Rabu, Januari 27, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Kisah Ngenes Pundén Desa Cangkring

Crita legenda sing ana nang désa-désa kadang njuweti, ngenesi, uga lucu.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/13 9:14pm
4 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

99
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

NYUNTUKI crita legenda sing ana nang désa-désa kadang njuweti, ngenesi, uga lucu. Sing njuweti ana tokoh siji bisa nang endi paran adegé wilayah. Sing ngenesi ana legenda wong mlarat ora wenang kawin karo wong wadon sing kaluwargané sugih. Sing lucu, samestiné wong lanang nglamar wadon, malah kwalik wadoné nglamar wong lanang sing didemini.

“Kuwé legenda nang désa apa, Jon?” takoné Sidul nalika Mas Jon mancing omongan salah siji désa nang wilayah Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal.

Kaya biasané adong jakwir-jakwiré durung pepek mbalang pitakonan, Mas Jon ora gelem njawabi.

“Ader ana pristiwa sing kaya kuwé, Jon?” Kapér nyambung omongané sidul.

Baca Juga

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

27 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung

23 Januari 2021

“Selawas uripé yanu, tembé krungu crita kaya kuwé, Jon?” Darto nglengkapi pitakonané jakwir-jakwiré.

“Ana.” Cekak aos Mas Jon njawabi.

“Ndelén crita Jon,” ujaré Kapér.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon crita, déwéké ngangkat cangkir isi wédang téh poci, sauwisé latané nyeruput rong cecepan gén déwéké ndudut sigarét. Kaya biasané tangané Kapér nyomot saeler rokoké dékéné Mas Jon. Darto karo Sidul mélu-mélu ndudut rokok saeleran.

“Crita legenda kiyé anané nang Desa Cangkring, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal,” Mas Jon molai mbabar crita.

“Alur critané pimén?” Sidul ora sabaran.

Alkisah, omongé Mas Jon, Desa Cangkring mbiyén-mbiyéné alas gledegan durung diambah jalma menungsa. Ana sawijiné wong sing disebut Mbah Sengari alias Mbah Pungan, duwé niat mbabad alas sisih wétan. Wulan-wulanan déwéké negori wit-witan jati uga mbabad alang-alang kosih kahanané padang jembrang dadi perkampungan sing saiki diarani Dukuh Cangkring Wétan.

Anjog nang kono déwéké ndadékna sawiji perkampungan. Mung usahané déwéké ora saterusé malah diserahna maring adi wadoné, arané Radén Ayu Karsilah. Déwéké ora ngrubah lan nambah kasil garapané kakangé, kejaba mbuka lahan anyar nang sisih kulon. Misah sekang Dukuh Cangkring Wétan. Sauwis mbuka lahan anyar diarani Kampung Kaloran.

Ora kur nang kono gél, déwéké mbuka maning perkampungan sisih kidul. Kambén golét ilham, déwéké ngaso idep-idep golét aran wilayah sing tembé dibuka. Lagi tengak-tenguk déwékan, Radén Ayu Karsilah ngademna pikir, ujug-ujug pengangené kélingan sewaktu mbuka wilayah kuwé pirang-pirang wit cangkring.

“Gonéng Radén Ayu Karsilah latané diarani Desa Cangkring, Jon?” Sidul nebak arah critané Mas Jon.

Mas Jon mantuk.

“Trus pimén?” lanjut pitakoné Sidul.

Mas Jon crita, sauwisé Desa Cangkring ngadeg, wong seka ngendi paran pada manggon nang kono. Saterusé Radén Ayu Karsilah mbuka maning kampung cilik sing luwih adoh. Tresé nang sisih kulon Desa Cangkring, wilayah sing tembé dibuka diarani Kampung Ngemplik.

“Radén Ayu Karsilah paribasané laka ‘wudelé’ ya Jon? Wong wadon déwéké mbuka wilayah saporét ambané.” Kapér nyeletuk nugel Mas Jon crita.

“Ya…. demi anak cucu. Kesel-kesel mboran dilakoni.”

“Takon Jon, anjog crita wong wadon nglamar wong lanang endi?” ujug-ujug Darto mélu-mélu rumil.

“Critané selawasé Radén Ayu Karsilah mbuka wilayah, déwéké sokan lirén nang pinggir kali. Tepaté nang ngingsor wit gedé tur rindang. Waktu samana, wilayah sing nggo lirén jebulé wis dibuka gonéng Radén Bakat. Weruh wong lanang bagus, atiné Radén Ayu Karsilah ser-seran. Suwé-suwé jalaran sokan ketemu, déwéké demen. Saben dina déwéké njagong nang ngingsor wit, senajan kur pan nyawang Radén Bakat sekang kadohan.

Suwé sangsaya suwé déwéké kédanan. Mung baé déwéké ora sanggup nglamar. Masalahé, déwéké kudu méin mas kawin. Gedé mas kawiné separoh désa sisih kidul. Kuwé syaraté angger déwéké kepéngin dadi bojoné Radén Bakat.

“Kayong nyara ta nyarah ya Jon? Demen wong lanang saraté adeb. Separo tlatah désa dadi tanggungan,”omongé Sidul.

“Jaman samana ndéané umumé wong wadon kudu nglamar wong lanang. Pan kepibén maning, ya Jon?” Kapér ndisiti Mas Jon pan njawabi lan orabada njaluk pendapat. Jakwir-jakwiré Mas Jon kadang kala metu compongé. Mung bab kiyé sing gawé rahaté kekancanan.

“Saluguné, Radén Bakat uga ngakoni adong Radén Ayu Karsilah pancéné ayu. Mung jalaran salah siji sikilé ana belangé, ndadak Radén Bakat gawé alesan réka-réka….” mujaré Mas Jon ora ngurusi omongané Kapér.

“Sauwisé lamarané ditampik, nasibé Radén Ayu Karsilah pimén?” takoné Darto.

“Ya… pada baé waktu kowen ditolak cintané karo wong wadon sing didemeni, prasaané kowen pimén? Waduké lara ora?” Mas Jon balik takon.

“Lara uga mrina!”

“Nah kuwé sing dirasakna Karsilah, sampé-sampé déwéké putus asa. Mulané kuwé, wilayah sewaktu déwéké ngelamar saikiné diarani Kampung Tanggungan. Artiné mas kawin.”

“Sawisé wurung mbojo karo Radén Bakat, Karsilah mblandrang maring ngendi, Jon?” Kapér mbalang pitakonan.

“Saben dina déwéké tengak-tenguk nyéndér nang wit préh. Suwé-suwé awaké entong lan akhiré mati ngadeg. Penduduk désa Kaloran karo Tanggungan sing meruhi déwéké ora nana, pada rebutan jenazahé. Masing-masing kepéngin jenazah Karsilah dikubur nang wilayahé. Mung akhiré rong penduduk kuwé, sepakat jenazahé Karsilah dikubur nang wilayah sing pertamané dibuka déwéké. Makam kuburé gonéng penduduk Desa Cangkring diarani Pundén Nyai Putri Radén Ayu Karsilah.” Mas Jon nutup crita legenda kuwé.

“Kayong ngenes krungu critané, Jon?” Mujar Kapér karo Sidul. Sedeng Darto, matané awit mau mbrebes mili. Bener-bener Darto ora kenanan krungu crita nelangsa. Dasar mata yuyu sokan nangisan! (@)

——–
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novelis.

Tags: Desa CangkringMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan
Moci

Mas Jon Ditangisi Kinasih Dewi Rembulan

27 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Uteké Wong Tegal Pancén Laka-laka

26 Januari 2021
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Dasar Kapér Wanyad

25 Januari 2021
Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis
Moci

Nglukis Mardiyah Digubed Énérji Mistis

24 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dicucus Ramé-ramé nang Rést Aréa Banjaratma, Prawan Umur 16 Beraraun

  • Sawisé Nabrak Trek, Motor Scoopy Dihampad Mobil Avanza Nang Ngarep Pom Bensin Cabawan

  • Mblunat! Bapa-bapa Nang Banjarharjo Kolu Nyabuli Tanggané Dhéwék Nganti Papat

  • Alesan Bapa-bapa Nang Brebes Nyabuli Anaké Tanggané, Merga Ditinggal Bojoné Kerja Nang Arab

  • Gadis 16 Tahun Digilir di Rest Area Banjaratma 7 Bulan Lalu, Pelaku Belum Ditangkap

  • Tabrak Truk yang Melintang di Depan Pom Bensin Cabawan, Pengendara Sepeda Motor Luka Berat Dihantam Avanza

  • Kepergok Curi Bawang 75 kilogram di Brebes, Warga Tegal Ditangkap

MEDIA SOSIAL

  • 122.2k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X