Konangan Nyolong Kutang, Wong Lanang nang Brebes Digawa Maring Kantor Polisi - Panturapost.com
Kamis, September 21, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Konangan Nyolong Kutang, Wong Lanang nang Brebes Digawa Maring Kantor Polisi

Pas lagi nyolong, wong lanang kuwé kerekam kamera CCTV.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
29 Agustus 2023
2 min read
0
Terekam CCTV, Heboh Warga Pakijangan Brebes Pergoki Seorang Pria Curi BH 

Warga Desa Pakijangan Kecamatan Bulakamba, Kabupaten Brebes saat memergoki aksi seorang pria tak dikenal memanjat pagar rumah warga.(istiimewa)

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Warga Desa Pakijangan Kecamatan Bulakamba, Kabupaten Brebes, pada heboh wektu lagi mergoki wong lanang sing ora dikenal ménék pager umahé warga, dina Senén (28/8/2023).

Malah aksi wong lanang sing umuré 30-an kuwé kerekam kamera CCTV. Video CCTV kuwé langsung viral neng medsos lan akéh netizen sing pada nanggapi.

Wong lanang kuwé langsung diamana daning warga lan digawa maring Mapolsek Bulakamba.

ADVERTISEMENT

Kapolres Brebes diwakili Kapolsek Bulakamba Iptu Ibnu Setiyadi ngiyakna ana kejadian wong lanang sing ora dikenal dicekel lagi dina Senén (28/8) ésuk wayah pan subuh.

Baca Juga

Polisi Tangkap 3 Orang Pengedar Narkoba Golongan 1 di Tegal

Diglédah Polisi, Pengedar Ganja nang Tegal Umpetan neng Ngingsor Kathil

9 September 2023
Satori: Demokrat Belum Tentukan Arah Dukungan

Ora Trima, Kader Demokrat nang Tegal Nyopoti Baliho sing Gambaré Anies Baswedan

2 September 2023

Waktu kuwé, ana pirang warga Desa Pakijangan mergoki wong lanang ésih neng njero teras umahé warga. Padahal, kondisi gerbang lawang  umah kuwé ésih kekunci.

ADVERTISEMENT

“Seka hasil pemeriksaan, terduga pelaku termasuk Orang dengan Gangguan Jiwa. Soalé, saliyané laporan seka korban, barang bukti sing disita mung kutangé wong wadhon tok siji,” ungkapé.

Nggo tuna materiil cilik nemen, jaréné, kurang seka Rp 2,5 juta. Termasuk, keterangan seka pihak kluwarga wong lanang sing diamana pancén nduwéni riwayat ODGJ.

Latané penanganan perkara kuwé ora bisa diproses hukum lewih lanjut. Malah, wong lanang sing diamana kuwé kondisiné sehat lan wis dijemput daning pihak kluwarga bareng karo motor sing ditumpaki.

Sementara kuwé, Kepala Desa Pakijangan Adi Safrudin ngomong, informasi seka warga RT 2/1 pancén ngamana wong lanang sing umuré 30-an.

Indikasiné, wong lanang kuwé warga Desa Luwunggede sing mlebu kategori ODGJ. Soalé, sadurungé ménék pager témbok warga sing arané Sudrajat, 57. Wong lanang kuwé tak numpak motor lan diparkir pas neng samping umah warga.

“Soalé ndilalah aksiné (ménék pager) konangan warga, lan posisiné neng teras, akhiré warga pada inisiatif nyerahna wong lanang kuwé maring Mapolsek. Jebulané, ana riwayat ODGJ lan barang bukti mung kutang wong wadhon dadiné proses hukum ora bisa lanjut,” pungkasé. (*)

Tags: CCTVMalingMaling KutangWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Ponpes Assalam Kajen Akui Adanya Kelalaian Terkait Pengeroyokan Santri
Warta Ngapak

Melas Nemen, Santri nang Pekalongan Berem Dikroyok Senioré Dhéwék

21 September 2023
Oknum Ustad di Brebes Diduga Cabuli 19 Santriwati hingga Digeruduk Orang Tua Korban 
Warta Ngapak

Nang Brebes Geger Oknum Ustad Nyabuli Santriwatiné,  Korbané Ana 19

21 September 2023
Tak Hanya Menghibur, Lomba Merpati Kolong di Tegal Datangkan Manfaat Ekonomi bagi UMKM
Warta Ngapak

Dara Rubicon Pernah Dinyang Rp 200 Juta Ora Dicul, Saiki Malah Menang Olih Rp 525 Juta

20 September 2023
Lagi, Aksi Tawuran Pelajar Terjadi di Jalan Lingkar Bumiayu Brebes, 1 Luka-luka
Warta Ngapak

Nang Jalan Lingkar Bumiayu Ana Bocah STM Tawuran, Bocah 1 Digawa Maring Rumah Sakit

20 September 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

    MEDIA SOSIAL

    • 139.9k Fans
    • 169 Followers
    • 30.1k Followers
    • 57.8k Subscribers

    -- Histats.com START (aync)-->


    ADVERTISEMENT
    PanturaPost.com

    2020 © PT Pantura Siber Media

    • Tentang Kami
    • Redaksi
    • Pedoman Media Siber
    • Info Iklan
    • Verifikasi Dewan Pers
    • Karir

    No Result
    View All Result
    • Beranda
    • Daerah
      • Brebes
      • Kota Tegal
      • Tegal
      • Pemalang
      • Kajen
      • Pekalongan
      • Batang
    • Kolom
      • Catatan Pekan Ini
      • Opini
      • Moci
      • Kolom Kolam
      • Sejarah
    • Jateng
    • Wisata
    • Olahraga
    • Video
    • Ngapak
    • Kuliner
      • Resep
    • Inspire Slawi
    • Advertorial
    • Kamus

    2020 © PT Pantura Siber Media

    Login to your account below

    Forgotten Password? Sign Up

    Fill the forms bellow to register

    All fields are required. Log In

    Retrieve your password

    Please enter your username or email address to reset your password.

    Log In