GUBERNUR Jawa Tengah Ganjar Pranowo, katon mesem-mesem ngrungokna lagu sing ditembangna ning Mbak Risti Sonia. Waktu neng acara Pekan Obor Seni sing tempate Wisma Perdamaian Semarang taun 2014. Lagune judule “Jajanan Pantura”. Lengkape:
Yu Minah, Bakul Jajan Nang Cedeke Umah
Dodolane Serba Murah Uwonge Rada Sumringah
Yu Minah, Padahal Uwonge Latah
Tapi Panganane Pepek, Jajane Laka sing Apek
Yu Minah … Yu Minah …
Jintul-Awul Awul-Randa Kemul
Opak Idu-Sempeleo-Bubur Blohok
Dengkil- Cenil Cetil-Tahu Siwil
Pilus Kletuk-Blendung Jagung-Bubur Cadil
Gemblep-Orog orog-Jalabia-Ongol ongol
Jolang-Kacang Asin-Kawir-Klepon-Kerupuk Antor
Glotak-Rujak Teplak-(Nganggo) Opak
Apem Kipuk-Rujak Bebek-Gemblong Tekek
Lengko-Kupat Glabed-(Lan) Sauto
Sate Bukur-Srabi Urang-(Nganti) Jipang
Lodeh Paron-Oreg Tempe-Pecak Cucut-(Tekan) Amprut
Pepes Gembus-Bobor Lengguk-Aduk aduk
Saporete …
Lagu sing dikarang daning Ketua Paguyuban Artis Dhimas Riyanto jebule pancen seger. Ana lagu sing judule “Nyong Cinta Padamu”, “Ngater Bojo Lunga”, “Pesta Giling”, “Brebes Tegal Slawi”, “Kali Pemali”, “Tanjung Losari”, karo “Jatibarang Jatirokeh”, uga liyan-liyane.
Mulane, rupane sing Warung Makan Teras Padi sing ana ning Paguyangan, pengin takon luwih detail lamon gawe lagu nggo dirungokna para tamu karo nunggu panganan teka, sebab nang kono ana suguhan sedepan sing khas nemen, sing diarani sega tampah. Malah wis disakseni langsung goning Om Saunan Rasyid Ketua PHRI (Perhimpunan Hotel dan Restoran Indonesia) karo bojone sing arane Ane Kusniah, anak sing arane Zico karo Dennis, toli besane. Sing kesimpulane, “Wooohhh … sega tampah kayong cocok karo gelagat hawa pegunungan. Sedepe ora karuan”. Dipangan nang tengahe sawah.
Ana sing mein saran endah ning warung kuwe uga ana lukisan. Sing digawe daning para seniman Brebes, Tegal, Slawi, Pemalang. Krungu omongan kaya kuwe, Om Farkhendy alias Endy Kepanjen melu takon, “lah, pelukise sapa?”. Ari sing nulis puisi, wangsalan, lagu Tegalan wis ana. Lah, kari luruh pelukis sing apik. Ora usah tak jawab, Om Endy langsung tak slonongi koran. Dina Sabtu tanggal 28 Agustus 2021 ning halaman 5 ana tulisan sing judule “Ahmad, Kepala Sekolah yang Menjadi Pelukis”. Karo mantuk-mantuk, barang anjog tulisan sing monine “lukisannya yang diberi judul: ‘Mata Sarang dan Lubang Got’, pernah menjadi nominator pada saat Festival Lukisan Nasional yang diadakan di Yogyakarta pada tahun 2008 silam. Acara itu dibuka oleh Menteri Pendidikan Prof. Dr. Bambang Sudibyo, M.B.A”. Taun kuwe ana sing ngelelang lukisane regane 4 juta.
Pak Ahmad sing nglukis kuwe ora liya Kepala SMA Negeri 1 Kramat Kabupaten Tegal. Deweke pinter nglukis, malah akeh wong sing durung ngarti yen deweke uga pinter nulis puisi Tegalan, sing insya Allah deweke wis rembugan karo bojone, Hj. Siti Wahiah karo keloro anake sing arane Adam karo Hawa pan nerbitna buku sing judule “Antologi Puisi Rujakan”. Nah, tak kira angger gelem nggoleti esih akeh seniman, pelukis, penyanyi lagu Tegalan, penulis puisi sing bisa gawe pasar ana kumandange. Apa maning lamon para pimpinan daerah gelem ngobahaken jagad kebudayaan sebab ora ana liya kiye uga amanate Undang-Undang Dasar 1945, amanate Undang-Undang Nomer 5 Taun 2017 tentang Pemajuan Kebudayaan.
Mulane, kayong tambah gawe semangat, seneng, Pak Ahmad karo kanca-kancane: Pak Wahyu, Bu Tyas, karo Mas Brian, terus kanca-kanca sing pada maca nang Grup Pegiat Sastra, takkirimi WA sing Ibu Bupati Tegal Hj. Umi Azizah sawise ndeleng lukisane Pak Ahmad sing judule “Loro Blonyo karo Daun Jati”. Dina Sabtu esuk jam 06.24, Bu Umi nulis WA sing monine kaya kiye: “… lukisannya unik dan lucu, Pak”. Tak pikir, kuwe mau kayong dadi kadho ulang taune Pak Ahmad sing kaping 57. Muga-muga, kaya angkane, 57 sing disingkat ‘maju’.
Lagi enak-enak moci, jebule ana wong ngresula, “sayang gelagat pandemi, yah. Dadi kayong seniman, mbuh kuwe pelukis, penulis, sing nembang lagu Tegalan kayong kurang leluasa bisa gerak”. Sing tak jawab, “sing sabar bae. Kabeh ana hikmahe, anane pandemi Covid-19 kiye kayong angel nggoleti wong sing takabur. Ora kopral, ora jenderal, ahli komputer, dokter, apoteker, kabeh gemeter ngakoni yen menungsa elmune mung satitik”. Mulane saiki akeh wong sing pada ngaji surasa, pada maca istighfar, sayyidul istighfar, nguwatna niyat tobat, tobatan nasuha.
Neng glagat sing kaya kiye, aku nulis puisi sing wis dimuat nang buku “Antologi Kluwung neng Langit Penginyongan” sing diterbitna daning SIP Publishing nang halaman 27. Puisi kuwe tak mein judul “Kidung Rumangsa Menungsa”. Kaya kiye isine:
Ana makhluk cilik
Sing teka gawé mowak mawik
Wong pada teka
Uluk salam bé ora
Langsung takoné
Néng kéné kena korona apa ora?
Aku mbiyén ora ana
Saiki dadi ana
Mbésuk manéh ora ana
Nang bab korona
Digolétana mangsa tinemua
Yén tinemu,
Ditakokana mangsa waléa
“Mangka nékmaté Pangéranmu sing endi sing ko padha gorohna?”
Tekan ping telung puluh siji
Njawabé karo gemedhé
Metu sombongé utek utek utek
Nganti ping telung atus telung puluh siji
Tembé padha konangan saiki
Karo “mubalig” sing arané korona
Padha takon “Kiyé teka sing endi?”
Makhluk ora mbejaji
Gawé wong sejagad padha wedi
Sing jéndral, sing kopral, pejabat, rakyat
Artis, sing bisnis, buruh, majikan
Kabéh njerit tetangisan
Karo maca kidung rumangsa menungsa
Aku jebulé makhluk
Aku suka takluk
Pasrah bongkokan
Kidung rumangsa menungsa mau
Diwaca ping séwu siji
Maca istighfar terus sayidul istighfar
Ngaca tobat, terus tobat nasuha
Nata laku éndah, kowen inyong padha ngaku
Jaré korona
Lamon rika licik
Inyong nékad, tapi rika tobat
Inyong ikhlas minggat
Yuh, para pelukis, penulis, sing tukang nembang sing Brebes, Tegal, Slawi, Pemalang, karo brayah Pantura, semangat! Semangat! Aja nglokro. Pan ngresula maring sapa? Wong lagi pada bae mumete, langsung bae njaluk maring Alloh subhanahu wa ta’ala. Gusti Alloh ana, SUNG!
—
*Atmo Tan Sidik, Pembina Rumah Literasi Waskita
Discussion about this post