BREBES – Melas nemen nasibé Darti (72) petani seka Dukuh Cipancur, RT 01/RW 05 Désa Sindangwangi, Kecamatan Bantarkawung, Kabupatén Brebes kiyé. Dhéwéké ninggal gara-gara keslamber bledég.
Korban keslamber bledég wayah lagi ngaub nang gubug sing ana nang tengah sawah, dina Senén (17/1/2022). Wayah kedadénan kondisiné udan gemerot.
Kapolsek Bantarkawung AKP Hasari ngomong, wayah udan gemerot, korban bareng karo nem petani liyané ngaub bareng nang gubug sawah. Latané, bledég ujug-ujug nylamber korban ngantikan ninggal.
“Korban ninggal sawisé keslamber bledég pas lagi ngaub lubar nandur pari nang sawah,” jaré Hasari, dina Slasa (18/1/2022).
Sawisé keslamber bledég, jaré Kapolsek, latané petani liyané sing kebeneran nggarap sawah ora adoh seka lokasi kedadénan usaha nggo nulungi korban. Tapi korban wayah dipriksa wis ora ambekan.
“Korban latané diévakuasi nuju maring arah gili gedhé sing let 200 méter seka lokasi tempat kedadénan keslamber bledég lan diwékena maring kluwargané,” jelasé.
Sawisé dicék daning tim médis, jaré Kapolsek, ana luka obong geseng nang gigir lan boyok sewelah kiwa. Hal kuwé dinyana gara-gara slamberan bledeg.
“Korban wis dimakamna daning pihak kluwarga. Nyong uga nglaruhi, ébén warga ora ngaub nang tengah sawah wayah udan gemerot sing dipéloni bledég,” pungkasé. (*)
Discussion about this post