ORA murid ora wong tuwa uga guru, pada judeg kabéh. Murid kepontal-pontal. Pelajaran sekolah nganggoné daring. Sing ngenes maning adong wong tuwané uripé pas-pasan ora kuwat tuku HP. Nguja-nguja teka maring sekolahan déwékan kayong abot-aboten. Kuwé ngangluhé murid.
Sawetara ngangluhé guruné ora kurang-kurang. Saben ésuk gantian afsén teka ning sekolahan.
“Teka maring sekolahan, kelas suwung laka murid. Pan mulang laka bocah. Kangen maring suara juwawakané bocah-bocah sing mbedud, playon nang njero kelas laka murid.
Ngodor ta ngodor maring lakuné bocah-bocah angger pada gréjagan nang kelas.
Barang rong taun ora ketemu murid, saiki tembé ngerasa yén ana murid mbedud, kena nggo hiburan. Enyong kangen gén kabéh kanca uga samana uga.”
Kuwé keluh kesahé Bu Yoga, guru SMP Negeri 4 Kota Tegal nalika njawab pitakonan Mas Jon, gandéng sambung rapeté rong taun ora ketemu murid-murid.
Waktu kuwé, Mas Jon wawancara karo Bu Yoga panggonané nang téras kantor sekolahan ngadepi lapangan olah raga. Wong loro cangkemé dibrongsong masker.
“Apa maning sing dadi angluhé guru-guru, Bu Yoga?” Mas Jon mbalang pitakonan.
“Saluguné guru-guru luwih
seneng mulang nang ngarep kelas ngadepi bocah-bocah. Ngodor lumrah, enek ya biasa khususé maring bocah sing pelajarané kendo tapi créngkéng. Mung ing kaya kuwé dudu masalah, wong tugas guru ya
tujuané gawé bocah sing durung paham supaya paham.”
“Dadi ora masalah adong ngadepi murid sing kendo nang pelajaran tapiné mbedud ya Bu?” takoné Mas Jon.
‘Mboten, Mas. Mung ana pengalaman sing gawé nyong njelu,” omong Bu Yoga.
“Napa, Bu?”
“Yakuwé nalika wayahé ujian, ana bocah loro HPné babar blas ora aktif.
Enyong dadi klabakan. Lapor maring Kepala Sekolah, bocahé dikon parani umahé….” Anjog nang kéné, Bu Yoga ngatur ambekan. Sauwisé ambekané logro, déwéké nerusna omongan.
“Gelisa crita nyong maring panggonan umahé, jebul déwéké lagi turu. Barang lawangé tak dodog-dodog, déwéké tembé tangi turu. Bocahé tak takoni, bisané
ora mélu daring tésting kenangapa? Jawabé HPné dékéné bapané gén digawa nyambut gawé.
Pan séwot kepimén pan ora séwot kepimén. Tibane kur ngelus dada,” omongané Bu Yoga ngémuti jaman tésting kelulusan murid-muridé.
Mas Jon nutup wawancarané ngémuti Bu Yoga pan rapat guru-guru.
(*)
——-
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé 2011”, uga novelis.
Discussion about this post