BREBES – Melas nemen nasibe Toto (45), warga seka Dukuh Kampung Baru Desa Tambakserang Kecamatan Bantarkawung Kabupaten Brebes. Toto ninggal dunya sawise disrudug celeng wayah lagi tani nang sawah, dina Slasa (7/7/2020), sekira jam tengah papat sore.
Informasi sing ditampa, pas kedadian celenge ujug-ujug nyrudug korban sing mburi. Krasa keancem, korban latane nglawan. Dheweke nyabet karo bendo dawa tapi ora kena.
Let pirang detik, mamane korban weruh anake lagi disrudug babi. Ngarti ana kaya kuwe, manene marek lan gagiyan awe-awe tangan nggo njaluk tulung. Sing kadohan, warga weruh korban lan gagiyan nekani lokasi kedadian.
Camat Bantarkawung Eko Supriyanto pas lagi dikonfirmasi ngiyakna peristiwa kuwe. Dheweke ngira-ngira, dideleng sing lukane, sempet ana perlawanan sing korban. “Lukane saawak sakojor,” jarene.
Warga latane ngudag celenge lubar nibakna korban. Tapi celenge mlayu maring alas. Korban sing wis nggletak gagiyan ditulungi daning warga. Sayang wayah ditulungi, korban ninggal dunya nang tempat. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post