TEGAL – Acara orkésan nang lapangan Tegal Kidul, Kota Tegal, dina Rebo (23/9/2020) bengi dikebeki daning éwonan warga. Acara kuwé nggo ramékna hajatan sing digelar daning dewan utawa Wakil Ketua DPRD Kota Tegal, Wasmad Edi Susilo.
Pantauan Panturapost nang lokasi, éwonan warga ngebeki ruang kebuka seamba lapangan bal kuwé. Antara warga siji karo liyané akéh sing ora duwé let babar blas.
Utamané nang ngarep panggung hiburan, wong-wong katon pada usel-uselan. Apamaning, akéh warga sing belih nganggo masker. Acara kiyé uga nggawe arus lalu lintas macet.
Nurut Ozy (33) warga Kelurahan Tunon, Tegal Kidul, dhéwéké nguja teka bareng karo batir-batire nggo ndeleng lan ngringokna dendangan irama musik orkes sing dadi kesayangané.
“Angger olih kabar, seka tangga. Tapi informasiné sempet ana nang fesbukk uga,” omongé Ozy, ditemoni nang lokasi.
Ozy dhéwék belih nganggo masker. Alesané dhéwéké ésih enom lan krasa waras. “Ora perlu wedi virus, soalé kurang ngandel karo virus uga. Toh nyong uga waras,” jaré Ozy.
Penonton liyané, Kusnaenah (47) warga Kelurahan/kecamatan Margadana, Kota Tegal, nguja teka bareng karo bojoné. Sejen karo Ozy, dhéwéké milih nganggo masker.
“Tetep kudu nganggo masker. Nggo jaga-jaga. Kan kasus corona nang Kota Tegal lagi munggah terus kan ya,” jaré Kusnaenah.
Alesan dhéwéké teka nggo ndeleng yakuwé soalé dhéwéké ketarik karo penampilan apik grup orkés Kaisar “Kuwé jaréné Kaisar seka Jawa Timur jaréné. Biduané apik-apik,” omongé.
Diungkapna Kusnaenah, acara kesebut digelar awan bengi. “Jaré bojoné mau awan uga tampil. Tapi nyong mbené bisa ndeleng bengi soalé awan dagang,” imbuhé.
Panturapost nacak ngonfirmasi acara orkésan kuwé maring Wasmad Edi Susilo. Tapi durung olih tanggepan nganti berita kiyé digawé.
Sadurungé, acara kawinan lan sunatan kiyé pancén sempet gawé geger nang jagat maya. Poto-poto persiapan lan poster acara kuwé uga nyebar nang media sosial.
Acara orkés kuwé ngundang reaksi seka pirang-pirang pihak soalé digelar nang wayah pageblug utawa COVID-19. Apamaning, jumlah kasus positif COVID-19 nang Kota Tegal munggah terus.
Nggo informasi, nganti dina Rebo (23/9), jumlah warga Kota Tegal sing kekonfirmasi positif tekan 120 wong. Karo rinciané yakuwé, 14 dirawat, 44 isolasi mandiri, 53 mari, lan 9 ninggal dunya. (*)
Discussion about this post