DINA Senen Pon wingi, tanggal 17 Januari 2022, aku olih undangan saka panitia ulang taune Kabupaten Brebes. Panggonane ning Pendopo Bupati. Acara diwiwiti jam sanga esuk. Sing teka yakuwe wong-wong sing tau dadi Bupati utawa Sekretaris Daerah nang Kabupaten Brebes. Lamon kanggone sing wis ninggal, sing diundang keluarga utawa brayahe. Uga ana tokoh masyarakat, Ketua DPRD, karo pejabat liyane.
Acara sing tujuane kanggo temu kangen nyambung tali silaturahim, jare Bupati Kabupaten Brebes taun 1994-1999 Bapak Kolonel (Purnawirawan) H. Syamsuddin Sagiman, sing didaulat daning panitia kanggo ngewakili para bupati utawa keluargane, kuwe gawe bungah apa maning bisa teka karo anak mantu terus putu, buyute, deweke pesen supaya kabeh anggone kerja diniati ibadah, sebab kabeh supaya pada eling yen urip ora mung nang dunya kene, dadi endah barokah dunya akherat.
Karo ngelingna wasiate Pangeran Mangkunegara I, “rumangsa melu andarbeni, wajib melu angrungkebi, mulat sarira angrasa wani”, maring kabeh pejabat sing pada teka, supaya pembangunan ning Kabupaten Brebes tambah apik, kaya apa sing dadi tema Hari Jadi Kabupaten Brebes kaping 344 “Menyatukan Sinergi, Mengembangkan Potensi, Menuju Kabupaten Brebes yang Tangguh dan Gemilang”. Syarate nggo ngewujudna kuwe, ora liya kudu nduwe lelaku brayan karo ulama, aparat-pejabat, pengusaha, konglomerat, terus kudu apik endah olih dongane wong mlarat. Sebab, jejege jagad disangga daning papat: ulama, umaro, aghniya, fuqoro.
Indra Kusuma, S.Sos., Bupati Brebes taun 2002-2007, uga mein kalam silaturahim, ndongakna muga-muga Kabupaten Brebes sing saiki esih dipimpin daning Ibu Hj. Idza Priyanti, S.E., M.H., karo wakile Bapak Narjo, S.H., M.H., tambah apik, tambah mencorong, kaya temane dina dadine Kabupaten Brebes sing endah tambah “tangguh” karo “gemilang”. Terus, deweke karo guyon, “aja klalen, kiye mengko nang acara temu kangen ana sing pan mbageni angpau utawa amplop sukuran. Dadi, endah luwih jelas, aja maen bureng”. Krungu omongan sing lucu, kabeh pada melu keprok, Pak Indra uga pesen endah pas waktu kiye lagi akeh investor sing pada teka maring Kabupaten Brebes supaya wong sing gawe ijin usaha kudu digampangna, sing penting endah melu aturan, apa maning Ketua DPRD-ne, Pak Taufiq, S.Sn., uga pas teka.
Mas Daniar sing bagian umum, nyateti sing pada teka, ning antarane: Keluarga Bupati H. Syafrul Supardi sing diwakili Mas Jarot, Ibu Hj. Hardono, Ibu Hj. Sri Waryanti Tajuddin Noor Aly, Bapak Tri Haryono karo bojone, semono uga Bapak Budi Wibowo uga teka karo bojone, Keluarga Bupati K.H. Syatori, Mantan Sekda Bambang Muryantono karo bojone, Emas Toni Ezam, tokoh pengusaha H. Muhadi Dedy Jaya, Hj. Rokayah Dewi Sri, terus tamu-tamu liyane sing Forum Komunikasi Pimpinan Daerah Kabupaten Brebes, uga teka Bupati Kabupaten Pemalang sing aran sabenere Mukti Agung Wibowo, S.T., M.Si, tapi ditulise salah, yakuwe Mukti Adi Wibowo (mulane anjoge kayong radan telat?) tapi Ketua Panitia Temu Kangen Mas Warsito Eko Putro barang dijelasna aran sabenere, langsung njaluk pangapura. Mas Agunge njawab, “ya wis … ora papa. Wong ora sengaja”.
Aku dewek sing olih undangan lewat WhatsApp, karo guyonan ngirim pitakonan, “kiye, aku, wong pangsiunan olih undangan lewat WA, sah apa ora?”. Sing dijawab goning Mas Daniar, “ora papa, Pak. Teka bae. Wingi lagi panitia anjangsana maring Pak Syamsuddin, Pak Atmo diarep-arep bisa nemoni”. Akhire aku njawab, “ya, wis. Insya Allah aku teka. Niat nemoni wong tuwa sing tau nduwe jasa apik maring Kabupaten Brebes”. Karo aku mbatin nang saiki wis ana Undang-Undang Nomor 30 Tahun 2014 tentang Administrasi Pemerintahan pasal 38 ayat (3) “Keputusan Berbentuk Elektronis berkekuatan hukum sama dengan Keputusan yang tertulis dan berlaku sejak diterimanya. Keputusan tersebut oleh pihak yang bersangkutan”.
Ora suwe maning, nang hapene enyong uga ana ucapan selamat sing sesepuh KPMDB Jogjakarta sing saiki dadi profesor nang Universitas Gadjah Mada, Prof. Dr. H. Suwarno Hadisusanto. Sing isine “tulung disampekaken salam kanggo Ibu Bupati karo wakile, yen aku melu ndongakna Kabupaten Brebes luwih maju kaya apa sing dadi cita-citane. Pangapurane, aku klalen ora ngirim karangan kembang”. Semono uga putra (alm.) H. Suwardi Wiryaatmadja, sesepuh Kabupaten Brebes Profesor H. Bambang Purwantara, M.Sc., Guru Besar sing saiki esih mulang nang Institut Pertanian Bogor.
Nang silaturahim temu kangen, jebule akeh ilmu sing manfaat kanggone umat, ora kurang Bapak Dr. H. Rasipin uga mein informasi manfaate obat herbal sing ora abot biayane asal kiyeng utawa telaten nggawene. Endah awake bregas, matane awas, uripe waras bisa luruh beras, bisa melu mbangun Kabupaten Brebes Berhias, yakuwe nganggo oyode kunir, temulawak, seréh, karo jahe, ditambah kayu manis, godong salam, godong jeruk; diiris-iris, digodog suwene antara sepuluh menit, banyune siji setengah liter. Bahan-bahan kuwe akeh tur gampang digoleti ning Kabupaten Brebes.
Krungu resep sehat murah meriah sing Dr. H. Rasipin, aku melu mbatin, “eeehhh … jebule, obat herbal wis suwe ana ning Kabupaten Brebes”. Buktine, lagi Kaki Setomi karo Nini Setomi ngusir virus penyakit sing ora katon, nganggone bawang karo srimpang jahe. Obat kuwe jebule ora sepele. Jare wong Bumiayu, sing ahli biologi nang UGM, Prof. Dr. Suwarno Hadisusanto, “bakteri tidak tahan dengan bau bawang”. Olih isine WA sing kaya kuwe, aku donge pan takon maning, klebu nggo ngusir virus Omicron, Prof? Tapi, keburu anake aku takon, “Pah, RSUD Kabupaten Brebes arane RSUD apa? Dr. Nazaruddin?”. Aku njawab, “iya, donge tah kiye pumpung nang acara ulang taune Kabupaten Brebes sing kaping 344. Tapi sing gampang bae. Wong nganti saiki durung ana arane, dadi RSUD-ne ‘DUYUNG DAYANI’”.
Dina Selasa Wage, tanggal 18 Januari 2022 jam 07.38, aku mbuka WA, jebule olih pesen sing Pak H. Syamsuddin Sagiman, kanggo nyambung silaturahim, sambi njelasna bisane nulis judul “Wisik Nyai Setomi Di Saat Kabupaten Brebes Memperingati Hari Jadi”, isi WA-ne: “Dik Atmo, Dik Agus Dik Ayub, saya mengharap bisa makan bersama jam 12.00 di RM BEBEK CUBIT di Tegal”. Aku mbalesi, “insya Allah, kami usahakan bisa menyertai”.
Muga kabeh brayah pada wareg mangane, golong pikirane, semanak, santun, seimbang anggon ilmu karo lakune. Matur nuwun, Ketua Panitia Hari Jadi Kabupaten Brebes kaping 344, muga barokah, sehat wal afiat, manfaat kanggone umat. Al Fatihah! (*)
Atmo Tan Sidik, Pembina Rumah Literasi Waskita
Discussion about this post