PEMALANG — Ana pirang wilayah nggon léréng Gunung Slamet nang Kabupatén Pemalang kedadén udan gemerot nganti nggawé banjir lan longsor nang pirang-pirang désa, dina Slasa (18/1/2022). Malah, motor telu sing keparkir nang pinggir kali ya tiba gara-gara kena pang wit sing kéli kegawa arus kali.
Lurah Désa Jurangmangu, Kecamatan Pulosari, Nuridin wayah dikonfirmasi ngiyakna anané motor sing nyemplung maring kali. Tapi motor telu kuwé bisa diangkat maring ndhuwur.
“Informasi sing nyebar nang média sosial kuwé hoax, nyong ora ngarti sing nyebarna sapa. Motor kuwé dudu kéli kegawa arus kali tapi mung tiba,” jaréné.
Penyebabé, jaré Nuridin, motor tiba maring kali kuwé merga tebing madan longsor lan kena sampah-sampah sing kéli kegawa arus kali. Banyu kali dhéwék mluntrah gara-gara udan gemerot nang pucukéng Gunung Slamet. Akibaté, ana pirang banyu kali sing huluné nang pucukéng Gunung Slamet mluntrah.
“Nyong wis cék maring Pos Pengamatan Gunung Slamet, pancén kedadén udan gemerot. Nggo kendaraan wis bisa diangkat lan mung sa motor sing bodhol,” ungkapé.
Saliyané nang Désa Jurangmangu, dalan utama Polosari, Pemalang — Guci Kabupatén Tegal keleban banjir ngantikan 40 séntiméter. Seka vidio sing nyebar nang pirang-pirang grup WhatshApp, ana pirang kendaraan kaya mobil lan motor katon nglalu nglawan banjir.
“Iya bener banjir. Kuwé banyu seka ndhuwur deres nemen, mugané banyu kali mluntrah ngantikan manjing maring dalan utama. Tapi kuwé mung sedelat banyu wis kisat,” omongé Lurah Karangsari, Kecamatan Pulosari.
Hal sing padha uga diomongna daning Relawan Muhammadiyah Disaster Management Center (MDMC), Ator. Jaréné, udan gemerot sing kedadén sajegé dina Slasa (18/1/2022) soré nggawé ana pirang désa nang telung kecamatan banjir lan longsor. Kaya nang Kecamatan Pulosari, Moga lan Randudokal.
“Tapi banjir nang pemukiman, ésih nang aliran kali. Angger longsor kedadén nang Désa Walangsanga lan Désa Plakaran Kecamatan Moga. Latané nang Kecamatan Randudongkal debit banyu nang Bendungan Mejagong mluntrah. Wisata Curug Sibedi uga banjir. Ésih aman kabéh,” jelasé. (*)
Discussion about this post