Lagi Diréhab, Plapon nang SDLB Brebes Ujug-ujug Ruwag – Panturapost.com
Senin, Januari 30, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Lagi Diréhab, Plapon nang SDLB Brebes Ujug-ujug Ruwag

Untung baé tukang sing lagi pada nyambut gawé bisa inggat, dadiné aman.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
11 September 2020
2 min read
0
Sedang Direhab, 2 Ruangan Bangunan SDLB di Brebes Mendadak Ambruk
Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Salah siji bangunan sing ana nang Sekolah Dasar Luar Biasa (SDLB) nang Kabupatén Brebes, sing ana nang dlanggung Yos Sudarso Brebes, sing lagi di rehab ujug-ujug ruwag, dina Rebo (9/9/2020).

Bangunan sing lagi diréhab lan ruwag kuwé yakuwé ruang guru lan ruang kepala sekola. Ruwag nang bagian kerangka sekalian plaponé.

Untung laka korban jiwa nang kedadénan kuwé. Padahal wayah kedadenan, ana pirang-pirang tukang ésih pada kerja nang lokasi bangunan kuwé.

ADVERTISEMENT

Informasi sing berhasil dikumpulna, bagian plapon bangunan kerangka baja ringan lan plapon ruwag sekitar jam wolu ésuk. Dinyana merga konstruksi bangunan suwé ora kuwat nahan beban plapon. Mugané bagian kuda-kuda sing nyangga ruwag disusul bagian plaponé.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Bangunan sing ruwag kuwé lagi jeronéng proses rehab sanilé Rp 148 juta karo sumber anggaran seka Dana Alokasi Khusus (DAK) APBN taun 2020, lewat Dinas Pendidikan Provinsi Jawa Tengah.

“Plapon bangunan kiyé ruwag mau ésuk, sekitar jam wolu. Pas kuwé, nyong lan guru-guru wis ana nang sekola lan ujug-ujug krungu suwara rosa bruk. Pas kuwé pancén ana tukang sing nyambut gawé, tapiné syukur wong-wong kuwe bisa inggat utawa nylametna awaké dhéwék. Dadi laka korban jiwa lan kabéh aman,” omongé Kepala Sekola SDLB Brebes Stephanus Widyatmoko nang lokasi kedadénan.

Dhéwéké nambahi, bangunan sing ruwag kuwe jeronéng proses rehab lan kondisiné wis 70 persen penggarapan. Jeronéng penggarapan kuwé, sekolané olih bantuan rehab énténg. Yakuwé, rupané dandanan plapon sa ruang lokal sing digunakna nggo ruang guru lan kepala sekola.

“Pancen pegawéan rehab kiyé wis dilakoni sekitar rong minggu wingi. Bangunan kiyé awit ngadeg pancen durung pernah didandani. Ndeyan merga bangunan suwé ora kuwat nahan beban plapon sing anyar mugane ruwag. Deleng baé nang bagian kuda-kuda plapon uga ruwag kabeh,” jelasé.

Dhéwéké ngomong, bangunan sing ruwag kuwé ésih dadi tanggung jawab rekanan pelaksana. Kuwé soale ésih jeronéng proses penggarapan. “Sing jelas durung ana serah trima, angger nganggo cara teknis dhéwék ora ngarti persis. Tapi, sing jelas dhéwék nrima bantuan rehab seka DAK sanilé Rp 148 juta lan pelaksanané seka Semarang,” ungkapé.

Sementara kuwé, Kristanto, sing dadi rekanan pelaksana proyek pembangunan kuwé ngomong, nganggo dasar cek lokasi, plapon bangunan kuwé ruwag soalé bagian ring slup plapon seka bangunan suwe ora kuwat. Apamaning, wayah dicek jebulé wesi cor beton sing dienggo cilik-cilik lan kemungkinan bangunan suwé.

ADVERTISEMENT

“Monggo diileng nang lokasi, angger nurut pemeriksaan awal nyong mau nang lapangan, kiyé dinyana merga bagian ring seka bangunan lawas sing nggo naleni plapon ora kuwat nahan kerangka baja ringan lan gendeng,” pungkasé. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakbrebesWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In