BREBES — Lemah longsor nimpa patang titik nang Kecamatan Bantarkawung karo Salem Kabupatén Brebes, dina Senén (15/12/2020) bengi. Akibaté, longsoran lemah tebing kuwé nggawé pirang-pirang umah ndéké warga pada bodhol.
Informasi sing ditampa PanturaPost.com nyebutna, lemah longsor kuwé salah sijiné kedadén nang talud sing nggo nahan tebing nang pemukiman warga nang Dukuh Secang RT 07/RW 02, Désa Terlaya, Kecamatan Bantarkawung. Penyebabé yakuwé lemah sing kudanen gedhé lan semadan suwé.
“Talud sedhuwur limang méter karo dawa sepuluh méter longsor dina Senén bengi (14/12) sekitar jam sanga kurang seprapat, merga udan sing molai kedadén jam loro awan,” omongé Danramil 12 Bantarkawung, Kodim 0713 Brebes, Kapten Infanteri Nurhadi, dina Slasa (15/12/2020).
Laka korban jiwa neng musibah kuwé. Anané mung umah-umah sing pada kena material longsor, kaya umah ndéké Karno (47) lan Raswad (56). Lah, angger umah sing kayong keancem kuwé ndéké Slamet Riadi (45).
“Pihak désa lan masarakat sakoloman bareng karo petugas penanggulangan bencana sakoloman nglakoni upaya pencegahan longsor susulan angger kedadén udan gedhé maning. Yakuwé karo masang terpal nang ndhuwur longsoran,” ungkapé.
Sementara kuwé, bencana lemah longsor uga kedadén nang wilayah Kecamatan Salem, Kabupatén Brebes. Nang kana, lemah longsor kedadén nang telung lokasi sing sejen néng dina sing padha, nang dina Senen soré (14/12/2020).
Lemah longsor kedadén nang Dukuh Kantong RT 04/RW 03, Désa Banjaran sekitar nang jam papat soré. Tebing sedhuwur limang méter karo dawa rongpuluh méter nang kana longsor. Akibaté telung umah ndéké warga sakoloman bodhol nang tembok bagian pawon, kamar ngantikan kolam.
Peristiwa ke loro nang Dukuh Brak RT 03/RW 05, Désa Salem sekitaréng jam lima soré. Longsor nibani tebing sedhuwur limang méter karo dawa sepuluh méter. Material longsor nrajang bangunan umah ndéké Rustono (50).
Latané longsor nang Désa Citimbang RT 04/RW 01 kedadén jam tengah enem soré nibani tebing sedhuwur limang méter karo dawa limalas méter. Nang kana, sa umah ndéké warga bodhol nang bagian tembok pawon. Sementara rong umah liyané bisa keancem longsor.
“Longsoré kuwé gara-gara kondisi lemahé sing labil sawisé kudanan suwé molai jam loro awan. Material longsor nang ke telu dusun kuwé ngakibatna tembok bangunan ngalami bodhol utawa jebol,” jaré Danramil 13 Salem, Kodim 0713 Brebes, Kapten Infanteri Iskandar.
Untung, laka korban jiwa néng peristiwa kuwé. Tapi tuna seka masing-masing sing duwé umah pirang-pirang molai seka Rp 2-5 juta. Pihaké nglaruhi maring warga sakoloman, khususé sing keimbas lan keancem longsor susulan, eben ngungsi maring tempat sing luwih aman.
“Apamaning angger intensitas udané suwé terus gedhé,” tuturé. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post