Lagi Kangelan Banyu, Petani Bawang nang Brebes Nyirami Sawah nggo Comberan – Panturapost.com
Minggu, Januari 29, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Lagi Kangelan Banyu, Petani Bawang nang Brebes Nyirami Sawah nggo Comberan

Banyu sumur pantek sing ana krasa lecit gawé tandurane semadan kuntét.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
8 Agustus 2020
2 min read
0
Air Sumur Pantek Asin, Petani Bawang di Brebes Mengairi Sawah dengan Comberan

Petani tengah menyedot air yang keliatan berwarna hitam.

Share on FacebookShare on Twitter

BREBES – Petani-petani bawang abang utawa brambang nang Kabupatén Brebes ana sing kepaksa manfaatna banyu limbah utawa banyu comberan nggo mbanyoni sawahé. Kuwé kepaksa dilakoni soalé petani pada kangélan nggo olihna banyu. Sementara banyu sumur pantek sing ana krasa lecit lan ora cocog nggo tanduran.

Petani brambang sing arané Mustofa ngomong, kabéh petani kepaksa manfaatna banyu wangan soalé kangélan olih banyu nggo mbanyoni tandurané. Kecatet ana sekitar 25 petani sing kepaksa nganggo banyu wangan kuwé nggo puluhan hektar sawahé. Petani ngakoni ari penggunan banyu wangan ora apik nggo tanduran.

“Dampak maring tanduran jelas kurang waras lan pertumbuhané semadan kuntét. Ana biaya tambahan nggo tetamba soalé nganggo banyu wangan,” omongé Mustofa, dina Kemis (6/8/2020).

ADVERTISEMENT

Dhéwéké nambahi, petani nyedot banyu wangan karo nganggo kompa nang kali Sigeleng. Petani kudu ngetokna biaya nggo tuku 3 liter BBM sadinané nggo nyedot banyu kuwé. Mugané, nang masa tandur kiyé petani ngaku mung untung tipis.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Petani nang wilayah Kota Brebes sabeneré wis olih bantuan sumur panték nang 7 titik nggo ngatasi kurangen banyu wayah mangsa ketiga. Tapi, sumur kuwé ngetokna banyu sing rasané lecit. Gadiné ora cocog nggo pertanian. Sing kaya kiyé latané nggawé petani kepaksa nganggo banyu wangan.

“Pancén ana bantuan sumur panték nang 7 titik tapi sing ngetuk banyuné lecit. Ora cocog nggo pertanian. Manfaatna banyu wangan kiyé wis awit mang wulan wingi,” jelasé.

ADVERTISEMENT

Nasib sing padha dialami petani liyané, Daklan ngaku kudu luruh sumber banyu nggo mbanyoni tanduran bawangé sing wis umuré 40 dina. Petani nang wilayahé luruh sumber banyu nganggo kompa diesel sing dipasang nang pinggiréng kali lan irigasi. Sementara, irigasi sing nglinter nang aréal tegalan kuwé katon garing.

“Wis sawulan kiyé kangélan banyu. Biasané jukut nang irigasi nganggo kompa diesel. Tapi wis pirang dina irigasiné wis garing,” omongé Daklan. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: brebesPetani BAwang MerahWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023
Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun
Warta Ngapak

Badeg Nemen, Bapa-bapa nang Brebes Kiyé Kolu Nyucus Anak Tiriné Nganti 7 Taun

27 Januari 2023
Ganjar Ingatkan Kades Agar Fokus Urus Rakyat daripada Jabatan
Warta Ngapak

Ganjar: Lurah Kuwé Tugasé Ngurusi Rakyat, Udu Ngurus Jabatan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In