Kolom Kolam: Mbayar Kupat Bongkoke Nganggo Duwit Palsu – Panturapost.com
Selasa, Mei 17, 2022
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Kolom Kolam

Kolom Kolam: Mbayar Kupat Bongkoke Nganggo Duwit Palsu

Atmo Tan Sidik by Atmo Tan Sidik
4 Januari 2022
3 min read
0
Kolom Kolam: Mbayar Kupat Bongkoke Nganggo Duwit Palsu
1.3k
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter
ADVERTISEMENT

Dina Slasa Kliwon, jam wolu esuk, tanggal 4 Januari 2022, kaya biasane sawise pragat maca koran, aku karo bontot wadon, Nabila Arifani Arizka, sing lagi pas ning umah, sebab tugas nyusun skripsi sing judule “Peran Representasi Budaya Kemiskinan dalam Film Turah terhadap Kesadaran Pemberdayaan” ning UGM Yogyakarta, mlaku-mlaku maring Jalan Kartini nomer 33, nggoleti kupat bongkok, sing manggone kulone umah dinese Wakil Walikota Tegal. Angger jam 6 esuk, Pak Karyoto pancen mangkal utawa dagang manggon ning kono nganggo motor ‘Supra X’ taun 2002. Plat nomere ‘G 3934 HP’. Wonge ramah, akeh meseme, sabar ari nglayani.

Aku pas lagi mangan kupat bongkok, jebule karo mesem-mesem, Pak Karyoto sing asale Desa Kaligayam, Kecamatan Talang, Kabupaten Tegal, crita yen deweke tembe olih ujian, nampani bayaran duwit 50.000-nan palsu. Deweke barang mikir-mikir asal-usule, biasane waktu akeh runtungan wong sing pada tuku nang dina Minggu, dadi ora patia ditliti sing nemen, sebab sangkin bantere anggon nglayani wong sing pada antri njaluk cepet.Pak Karyoto tembe sadar, lagi ana tarikan duit arisan keluarga, jebule sing nampani tliti, “kiye kayonge duwit palsu”, karo nuduhna ciri-cirine. Krungu kaya kuwe, Pak Karyoto nggyayap, kaget, tapi ora kakehan omong, langsung ngganti duwit sing asli.

Untung bae bojone Pak Karyoto sing arane Ibu Waryuni, ora curiga maring bojone yen duwite bar nggo sing ora-ora. Rupane, pancen rumah tanggane katon berkah, adem, gayeng, sing basane penghulu, dadi‘keluarga sakinah, mawaddah, wa rohmah’. Sebab, rumah tanggane wong loro mau pancen bareng-bareng duwe tekad endah duwe anak sing soleh solihah. Mulane, deweke nduweni keyakinan asal nafkah utawa rejeki sing nggo mbiayani bocah kudu asal sing tetese kringet, rejekine halalan thoyyiban. Pasangan Karyoto-Waryuni, crita duwe anak loro sing siji wadon, arane Ade Rizqi Wulandari, wis tamat sing SMK, sijine maning anak lanang, arane Faisal Nabil umur 14 taun, saiki lagi mondok nang Kaliwungu, MTs wis kelas telu.

ADVERTISEMENT

Sing nggawe wong sing pada tuku eram, Karyoto ngadepi goda duwit palsu sing ora kena nggo tuku pulsa, ngarepe wong sing pada tuku sing takon komentare, “piben, sampeyan ngadepi kupat bongkoke dibayar duwit palsu?”. Karyoto sing karo bojone njawab, “nggih, mugi-mugi tiyang niku sadar, eling wedi maring dosa”. Sing tuku ana sing nambahi omongan, “ya … keterlaluan. Wong bakul kupat bongkok diapusi nganggo duwit palsu. Jumlahe nganti eketan ewu. Padahal, rega samangkok kupat bongkok 5.000. Kuwe wis enak, sebab wis ana lontonge, tauge, sambel, kecap cap kambing, tempe pesing, karo mi ciplok”. Rasane kupat bongkok pancen sedep, buktine Mas Nursidik Soleh Anwar, sing luwih kondang olih juluk Um Sengsong, lamon mangan bisa kuwat telung pinggan.

Baca Juga

Halal Bi Halal SMA 1 Angkatan 1980 Nginunge Banyu Zamzam

Halal Bi Halal SMA 1 Angkatan 1980 Nginunge Banyu Zamzam

10 Mei 2022
Filem Turah sing Nganggo Basa Tegal Dadi Judul Skripsi, Nang UGM Jogjakarta

Filem Turah sing Nganggo Basa Tegal Dadi Judul Skripsi, Nang UGM Jogjakarta

29 April 2022

Sejen maning karo bojone Karyoto, lamon esuk, Waryuni idere maring jalan layang Tegalsari, numpake motor Honda Beat sing plat nomere ‘G 6157 EP’. Sawise dagang kupat bongkok ning kana, deweke maring tempat mangkal dagangane Karyoto. Terus, ngerewangi melu nglayani awit jam 09.30 nganti jam 11.00. Sebab, biasane wis pragat dagangane wong lanang wadon. Terus, deweke balik maring umahe, nang Dukuhmunjung RT 1 RW 1 Komplek Masjid Baiturrohman, Desa Bongkok, Kecamatan Kramat, Kabupaten Tegal. Nggo nyiapna madahi beras sing pan digawe lontong nganti tekan jam 12 awan, gawene mbungkus nang dina biasa antara 60-70 lontong, kecuali nang dina Minggu tekan 90-100.

Ana piwulang sing Pak Karyoto karo bojone Ibu Waryuni, sing delenge sepele, anggon deweke ngadepi goda utawa musibah duwit palsu, deweke karo njembreng duwit 50.000-nan palsu, disandingna nang ngiringane duwit 50.000 sing resmi utawa asli, jebule olih plajaran, deweke ngomong, “niki, Pak, lamon ditliti pancen beda. Sijine raine mlegose maring kiwa, sijine raine mlegose waring tengen. Ya … etung-etung, olih elmu anyar niki, Pak”.

Barang aku balik ngumah, lagi tuku gedang gepeng, krupuk urang, terus ketan pencok, maring Mba Siti Heni, barang aku crita bar ngadepi wong dagang kupat bongkok sing bar dibayar nganggo duwit palsu, deweke jebule duwe crita uga tau ngalami nampa duwit blanja 100.000 palsu, malah Mba Siti Heni—bakul ideran sayur sing asale Mejasem—crita, sadurunge deweke nyelonongna duwite, luwih ndingin nepuk pundake, kayong nganggo ilmu gendam utawa hipnotis. Jare deweke niteni, wonge wadon, rambute brintik.

Kesimpulane, kayong melasi, yah …. Nasibe para bakul sing lagi dodolan ning jaman pandemi, esih ana sing nakali mbayare nganggo duwit 50.000-nan palsu. Sing jelas, duwit palsu ora kena nggo tuku pulsa. Monggo, dongakna kabeh sing esih gelem srakat maksiat gawe sengsarane umat enggal pada tobat. Aja nganti ana maning duwit palsu sing nggo mbayar kupat bongkok. Gawene lara nang boyok.

Muga-muga, Pak Karyoto bin Carto kalih Ibu Waryuni, diparingi sabar, muga subur, Gusti Allah bakal ngganti nganggo keberkahan sing luwih akeh. Diapusi duwit palsu 50.000, sapa ngarti olih ganti pulsa 50.000.000 (seket juta). (*)

Atmo Tan Sidik, Pembina Rumah Literasi Waskita

 

ADVERTISEMENT

 

 

Tags: atmo tan sidik
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Halal Bi Halal SMA 1 Angkatan 1980 Nginunge Banyu Zamzam
Kolom Kolam

Halal Bi Halal SMA 1 Angkatan 1980 Nginunge Banyu Zamzam

10 Mei 2022
Jare Dr. Taufiq Syahuri, Sing Laris Rujak Uleg
Kolom Kolam

Jare Dr. Taufiq Syahuri, Sing Laris Rujak Uleg

4 Mei 2022
Filem Turah sing Nganggo Basa Tegal Dadi Judul Skripsi, Nang UGM Jogjakarta
Kolom Kolam

Filem Turah sing Nganggo Basa Tegal Dadi Judul Skripsi, Nang UGM Jogjakarta

29 April 2022
Kolom Kolam: Anies Baswedan Kelingan Ponggol Tegalan
Kolom Kolam

Kolom Kolam: Anies Baswedan Kelingan Ponggol Tegalan

14 April 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kisah Pemudik Asal Brebes Naik Travel Gelap, Lalu Dirampok dan Dibuang di Cirebon

  • Baru Dibangun, Gedung Museum Manusia Purbakala Brebes Ambruk di Bagian Depan

  • Ana Trek Nyruduk Umah Loro Nang Jalur Pantura Tegal, Dinyana Supiré Ngantuk

  • Pengakuan Penumpang Mobil yang Tersesat di Brebes, Saripah: Mobil Tabrak Cahaya dan Terbang

  • Cerita Nia Daniati, Ibu di Tegal Lahirkan Anak Kembar 3 Laki-laki

  • Pecah Ban, Mobilio Terbalik di Tol Pejagan – Pemalang KM 265

  • Nipu Bekas Bojo Siriné Ngantikan 3 Miliar, Wong Brebes Kiyé Divonis 3 Taun 6 Wulan Penjara

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 53.2k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In