TEGAL – Suhar (38) warga Mejasem Wétan, Kabupatén Tegal. Dhéwéké ninggal dunya dikropok massa sawisé konangan nyolong dinamo kapal nang Kawasan Pelabuhan Pelabuhan Jongor, Kelurahan Tegalsari, Kecamatan Tegal Kulon, dina Slasa (25/8/2020).
Nyawa korban belih ketulung senajan wis diplayukna maring rumah sakit. “Bener ana kedadénan wong dikropok, TKP-né nang Jongor. Korban dinyatakna ninggal dunya sawisé anjog Rumah Sakit,” omongé Kapolsek Tegal Barat Kompol Évi Wijayatni, wayah ditemoni nang Mapolsek Tegal Barat, dina Slasa (25/8/2020).
Évi ngomong, mauné korban konangan nyolong dinamo kapal nganti akhiré kedaden dhéwéké dikropok. Pihaké ésih njaluk keterangan maring pirang-pirang saksi, lan netepna ana pirang tersangka.
“Korban mauné nyolong dinamo kapal. Tersangka wis ana. Tapi jumlah tersangka pira, ngesuk baé nggo keterangan luwih lanjut,” omongé Évi.
Kakangé korban, sing arané Ruban (43) ngomong, adhiné nyambut gawe dadi tukang jaga bengi nang Pelabuhan Jongor “Jaré bojoné diprecaya nggo nyambut gawé dadi tukang jaga bengi, wis 3 taun. Nggal dina mangkat magrib balik ésuk,” omongé Ruban maring wartawan, wayah ditemoni nang umahé korban.
Ruban ngomong, senajan adhiné konangan nyolong, dudu berarti olih dikapruki nganti ninggal. Dhéwéké njaluk wong-wong sing pada ngropok ebén diproses sesuai hukum sing kanggo. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post