Mahasiswa UPS Tegal pada Demo Njaluk Biaya Kuliahé Dimuduna – Panturapost.com
Senin, Februari 6, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Mahasiswa UPS Tegal pada Demo Njaluk Biaya Kuliahé Dimuduna

Soalé nang wayah pageblug, fasilitas perkuliahan ora sapenuhé dienggo daning mahasiswa.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
2 September 2020
2 min read
0
Tuntut Keringanan Biaya Kuliah, Puluhan Mahasiswa UPS Tegal Demo

Mahasiswa UPS Tegal menggelar aksi unjuk rasa menuntut adanya keringanan biaya perkuliahan selama pandemi Covid-19 di kampus setempat, Senin (31/8/2020). (Foto: Setyadi)

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Puluhan mahasiswa Universitas Pancasakti (UPS) Tegal pada nuntut biaya kuliahé dimuduna selawase pageblug utawa pandemi COVID-19. Mahasiswa kuwé pada demo utawa nggelar aksi unjuk rasa nang kampusé, dina Senén (31/8/2020).

Perwakilan seka mahasiswa, Andika Fébri nang orasiné nyampékna, wayah mahasiswa sinau daring dongé ana keringanan biaya kuliah. Apamaning, fasilitas perkuliahan ora sapenuhé dienggo daning mahasiswa.

“Wayah keadaan angél kaya kiyé, mahasiswa malah dibebanna nggo tetep mbayarna biaya kuliahé kuwé penuh. Padahal pembelajaran dilakoni nganggo cara daring, dadiné fasilitas perkuliahan uga ora dienggo optimal,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Nang sisi liya, jaré Andika, merebaké pandemi COVID-19 nggawé terpuruké kabéh sendi urip. Ora terkecuali nang sektor ekonomi.

Baca Juga

Tidak Terjadi Penculikan Anak di Kabupaten Tegal, Kapolres Imbau Warga Tetap Waspada

Kabar Penculikan Anak nang Kabupatén Tegal Jebulé Hoaks, Kiyé Jaré Kapolres

4 Februari 2023
Ayah Dedy Yon Belum Restui Anaknya Maju Lagi Jadi Wali Kota Tegal

Dedy Yon Durung Olih Maju Maning Dadi Wali Kota Tegal Daning Bapané

2 Februari 2023

“Durung maning Indonesia diadhepna nang resesi sing pan nambahi beban negara,” omongé.

Disampekna dhéwéké, mahasiswa uga wis kebebani karo kuota internet sing kudu ditanggung nggo bisa meloni proses perkuliahan.

Belih satitik, ekonominé wong-wong tuwa uga melu ngrasakna dampak pandemi. Tapi, mahasiswa ora satitik ya olih simpati seka pihak kampus.

“Nggo kuwé dhéwék nuntut pihak kampus nggo ngénténgna biaya. Baik kuwé registrasi lan njamin laka mahasiswa sing cuti lawasé pandemi,” pungkasé.

ADVERTISEMENT

Rektor UPS Tegal Fakhrudin ngaku pan nampung aspirasiné mahasiswa. Pihaké pan ngrembukna persoalan kuwé bareng karo jajaran rektorat, dekanat, lan yayasan UPS.

Jaréné, ana mekanismé sing kudu ditempuh sadurungé putusan ditokna. “Aspirasi uga kudu realitas. Dhéwék tetep merhatikna aspirasi mahasiswa sing pan disampékna maring Yayasan,” omongé maring wartawan.

Pihaké pan ngundang perwakilan seka mahasiswa nggo nglakoni audiénsi nang dina Kemis (3/9/2020). “Soalé kebijakan sing ditokna dudu mung nang rektorat tok, tapi uga dibahas bareng karo yayasan,” pungkasé.

Durung marem karo jawabané rektor, mahasiswa nglanjutna maning aksiné. Dina kiye, mahasiswa pada nglakoni aksi nang ngarepe kantor yayasan. Aksi surung antara mahasiswa lan petugas keamanan sempet marnani mlakuné aksi. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: Berita ngapakDemoUps TegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Polisi dan Warga Larangan Brebes Gotong Royong Uruk Jalan yang Rusak Parah
Warta Ngapak

Penthol, Polisi lan Warga nang Larangan Brebes Nguruki Dalan sing Pada Bodhol lan Bolong

5 Februari 2023
Perbaikan Jembatan Pemali Brebes Molor, Polisi Siapkan Rekayasa Lalu Lintas Saat Arus Mudik Lebaran
Warta Ngapak

Proyéké Molor, Jembatan Pemali Brebes Ora Bisa Diliwati Wayah Mudik Badanan

5 Februari 2023
Tidak Terjadi Penculikan Anak di Kabupaten Tegal, Kapolres Imbau Warga Tetap Waspada
Warta Ngapak

Kabar Penculikan Anak nang Kabupatén Tegal Jebulé Hoaks, Kiyé Jaré Kapolres

4 Februari 2023
Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan
Warta Ngapak

Mantri Bank lan Wong Paguyangan Dicekel Gara-gara Kasus Kredit Bodong

3 Februari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Kasus Kredit Fiktif hingga Rp 3,2 Miliar, Mantri Bank BUMN dan Warga Paguyangan Ditahan

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tersangka Sebut Uang Hasil Korupsi Kredit Fiktif untuk Bangun Wisata di Paguyangan

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Warga Tonjong Brebes Geger Temukan Bayi Masih Hidup Tergeletak di Rumah Kosong 

  • Mal Pelayanan Publik Kabupaten Tegal Siap Diuji Coba pada Akhir Februari 2023

  • Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In