TEGAL — Jajaran Sat Réskrim Polrés Tegal akhiré bisa nyekel pelaku sing dadi tukang judi onlén pas lagi ngiséni bengsin nang Désa Brekat, Kecamatan Tarub. Polisi nangkep pelaku sing huruf pertamané MJ kuwé berkat anané laporan seka masarakat.
Kasat Réskrim Polrés Tegal, AKP Heru Sanusi, pas lagi konférénsi pérs, dina Rebo (14/10) ngomong, polisi bisa nangkep pelaku berkat anané laporan seka masarakat.
“Sawisé anané laporan kuwé, pelapor lan tim langsung nylidiki. Latané diolihi infirmasi sing pepek, lan dhéwék ya akhiré bisa nangkep pelaku,” jaréné.
Seka tangan pelaku, petugas ngamanna duwit tuna segedhé Rp 273.000, Hapé siji, buku rekening BRI ndéké pelaku karo kartu ATM BRI siji, Modusé, pelaku ngedol nomer judi togel jenis hongkong maring sing pan pada masang. Latané, dipasangna maning maring bandar onlen liwat website judi onlén.
“Peran pelaku kiyé ngedol nomer togel maring konsumen. Barang kaya kuwé, tersangka sing masangna nomer kuwé maring bandar togel nganggo cara onlén,” ungkapé.
Saliyané nglakoni pemeriksaan maring tersangka, polisi uga wis mblokir rekeningé tersangka. Merga kelakuané, tersangka saiki ditahan nang sel Mapolres Tegal lan dikenakna pasal 303 KUHP karo anceman ukuman 10 taun penjara utawa denda Rp 25 juta. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post