Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka - Panturapost.com
Minggu, Februari 28, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

Sing penting nontone pada jaga jarak ora pada lendot-lendotan.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2021/01/23 3:57pm
1 min read
0
Lur, Tanggal 1 Februari Bioskop nang Tegal Wis Molai Buka

Pegawai Bidang Pariwisata Dinporapar Kota Tegal, Rabu (2021), mengecek kesiapan salah satu bioskop di Kota Tegal menjelang pembukaan kembali 1 Februari 2021 mendatang. (Dok. Bidang Pariwisata)

118
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL — Pemréntah Kota (Pemkot) Tegal ngrencanakna molai tanggal 1 Fébruari 2021 kabéh bioskop nang Kota Bahari olih dibuka maning. Kaya dingerténi, ke telu bioskop yakuwé Gajah Mada Cinema, CGV Cinemas Transmart Tegal lan Cinepolis Pacific Mal sempet tutup sajegé pageblug Corona teka.

Wali Kota Tegal Dédy Yon Supriyono ngomong, senajan kaya kuwé, masing-masing bioskop kudu nerapna protokol kesehatan sing ketat.

“Daya tampung penonton maksimal diisi séket persén,” omongé lubar nekani Penandatanganan bersama Perjanjian Kinerja (PK) lan Penetapan Agen Perubahan Pemkot Tegal Taun 2021 nang Pendapa Ki Gedé Sebayu, dina Rebo (20/1/2021).

Dédy ngomong, pihaké ora pan awéh toléransi angger pihak bioskop nrima penonton luwih seka séket persén daya tampung. Saliyané kuwé, pihak pengelola uga mbuka tempat pesen tiket metung sistem onlén, nyiapna petugas, nyiapna hand sanitizer lan nang lawang manjing ana petugas ngganggo termo gun nggo ngecék suhu awaké penonton.

Baca Juga

Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021
Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

25 Februari 2021
42.000 Petugas Pelayan Publik hingga Lansia Jadi Sasaran Vaksinasi Tahap II di Kota Tegal

42.000 Petugas Pelayan Publik hingga Lansia Jadi Sasaran Vaksinasi Tahap II di Kota Tegal

25 Februari 2021
Bulog Jamin Stok Beras di Eks Karesidenan Pekalongan Aman Meski Cuaca Ekstrem

Bulog Jamin Stok Beras di Eks Karesidenan Pekalongan Aman Meski Cuaca Ekstrem

24 Februari 2021

“Nang Tegal dongé wis buka seka awal Januari, tapi merga nang daérah sing liya ésih ana sing nglakoni PSBB bareng-bareng, akhiré nang Kota Tegal bioskop pan buka nang tanggal 1 Fébruari 2021,” jaré Dédy Yon.

Dédy ngungkapna, bioskop nang DKI Jakarta wis dibuka sajegé wulan Novémber 2019. Bioskop nang Kota Tegal awalé dibuka maning nang tanggal 1 Januari 2020. Tapi dhéwéké durung bisa mékena lampu ijo soalé nang pirang-pirang daérah ésih nerapna PSBB bareng-bareng.

Dhéwéké ngarep-arep, tanggal 1 Februari 2021 managemen seka ke telu bioskop kuwé wis nglakoni persiapan sing mateng nggo pelaksanaan protokol kesehatan. Sementara simulasi pan digelar sadurungé nganggo cara resmi bioskop dibuka.

“Akhir wulan Januari dhéwék pan lakoni simulasi luwih-luwih disit sadurungé sinema kiyé dibuka,” jelasé Wali Kota. (*)

 

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: BioskopTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Tim Gabungan Jatanras dan Resmob Brebes Lumpuhkan 2 Pencuri Truk Lintas Provinsi
Warta Ngapak

Gawé Ruwed Tok! Garong Loro sing Biasa Nyolongi Trek Dibedhil Kémpolé Daning Polisi

28 Februari 2021
Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal
Warta Ngapak

Tambang Wedhi nang Kali Pedes Tonjong Ora Sida Ditutup, Mung Aktivitase Dibatesi

28 Februari 2021
Warga Sigambir Brebes Pergoki Pencuri Congkel Kotak Amal Musala
Warta Ngapak

Nang Sigambir Brebes Ana Maling Kotak Amal Musola, Untung Baé Ora Digebugi

26 Februari 2021
Ganjar Heran dengan Konflik Kepemimpinan di Kota Tegal: Apa perlu Diruwat Ya?
Warta Ngapak

Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

26 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Viral Konvoi Remaja Brebes dan Acungkan Celurit, Kapolsek Tanjung: Video Lama dan Sudah Ditindaklanjuti

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X