Launching Alun-alun Karo Taman Pancasila Durung Klakon - Panturapost.com
Selasa, Maret 2, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Launching Alun-alun Karo Taman Pancasila Durung Klakon

Rencana Pemréntah Tegal launching rong kawasan kuwé pas nutup taun mabag taun 2021, tapi ora klakon.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2020/12/30 10:42pm
2 min read
0
Ramai Dikunjungi hingga Timbulkan Kerumunan, Taman Pancasila Kota Tegal Ditutup Sementara

Taman Pancasila di Jalan Pancasila, Kota Tegal, Sabtu (26/12/2020). (Foto: Setyadi)

223
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

KAREPÉ menungsa karo Pengéran séjén. Sadurungé lubar taun 2020, Kota Tegal jan-jané wis tata-tata ngruwag kawasan Alun-alun ngarep Masjid Agung tekan kawasan Taman Pancasila, bén kotané tambah kerén. Rong lagu tegalan uga wis disiapna gonéng seniman Tegal saka Komunitas Sastrawan Tegalan.  Rencana Pemréntah Tegal launching rong kawasan kuwé pas nutup taun mabag taun 2021, tapi ora klakon. Ndilalah pageblug Covid-19 égin ngibar ning jagad raya, gén menungsané ora duwé daya medot pageblug sing saiki durung lereb. Kepaksané, rencana menugsa sing wis ngrancang kekarepané gagal total.

Bocah-bocah enom ngendi paran sing sokan méjéng swaphoto nang kawasan Taman Pancasila, ndadak kena getahé jalaran ana pengumuman saka Pemréntah Pusat ora olih kumpul-kumpul ngadepi tutup taun.

Merga kuwé kanggo ngindari masyarakat aja kumpul-kumpul, kawasan Taman Pancasila karo Alun-alun ditutup nganggo séng gén dijaga ketat daning petugas keamanan. Sing créngkéng digusah nganggo semprotan banyu saka blangwir.

Nutup taun angka kembar, mabag taun anyar sing pan mleték, kahanan Tegal bakal sepi liti. Pengumuman resmi saka Pemrétah, dalan-dalan sing tinuju pusat kota utamané Taman Pancasila lan kawasan Alun-alun, rapet jipet ora kena nggo liwat.

Baca Juga

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

1 Maret 2021
Tembung Khusus Wong Tegal

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021
Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

25 Februari 2021

Babakan sing kaya kuwé ngémuti nalika Kota Tegal dilokdon. Saiki jalaran pageblug Covid-19 sangsaya ngédapi, kepaksané kudu nutup dalan maning.

“Ya wis lah… timbang mengkoné masyarakat akéh sing kepapar corona, kebijakan Pemerintah nutup dalan kudu didukung!” Kadengaré omongané Kapér waras. Biasané asal njeplak.

“Dengarén bengi kiyé omongané kowen waras, Pér?” omongané Sidul nyuled geni. Mancing panas baran atiné Kapér.

“Angger ngomong nyangklak nemen sih Dul? Selawas kiyé omongané enyong compong apa ya?” Kapér molai kepancing omongané Sidul.

Mas Jon sing wis paham karakter jakwir-jakwiré, tibané kur cengar-cengir. Bab kuwé sing ndadékna rahaté sesrawungan jakwir-jakwir lan gayengé dopokan.

“Sing ngomong kowen compong sapa? Senengé salah tampa kowen?” Sidul ménggokna masalah. Ora bada nyekakak.

“Pancén ka Dul. Bocah siji kiyé nék dijak ngomong, payah. Ampun ka….” Darto mélu nyenggaki. Tapi nada suarané gawé waduké Kapér mréngkél.

“Wis lah… ngomong karo kowen, wanyad kabéh! Suka udud ah!” Karo ngomong kaya kuwé, tangané Kapér langsung ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon.

Sepi sejenak.

“Mungguhé yanu, kebijakan Pemréntah nutup dalan sajeroné pan mringati tutup taun, ora masalah. Wong tujuané apik kanggo nyelametna wargané. Lagian, malem tutup taun ora kur taun kiyé gél. Mégin ana taun-taun saterusé,” omongé Darto sauwisé sepi njaring.

“Mulané kuwé ora susah hura-hura. Ngawé acara déwék ning Pos Ronda, rahat! Enyong nabuh gitar, Darto nabuh kendang, gén Sidul nabuh suling….” Sengaja Mas Jon ora nyebut arané Kapér. Sapisan-pisan déwéké ngelédék Kapér. Réaksi Kapér gén kepimén?

“Ish Jon? Enyong ora kepétung?” omongé Kapér separo ndelak.

Darto karo Sidul sontak nyekakak.

“Énté nabuh icik-icik Pér? Cik kiwirrrr….” senggak Darto karo nyekakak.

Sidul karo Mas Jon ndadak nyekakak. Kapér mucu-mucu! (*)

——-
Lanang Setiawan, Penerima hadiah Sastra “Rancagé” lan uga novelis.

Tags: Alun-alun Kota TegalMociTaman Pancasila Kota Tegal
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional
Moci

Penyair Tegal Sejajar karo Penyair Nasional

1 Maret 2021
Moci

Gegara COVID-19, Bocah Sekolah Kaya Anak Tiri

28 Februari 2021
Tembung Khusus Wong Tegal
Moci

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek
Moci

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Ungkap Pencurian Truk Lintas Propinsi, 10 Anggota Tim Resmob Polres Brebes Terima Penghargaan

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 122.8k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 47.1k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X