NGRUNGOKNA crita kodrah bekel zaman gemiyén, rasané adem ayem. Laka ribut laka oreg. Ora nganggo cut apa maning kosih srimpung-srimpungan antarcalon bekel. Sedulur tetep sedulur, kanca batir tetep akur senajan béda pilihan.
Kodrah bekel zaman gemiyén ora ungsum tukaran. Warga masyarakat sing milih tetep guyup rukun. Pendukung calon sing kalah ora kosih réang nganti ngudat-udat ning pelandratan. Sesrawungan antarpendukung jagongan bareng karo nyambi médang sauwisé coblosan. Péndéké, aman terkendali.
“Sing kaya kuwé zaman taun pira, Jon?” takoné Sidul nalika nang bengi kuwé Jon Dapuk kanda-kandanan perbédaan antara kodrah bekel zaman kuna kambén zaman saiki. Panggonan gendu-gendu rasa jakwir-jakwir Jon Dapuk, kaya biasané nang Pos Ronda.
“Persisé embuh taun pira. Jelasé baé, sistem pemerintahan nalika zaman kerajaan, masyarakaté ngerti tatakrama. Emoh bengkerengan, emoh nganggo duwit. Sebab sing arané duwit, ndadékna pecahé sedulur. Crahé kanca batir,” omongé Jon Dapuk.
“Sing kaya kuwé anané nang désa apa, Jon?” takoné Darto.
“Rata-rata désa nang zaman samana, nglakoni kuwé. Calon bekelé ora sikut-sikutan tur ora gelem sogok-sogokan. Kabéh nganggoné asas jurdil; jujur lan adil. Pemilih karo caloné bener nggatékna aturan, dadi ora ribu.”
“Béda adoh karo pemilihan zaman saiki ya Jon?” takoné Kapér karo nyambi nyomot saeler rokoké Jon Dapuk. Langgan lawas.
“Bener Pér. Wong gemiyén karo wong saiki béda. Wong saiki sakalé pendidikané duwur paribasané nyundul langit, tapi méntalé jeblog! Ana aturan tapi diterjang! Adong ora maén sogok kayongé ora marem!” omongé Jon Dapuk.
“Nyong déwék kadang éram maring tingkah lakuné para calon. Termasuké masyarakaté samana uga. Seneng duwit lan seneng disogok!” ujaré Sidul.
“Jaré enyong tergantung masyarakaté, Dul!” omongé Kapér.
“Kuwé rata-rata ning zaman saiki, Pér? Masyarakat karo caloné ngablu kabéh!” timpal Darto.
Jon Dapuk kaya biasané angger jakwir-jakwiré pada débat déwék, kur cuwék-bébék. Maksudé dijor anjog endi jakwiré duwé wawasan lan adu arguméntasi. Kanggo Jon Dapuk, ningkatna kecerdasan jakwir, salah sijiné saling adu pikir. Bab kuwé sing diajarna déwéké nalika jakwiré ngumpul nang Pos Ronda sepanjang obrolané ora ngablu.
“Angger enyong béda, To. Masyarakat ora bakal maén curang sadurungé dicurangi. Sebab apa? Wong gemiyén jujur-jujur lan wedi dosa. Wong saiki, dosa kaya nggo jambalan!” ujaré Darto.
Sakléndaban suasana nggetem laka suara.
“Ngomong-ngomong,” Kapér mecah kahanan sepi liti, “Désa sing masyarakaté ora seneng ribut-ribut angger ana kodrah, désa ngendi, Jon?”
“Sing tak kandakna enyong kodrah bekel zaman gemiyén. Contoné nang Desa Pagerwangi.”
“Désa ngendi kuwé, Jon?” pitakoné Sidul ndisiti omongané Kapér sing klenggad-klengged ari pan ngomong, akhiré disambér.
“Desa Pagerwangi kelebuné nang wilayah Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal. Kodrah bekel ning désa kono, para pemilihé cukup nyikep maring calon bekelé. Sapa sing dérétané paling dawa, kuwé sing dadi!”
“Wah! Cukup unik ya Jon?” omongé Darto.
“Dadi ora nganggo nyoblos blangko suara, Jon?” sambung omongané Sidul.
“Ora. Cukup nyikep calon bekelé.”
“Nang liya désa ya ana sing model kaya kuwé, Jon?” takoné Kapér.
“Ana tapi béda cara. Milih bekelé kur nganggo cara runtung.”
“Maksudé runtung, apa Jon?” Sidul ngejar jawabané Jon Dapuk.
“Prosési pemilihan bekel, para pemilih mung runtung nang ngarep tongkat sing pucuké ana ara calon bekelé. Nah, sing runtungé paling dawa, kuwé sing dadi bekel. Praktis, unik tur ora buang-buang cut. Apa maning sogok-sogokan! Kabéh transparan, jujur uga adil!” ujaré Jon Dapuk.
“Kuwé dijamin aman?” takoné Kapér.
“Aman Pér. Lubar pencoblosan, masyarakat tetep akur. Kanca batir ora saling musuhan. Sedulur tetep sedulur senajan béda pilihan. Sebab wong gemiyén nganggoné kejujuran, ora maén intik apa maning jégal-jégalan. Sing digoléti dudu cut, tapiné amanah! Lubar coblosan rangkul-rangkulan. Ora sengit-sengitan, ora dendam-dendaman. Kabéh calon ridho kalah, ridho menang! Kiyé sing arané démokrasi sejati!”
“Luar biasa!” omongé jakwir-jakwiré Jon Dapuk serempak. (*)
—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post