika nutup kisahé.

Sauwisé Jon Dapuk ngrungokna critané Cahya Monika, déwéké duwé simpulan. Nandangi wong wadon kuwé aja nganggo okol, tapiné kudu nggunakna welasasih gandéng wong wadon kuwé dicipta Pengéran bahané nganggo rusuké wong lanang kang béngkok. Mangkina dipetek-petek, ora sangsaya lempeng malah dadi tugel prel! (@)

——
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: BiduanMoci
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In