WIS dadi lagak lagune Kang Dikin, lamon bar panen bawang olih bati akeh, apa maning warung seafoode sing ning patang panggonan. Tembe pada etung-etungan sing deweke nganggep akeh untunge, deweke terus nganggone topi laken. Nemoni ponakan-ponakane, sing maksude saliyane silaturahim, kuwe ngontrol endah ora pada klalen maring hasil alam nang lingkungane.
Dina Jemuah bakda asar, sawise poyan maring bojone sing arane Tin Wastinah, njaluk digoletna duwit puluhan ewu sing jumlahe pat likur. Malah pesen khusus endah duwite sing esih anyar, sebab deweke ngelingi awit cilik sering dipecingi goning mbahe Saefurrohman Syarif, sing umahe goning Desa Bangsri, Kecamatan Bulakamba, Kabupaten Brebes.
Deweke nduwe sumpah batin utawa nazar, “Aku mbesuk lamon ngasabe gangsar, anake ya wis pendidikane tamat sing S2, aku pan gentenan mecingi anake sedulur utawa ponakan”.
Tapi, rupane, kanggone Kang Dikin sadurunge nyelonongna pecingan, nakoni ponakan, “sapa sing ngarti kasiyate bawang abang, bawang putih, terus kasiyate nginung banyu klapa ijo, kasiyate kapulaga, jahe, kunir, karo temulawak?”. Sing ana neng daftar “Ensiklopedia Tanaman Obat Indonesia”. Kinasih nyoba njawab, jebule patang pitakonan dijawab kabeh, mulane langsung dipecingi patang puluh ewu.
Kaji Enthieh Mudakir Ketua RT nang Dalan Waringin sing rumangsa laire ning tanggal 24, uga mein komentar, “Cara kiye perlu ditiru!” sebab bocah enom esih nduwe pengeling sing apik endah ora klalenan terus ilmune ya jero, sebab lamon gelagat saiki ora mung kudu pinter uteke, tapi bening atine sing kaya semboyane kanca-kanca nang Plataran Sastra, endah pada wareg mangane, golong pikirane, semanak lan santun tingkah polahe, kongkrite nang basane Um Ipuk N. M. Nur, pada nduweni akhlakul karimah.
Lagi ngobrol bab kasiyate godong jamu, jebule Kaji Jahro nganggo kudung putih teka.
“Kiyeh! Enyong ya pan nambahi badekan. Yen nama liyane Surat Al Fatihah kuwe tekan luwih sing telung puluh. Kiye engko sing bisa nerusna, tak pecingi patang puluh ewu”.
Kiyeh, tak molai. Aran liyane Fatihah kuwe: Ummul Kitab, As-Sab’ul Masani, Fatihatul Quran, Suratusy Syifa, Suratur Ruqyah, Suratud Du’a, Suratut Ta’limil Mas’alah.
“Wis, ayuh! Sapa sing pan nerusna? Kiyeh, hadiyahe wis tak siyapna!”
Ponakan-ponakan wis pada kumpul, malah ketekan kancane. Lik Mul, terus usul, “Bude Jahro, kiye lamon dudu ponakan, olih ndaftar?”.
“Oh, olih bae. Wong enyong niyate mein bebungah maring bocah kanggo hadiyah endah semangat anggone sinau, ngaji Quran karo hadis, maring para ustad, ulama, kyai. Lamon duwe smartphone utawa nonton TV ya nggoletine informasi utawa ilmu sing bisa nyadaraken yen wong urip ora mung nyegeraken utek, tapi masalah beninge ati uga aja diklalenaken”.
Lagi rembugan, jebule ana pengamen nyelonong, sing nembang lagu “Habibi yaa Nurul Aini” karo solawatan.
Jebule ning hape ana WA sing monine kaya kiye: “Komunitas Sastrawan Tegalan kiye pan nggawe buku kumpulan puisi ‘Tegalerin’. Tapi polane 2-4-2-4”. Contone kaya kiye:
Sempurnane Urip
Tuku kinang
Gambire ana
Sung! Ora hebat
Wong sing ora zakat
Ora teteg turune
Ora jejeg pagere
Amben
Kayune nangka
Aja ketuwon
Barang dunya lunga
Kenang cilaka
Pada langka
Ana sing mbalesi WA, monine kaya kiye: “lah! Onggrongan nemen tengkula ana pola 2-4-2-4! Maksude apa? Wong urip gelagat kiye lagi mumet, ente aja gawe sing ora-ora”.
Jebule deweke mbalesi ora penak. “Kiyeh, perkara ente sungkan maca, ora papa. Tapi enyong jelas duwe alesan. Ana sumbere! Wis, ngonong bae, lafal kalimat tauhid ‘laa ilaha illallah muhammadar rasulullah’, kuwe lamon dietung jumlahe hurup ana 24. Masalah jam utawa waktu ning dunya ya 24 jam. Nang isine al Quran, 6.666 hurup, kuwe lamon dijumlah ya ana 24. Lah, enyong maksude, enggo pengeling endah pada ngisi waktu yen awake dewek kabeh kuwe klebu wong sing rugi lamon ora ngisi waktu sing 24 jam mau endah manfaat mungguhe umat nggo sangu ning dunya tekan akhirat”.
Kiye malah ana buku sing nerangna carane ngetung energi nilai angka karo hurup, mbokan pan ngarani bayi. Wis, tapi mbokan kedawan engko ngaji secara khusus bae. Mumpung kiye klebu taun alip dadi kudu lempeng, jujur eben pada subur makmur.
Awit saiki sing penting, kiyeh! Diwaca maknane! Nang Surat al-Asr (surat kaping 103) ayat 1-3, sing artine: (1) sekawit mangsa; (2) temen, menungsa ana neng sajroné kapitunan; (3) kejaba wong-wong sing padha percaya lan nglakoni kebecikan lan padha weling-welingan temuju maring bebener lan padha weling-welingan temuju maring kesabaran. Wis, aja kakehan alesan, sekedar alesan repot, wong sing lagi pada ngemis be repot nemen. Dadi, ora sempat nulis puisi Tegalan. Wong ora ana liya, tujuane kiye nerusna telik sandi sastra Tegalan, gawe puisi Tegalerin sing polane 2-4-2-4.
Lamon sampeyan gelem tandang zag-zeg, berarti kegolong nang Paguyuban Tegalerin, tapi lamon sampeyan serba ngunjal alesan, tangine awan, males, kuwalitase 5M (mantenane mantep, mangane melu maratuwa). Gampangane sampeyan klebu neng gonggomane wong Tegal liren. Sebab, wong wis pada paham kabeh yen pengin mulya, utawa berkah, dong tangi aja nganti kedisitan kukuluruke jago. Kari milih nang KTP-ne ente alamate Tegalerin 2424 apa Tegal liren 00.00.00? (*)
*Daning: Atmo Tan Sidik, Pembina Rumah Literasi Waskita
Note: Ayat waktu dari tafsir basa Banyumasan
Discussion about this post