Sabtu, Januari 16, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Lokasiné Luwih Pas, Dermaga Apung nang PAI Tetep Pan Dipindah maring Polder Bayeman

Alat-alaté wis lagi pada diangkuti maring polder, lan titik-titiké uga wis ditentukna.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/10 12:09pm
2 min read
0
Lokasiné Luwih Pas, Dermaga Apung nang PAI Tetep Pan Dipindah maring Polder Bayeman

Material Dermaga Apung sudah dipindahi ke Polder Banyeman.

761
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Senajan ora disetujuni Komisi III DPRD Kota Tegal, Dinas Pemuda Olahraga dan Pariwisata (Disporapar) tetep mindahna dermaga apung maring Polder Bayeman nang Kelurahan Kaligangsa, Kecamatan Margadana, Kota Tegal.

Kepala Disporapar Kota Tegal, Cucuk Daryanto, metung Kepala Bidang Pariwisata, Maman Abdurahman, ngomong sesuai karo instruksi Wali Kota, dermaga apung dipindah maring Polder Bayeman soalé lokasiné luwih pas.

“Wis molai diangkut sajegé wingi (Kemis). Titik-titiké uga wis ditentukna. Mengkoné lubar dipasang pan dikelola Pokdarwis nang ngingsoréng pengawasan Dinas Perkim lan DLH,” omongé Maman, wayah dibéll PanturaPost, dina Jemuah (8/1/2021).

Dhéwéké nyampékna, bakalé anané dermaga apung tetep diproyéksikna maning nang PAI karo material sing sejen utawa luwih kuwat nahan kuwaté ombak. “Omongé Pak Wali mengko dermaga apung tetep pan ana nang PAI karo material sing luwih kuwat nahan ombak,” jaréné.

Baca Juga

Vaksinasi Corona di Jateng Dimulai Serentak Besok, Ganjar Cek Kesiapan

Kiyé Telung Daérah nang Jateng sing Pan Divaksin Tanggal 14 Januari Ngésuk

13 Januari 2021
Pemuda Salem yang Hilang Ditemukan Meninggal Dunia di Curug

Dikabarna Ilang, Wong Salem Kiyé Ditemukna Wis Ninggal Nang Curug Cisoreng

11 Januari 2021
Ade Ayu Alviani, Perempuan Muda di Tegal yang Peduli dengan Orang Gila

Critané Adé Ayu Alviani, Wong Wadon sing Seneng Nulungi Wong Gemblung nang Tegal

11 Januari 2021
Puluhan Rumah di Bumijawa Rusak Diterjang Angin Puting Beliung 

Dihampad Angin Lisus, Puluhan Umah Nang Bumijawa pada Ruwag

10 Januari 2021

Nanggepi hal kuwé, Ketua Komisi III DPRD Édy Suripno nyayangna langkah Pemkot Tegal kuwé. Diomongna neng kono, perencanaan pembangunan Pemkot neng persoalan kuwé ringkih.

“Rencana dipindahnané dermaga apung sejatiné perlu dipertimbangna maning daning Wali Kota. Wayah tetep dipindahna nudukna perencanaan pembangunan lemah, lan kiyé ora apik neng sistem pengembangan daérah,” omongé Edy, nang Gedung DPRD, dina Jemuah (8/1/2021).

Jaréné, proyék dermaga apung sanilé Rp 2,5 miliar sejatiné tetep kudu ana nang objék wisata Pantai Alam Indah (PAI). Umpamané, dipasang ulang sawisé nglakoni évaluasi sing luwih jelas. Salah sijiné karo dibagi maring desain sing luwih cilik seka sadurungé.

“Dermaga apung nang PAI mauné wis ditentukna output lan outcome-né jelas. Ari, dermaga apung kiye nggo nambahi destinasi wisata nang PAI nggo ndongkrak pemasukan,” jaréné.

Saliyané kuwé, karo dipindahna maring polder pan ana ganti pertanggungjawaban. Nang endi wayah nang PAI dadi kewenangan Disporapar, lah angger nang polder ana nang Dinas Perkim.

“Migrasi penganggaran kaya kiyé seka sudut pertanggungjawaban uga pan nimbulna masalah,” omongé wong lanang sing akrab diaruh-aruhi Uyip kiyé.

Saliyané kuwé, ana hal séjén sing kudu dadi pertimbangan Pemkot Tegal. Umpamané soal keamanan pengunjung dermaga pas wis dipasang nang polder.

“Nang PAI sing jeroné mung sekitareng 1,2 meter, lah nang polder tekan 3,5 méter. Mugane nrawasna nemen pengunjung kalané kedadén apa-apa,” jaréné.

“Apamaning durung ana petugas pengawas. Kaya nang PAI sing wis ana petugas keamanan pantai. Hal kiyé sejatiné perlu dipahami Wali Kota nggo ora maksakna dermaga apung nang polder,” tambahé.

Kaya dingerténi, dipindahé dermaga apung seka PAI maring Polder Bayeman yakuwé merga proyék sanilé Rp 2,5 miliar sing mbené kepasang kuwé bodhol dihampad ombak nang awal wulan Désember 2020 wingi. (*)

Tags: Bahasa NgapakOra Ngapak Ora Kepenak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Jalur Pantura Tegal Terendam Banjir, Lalu Lintas Tersendat
Warta Ngapak

Dalan Pantura Tegal Keleban Banjir, Kendaraan sing Liwat pada Kangélan

15 Januari 2021
Wasmad Bayar Denda Rp 50 Juta Namun Kejari Tegal Belum Mau Terima
Warta Ngapak

Wasmad pan Mbayar Denda Séket Juta, Tapi Kejaksaan Durung Gelem Nrima

15 Januari 2021
Status Gunung Slamet Meningkat Jadi Waspada, Berpotensi Erupsi
Warta Ngapak

Gara-gara Alas Ingsor Gunung Slamet Digunduli, nang Brebes Kidul Sering Longsor

15 Januari 2021
Banjir di Kabupaten Tegal Meluas, Ribuan Rumah di Lima Desa Terendam
Warta Ngapak

Gara-gara Banjir, Éwonan Umah Nang Warureja Tegal pada Keleb

14 Januari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Ora Kuwat Nyalip, Bis Sudiro Tungga Jaya Nyrudug Adang-adang Dalan Nang Tol Pejagan-Pemalang

  • Debit Air Sungai Sentuh Level Merah, Jembatan Pemali di Jalur Pantura Ditutup Sementara 

  • Tanpa Pamit Keluarga, Pemuda Asal Musi Banyuasin Mendaftar Persekat Academy hingga Dikabarkan Hilang

  • Melas Nemen! Bar Niliki Emané nang Tegal, Widia Numpak Sriwijaya Air sing Tiba nang Laut

  • Video: Melihat Wajah Baru Alun-alun Kota Tegal dari Udara

  • Guru Honorer di Atas Usia 35 Tahun Diusulkan Jadi PNS Tanpa Tes

  • Tabrak Pembatas Jalan, Bus Sudiro Tungga Jaya Melintang di Tol Pejagan-Pemalang

MEDIA SOSIAL

  • 121.4k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 45.8k Subscribers
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Iklan Baris

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Sejarah
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Advetorial

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X
Close Ads X