BREBES – Polisi karo TNI mbubarna wong-wong sing lagi pada nongkrong nang lesehan Alun-alun Brebes, Senen bengi (23/3/2020). Pas kuwe petugas woro-woro wong kongkon pada ndekem nang umah bae, eben pirus corona ora nyebar ning ndi ora.
Patroli sing dikintili puluhan personel gabungan, dipimpin langsung daning Kapolres AKBP Gatot Yulianto. Wakil Bupati Narjo, Kepala Dinas Kesehatan dr Sartono nganti Sekda Djoko Gunawan uga pada melu nang kegiatan kuwe.
Merga esih akeh bae wong-wong sing pada nggumpul nang Alun-alun nganti jam sawelas bengi, petugas latane langsung mbubarna karo njaluk eben pada balik maring umahe dhewek-dhewek. Saliyane kuwe, warung poci sing esih katon buka uga kongkon tutup.
“Nggo tempat sing rame-rame, kaya Alun-alun Brebes kiye, nek ndeleng hasil rapat koordinasi karo Pemkab Brebes mengkone ana pembatasan waktu dodolan yakuwe, awit jam papat sore nganti jam wolu bengi. Dadi bakul-bakul esih bisa dodolan, apa sing dadi keputusan Kiye nggo ngindangi kedadene kumpule masarakat,” terang Gatot.
Nang aksi kuwe, petugas ngedumna kertas lembaran sing isine maklumat Kapolri. Nang antarane, ora nglakoni kegiatan sosial masarakat sing nggawe kumpule masarakat sing jumlahe akeh.
Petugas uga ngampiri grombolan wong-wong nang Jalur Pantura Dalan Diponegoro, Ahmad Yani, Taman Monumen Juang karo pirang-pirang tempat ngetem nang Brebes. Belih mung nang wilayah Brebes mbang lor, tapi uga tengah nganti kidul.
“Giat bengi kiye, dhewek bareng Pemkab Brebes nglakoni woro-woro social distancing. Masarakat sing esih ngetem utawa ngumpul-ngumpul eben gagiyan balik nang umah, nggo ngurangi nyebare virus covid-19,” ujare Gatot.
Kapolres latane njaluk maring kabeh jajarane uga sekalian mekena sosialisasi ngenani bahaya nyebare virus corona. Gatot nerangna, lewat kegiatan sruangan kuwe, pihake ngarep-arep masarakat bisa nuruti. Dadine, nyebare virus corona bisa dicegah.
“Dhewek njaluk masarakat nuruti imbauan kiye, demi keslametan bareng. Toli diimbau kabeh masyatakat aja kedangdapan. Tetep waspada lan terus njaga keresikan,” pungkase. (*)
Sing Nyunting: Irsyam Faiz
Discussion about this post