Los Demit Pasar Jatilaba – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Los Demit Pasar Jatilaba

Pan percaya kena, ora gén beléh papa.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
26 Agustus 2020
3 min read
0
Kisah Anake Sidul, Nggayuh Nyalon Bekel

Lanang Setiawan.

Share on FacebookShare on Twitter

UMUMÉ wong dodol nang pasar akéh sing tuku. Sebab nang kono, pirang-pirang uwong pada anjog pan blanja, tetuku barang kebutuhan ibu-ibu kanggo kaluwarga. Tapi kiyé anéh! Ana salah siji los jero pasar laka sing wani manggoni. Panggonan kuwé tetep dijor kosong mlompong.

Man sapa wong sing ngliwati panggonan kuwé pada mingser. Padahan nang kono ana 3 gedog, yakuwé kotak dagangan kanggo ndalah barang-barang sing pan diedol. Wong-wong sing pan liwat kur nglius kabéh!

Pan percaya kena, ora gén beléh papa. Jelasé baé, pemandangan kuwé anéh bin ajaib. Tepat panggonané nang wilayah Desa Jatilaba, Kecamatan Kedungbanteng, Kabupaten Tegal.

ADVERTISEMENT

Bab kuwé sing lagi diomongna jakwir-jakwiré Jon Dapuk. Kaya biasané obrolan jakwir-jakwiré nang Pos Ronda sing dibangun Jon Dapuk, khususon kanggo gendu-gendu rasa jakwir cétémé zaman sekolah nang SD.

Baca Juga

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

Air Mancur Alun-alun Tegal Menari Diiringi 2 Lagu Tegalan Karya Lanang Setiawan

24 Januari 2023
Cerbung Episode 1: Tujuh Ekor Kuda Liar

Cerbung Episode 46: Terperangkap Dalam Lorong Waktu

12 Desember 2022

Jon Dapuk sengaja ngadegna Pos Ronda, jalaran déwéké duwé peduli maring jakwiré kayadéné Sidul, Kapér, lan Darto supaya bisa mbagi élmu lan pengalaman. Tujuané, mulyakena jakwir-jakwir Jon Dapuk aja kosih diina wong liya sing sekolah duwur. Ilmuné Jon Dapuk pan diglontor saanané zonder ditutup-tutupi. Cekak tembung, jakwir-jakwiré bisa tanding kambén sapa baé. Saora-orané aja nganti disepélékna. Kuwé niat suci Jon Dapuk maring jakwir-jakwiré. Mula kuwé, saben bengi Jon Dapuk nggelar diskusi alias obrolan apa baé.

Kanggo bengi kuwé, jakwir-jakwiré duwé masalah kudu diudari yakuwé tentang los pasar, sing ana nang Desa Jatilaba, laka wong wani manggoni. Jan-jané los kuwé dékéné sapa? Wong pangkat, apa dékéné wong sugih wanta-wanti nglarang ora kena manggoni los kono?

“Bisané laka sing wani manggoni, saluguné los kuwé dékéné sapa Jon?” Omongé Sidul mbuka gendu-gendu rasa.

Jon Dapuk ora rikat njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pada mbalang pikatkonan. Kaya biasané déwéké nyecep wédang pociné sing ana nang adepané. Kaya biasané Kapér nyomot saeler rokoké Jon Dapuk langsung disuled.

“Anéh! Bener-bener anéh!” mujaré Kapér.

“Angger diséwa, ndéan olih ya Jon?” Darto nyambung pitakonan.

Anjog nang kéné, Jon Dapuk molai ancang-angcang njawabi pitakonané jakwir-jakwiré.

“Critané kaya kiyé.”

Jon Dapuk wiwiti pan nerangna. Jakwir-jakwiré njémbréng kuping. Siap-siap ngrungokna.

“Zaman nyong durung ngabdi nang Panturapost.com, mégin dadi wartawan tabloid Tegal Tegal, olih keterangan salah siji pegawé Pasar Desa Jatilaba, jaré selawas déwéké tugas nang pasar kono, los kuwé pancén laka sing duwé. Mung senajan laka pemiliké, babar blas laka wong sing wani manggoni tempat kuwé. Dikontrak? Ngotraké maring sapa?” mujaré Jon Dapuk njawabi jakwir-jakwiré.

“Kan bisa ngontrak maring petugas pasaré owh, Jon?” Darto mégin penasaran baé.

“Pihak pasar pada baé, ora wani. Jan-jané sing pan nyéwa los kuwé ora étungan. Bayar pira baé ora masalah. Panggonané stategis. Tapi pihak pasar angkat tangan, akhiré dikosongi!”

“Nyong dadi éram kyéh. Ana dasaran nang pasar dikosongi klebuné mubasir, owh Jon?” jaré Sidul.

“Kira-kira adong kowen manggoni, sanggup nanggung risikoné, Dul?”

“Nanggung risiko pimén?” takoné Sidul tambah beléh ngerti.

“Kuwé los demit, Dul!” omongé Jon Dapuk.

“Ha??!”

Srentak mata jakwir-jakwiré Jon Dapuk mlotot, cangkemé mlongo. Saiki tembé paham. Mugané panggonan kono laka wong wani manggoni.

“Kuwé masalahé, bro?”

“Kuwé crita beneran, Jon?” takoné Darto.

Jon Dapuk mantuk.

“Nyong takon, Jon.”

“Takon apa, Pér?”

“Sejarahé pimén sih? Bisané los kono dékéné demit?” sambung pitakoné Kapér.

ADVERTISEMENT

“Awité, pegawé pasar sing arané Slamet R ya ora ngandel. Ésuké malah ora bisa nguyuh. Sawisé ditekakna wong pinter, los kuwé jebulé kang aran Sungai Tumpakan,” semauré Jon Dapuk.

“Apa maning kuwé, Jon?” takoné Sidul.

“Sungai Tumpakan kuwé tempaté makhluk halus, ora gelem pindah. Sapa sing dodol nang kono, modalé ludes. Pirang-pirang uwong coba dagangan nang kono, bangkrut kabéh. Malahan gunakaya sing disimpen nang umah, kesedot ora kesisa. Sing luwih anéh maning, kono kabaré, adong ana wong meteng liwat wilayah kono ndadak pisahan kambén lakiné. Bab kuwé sing akhiré los kono dikosongna!” ujar Jon Dapuk sing sadurungé mungkasi critané, nambahi omongan. Jaré saben malem Jemuah Kliwon, ana uwong ndokon rong gluntung degan lengkap sesajiné. (*)  

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.  

Tags: Lanang setiawanMociPasar Jatilaba
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Polisi Ungkap Nama LSM Tersangka Pemerasan dalam Kasus Pemerkosaan Anak di Brebes

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.4k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In