NASIB tembang Tegalan jungkir balik. Méh setengah abad bergerak sajegé Najeeb B, Sang Legendaris pencipta lagu Tegalan, ngenalna lagu daérah léwat “Man Draup Téol” lan “Téh Poci Gula Batu”, kosih sapréné durung nemu kabegjaan. Paribasané, lagu-laguné Tegalan keplétét daning lagu-lagu daérah Cerbonan, Dermayon, Campurcari, uga Jawatimuran. Bisa dikandakna, tembang Tegalan dongéné uga ora kalah apik. Mung baé tetep kalah populér, siji baé ora nganti bisa viral!
Omongan kuwé muncrat sekang corong cangkemé Sidul, nalika jakwir-jakwiré ndopok nang panggonan biasa. Nang bengi kuwé, obrolané khusus nandes soal nasib tembang Tegalan kosih saiki ngenes baé, kedundung lagu-lagu daérah liya. Embuh faktoré apa?
“Enyong bener-bener éram. Nasib lagu Tegalan keplétét daning lagu-lagu kaya Cerbonan, Dermayonan, Campursarinan uga Jawatimuran. Perjuangané méh setengah abad, posisiné nang tengah ora nang nduwur apa maning. Tetep baé nang ngingsor terus-terusan. Faktoré dongé apa sih, Jon?” sambung omongané Sidul kayong éramé por-poran.
Jon Dapuk pan njawabi, Kapér ndisiti nimpali omongané Sidul.
“Bab kiyé sing ndadékna nyong getun. Béda adoh angger nyong ngamati gerakané para seniman Tegalan, gaungé maring ngendi paran. Jagad kayong digawé oreg sejegé sastra Tegalan mencuat ning taun 1994. Karya-karya puisi Tegalané wani tanding kambén seniman-seniman Nasional!”
Jon Dapuk pan njawabi, Darto wis nyerobot ndisiti.
“Énté aja kadiran dadi penyair, Pér? Endi buktiné angger Sastra Tegalan gemladag nang jagad Nasionak?” Katon ora bombong Darto nimpali omongané Kapér.
“Kowen ngarti apa soal puisi Tegalan, To? Nyong luwih paham ketimbang kowen! Kowen péngin bukti angger Sastra Tegalan khususé puisi, gawé gégér nang kantong-kantong kebudayaan uga nang média massa?” Kapér ora gelem kalah.
“Cacak dibuktikna. Aja umbrus énté!”
Ujug-ujug, Kapér mbuka HP latané ndadak maca puisi Tegalan kang judul “Awité Tembangan Banyak” karya Ria Candra Dewi.
AWITÉ TEMBANGAN BANYAK
Awité Nyanyian Angsa puisiné WS. Rendra
dialihwacan dadi Tembangan Banyak
latané puisiné Chairil Anwar
:Aku, Doa, Isa dialihwacan
Sang Begawan dadi:
:Enyong, Donga, uga Isa
Taun 1994 jagad puisi gégéran
puisi-puisi terjemahan Tegalan
nang endi paran geni Sastra Tegalan
mulad-mulad
Ora ngira ora nyangka
kabéh sastrawan ning bumi pertiwi
kebakaran jénggot
Taman Budaya Surakarta kobongan
Indramayu kobongan
Semarang uga kobongan
Taun 1994
koran-koran oreg
Suara Merdeka muat gedéan
Suara Pembaruan rong halaman
Replubika nonggol nang halaman depan
Harian Soré Wawasan mélu kebakaran
SKM Swadesi ora ketinggalan
ora keri nang tabloid Literasi
Nalika samana
jagad susastra dikepung puisi terjemahan
Tegalan
Pisankala Tegal ngurubna geni
kahanan gemladag mulad-mulad!
“Nah! Kuwé sajak Tegalan karyané Ria Candra Dewi sing njelasna soal viralé Sastra Tegalan awit taun 1994 kosih saiki tetep éksis! Angger soal puisi, datané enyong komplit. Tapi lagu Tegalan, endi sing moncér nang blantika musik Nasional? Laka… laka, To?!”
Krungu omongané Kapér, Darto langsung cep klakep ora bisa mbantah. Déwéké pancén ngakoni angger Kapér, nglotok so tentang kabudayaan Tegalan.
“Dadi,” Kapér nerusna omongan, “Sing pan tak takokna maring Jon Dapuk, yakuwé soal lagu Tegalan bisané ora bisa mumbul sebabé apa?”
Zonder nginung zonder udud, Jon Dapuk langsung njawabi.
“Sapisan enyong mbenerna omongan Kapér. Kebanding lagu-lagu Tegalan karo jagad Sastra Tegalan khususé Puisi Tegalan, jelas lagu Tegalan ketinggalan adoh. Kaya puisi sing ditulis Ria Candra Dewi, kuwé salah siji bukti adong oyagé Sastra Tegalan tetep diperhatikna temenanan daning sastrawan-sastrawan nasional. Sedeng bisané lagu Tegalan tetep baé kanclep, sebabé para biduan uga para pemusik orgen tunggal ora duwé rasa kebangsaan maring wilayahé déwék. Akibaté lagu-lagu Tegalan kurang diminati masyarakat. Pihak Pemerintahé uga kurang tanggap!”
“Nah! Kuwé sing enyong éram. Maring budayané déwék kurang perhatian. Sing disubya-subya malah laguné wong liya. Termasuké bener omongané kowen, Jon. Para biduan karo pemusik orgen tunggalé ya pada ora peduli. Ampun tah ampun ah! Golét pangané nang Tegal malah lagu-laguné wong liya sing diunggul-unggulna!” omongé Sidul kayong njelu.
“Nah! Khusus kanggo kowen kabéh, gatékna budayané déwék. Adong kurang nyubya-nyubya, lagu Tegalan jungkir balik. Merga kuwé, junjung duwur karyané wong Tegal! Ébén moncér aja kosih kalah karo budayané wong liya. Péndéké, seniman karo pejabaté kudu awor dadi siji! ” omongé Jon Dapuk.
“Akur Jon. Sepakat!” omongé jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kompak! (@)
—
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post