Manfaat Ndeleng Lukisan - Panturapost.com
Senin, Maret 1, 2021
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Uncategorized

Manfaat Ndeleng Lukisan

Uneg-uneg sing ditumplek nang kanvas nyipta bentuk corat-corét, sapuan warna-warna gelap terang, kuwé sing arané lukisan

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
2021/01/19 9:42pm
2 min read
0
Manfaat Ndeleng Lukisan
62
VIEWS
Share on FacebookShare on Twitter

UNEG-UNEG sing ditumplek nang kanvas nyipta bentuk corat-corét, sapuan warna-warna gelap terang, kuwé sing arané lukisan. Wujudé bisa pemandangan, kéwan, sosok menungsa, alam sekitar, lan apa baé sing dikarepi pelukis.

Awit corat-corét, brak-bruk warna cét diramu dadi siji, akhiré wujud gambar.

“Olih rong dina kiyé tulisané énté lukisan baé Jon? Jan-jané mangfaat lukisan kuwé kanggo menungsa apa?” ujaré Darto miwiti mbuka obrolan. Panggonané kaya biasa nang Pos Ronda mburi umahé Mas Jon.

Kaya biasané Mas Jon emoh njawabi sadurungé jakwir-jakwiré pepek mbalang pitakonan.

Baca Juga

Tembung Khusus Wong Tegal

Takdir Bahasa Tegal, Bahasa Ngoko

27 Februari 2021
Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

Ora Olih Parkir, Tapi Motor Kebek

26 Februari 2021
Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

25 Februari 2021
Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

Anak Mantan Wakil Wali Kota Tegal Dodol Durén

24 Februari 2021

“Sangertiné enyong, nék nglukis obyéké tur ngeliré pinter, kuwé lukisan apik. Kanda manfaat, lukisan ya mung kanggo sawangan gél!” omongé Sidul.

“Maksudé kowen kur nggo pététan? Idep-idep kanggo pajangan nang témbok, Dul?” Kapér nanggapi omongané Sidul sekaligus ngulukna pitakonan.

“Sih pan dipangan? Kuwé arané, kowen gebleg!”

“Sikah! Ngomong ka gejar-gejur. Gebleg ndasmu pokah?” Nyruwangé Kapér. Sing dimaksud nyruwang, artiné ngganyami.

Mas Jon ndeleng jakwir-jakwiré adu omongan, kur mésem.

“Ndelén Jon. Énté aja mésem tok. Ébén aja rudu, jal diterangna manfaaté lukisan kanggo menungsa?” takoné Darto sekaligus ngandeg omongan Mas Jon ébén jakwir-jakwir aja réang.

Kaya biasané sadurungé Mas Jon njawabi, tangané ngangkat cangkir isi inungan téh poci, latané nyumed sigarét. Kaya biasané tangané Kapér ndudut rokok saeler dékéné Mas Jon. Darto karo Sidul uga mélu-mélu aksi ndudut rokok saeleran.

“Manfaat lukisan kuwé pirang-pirang. Ora kur nggo pététan nang témbok, tapiné bisa ngurangi strés karo ningkatna kesadaran diri….”

“Ish! Sing bener baé, Jon. Bisané?” Kapér ndadak motong omongané Mas Jon.

“Pertama, keuntungan kanggo pelukisé bisa madep mantep maring obyék sing lagi diadepi. Bab kiyé ndadékna ruwed-ruwed nang pikiran blas lereb sebab pelukisé lagi fokus alias kosentrasi.”

Krungu penjelasané Mas Jon, jakwir-jakwiré mantuk-mantuk. Sitik-sidik wawasané kebuka.

“Manfaat keloro, lukisan kuwé ana gunané kanggo keséhatan jiwa.”

Jakwir-jakwir Mas Jon tambah kéder. Nang pikiran jakwir-jakwiré, apa hubungan lukisan kambén keséhatan?

“Waduh! Yanu dadi mumet. Omongané énté tambah ora genah. Élmu sing endi manfaat lukisan ana sambung rapeté karo keséhatan, Jon?” takoné Darto karo tangané nyekeli batuk gén endasé gédég-gédég, tanda bingung.

“Salah siji tulisan sing diunggah nang google, pengamat keséhatan dr. Arnold Bresky sing nemokna program Brain Tune Up tau ngomong, manfaat lukisan salah siji kanggo terapi keséhatan pasién sing lagi menderita penyakit Alzheimer Demensia….”

“Takon Jon. Sing dimaksud Demensia kuwé apa, Jon?” takoné Sidul ndisiti Kapér pan ngomong.

“Kuwé istilah kedokteran. Maksudé kumpulan gejala sing ndadékna daya ingaté mudun. Samana uga aktivitas karo komunikasiné ya mudun dratis.”

“Angger Alzheimer sih apa, Jon?” Sidul mbalang pitakonan.

“Penyakit kuwé mempengaruhi daya ingat, bahasa, uga pikiran ngendap penyakit sing gawé sél otak kambén sél-sél liyané mrosot gén mati ndadékna memori lan fungsi-fungsi liyané pada remuk,” omongé Mas Jon.

Jakwir-jakwiré kagum maring pengetahuané Mas Jon. Maring pengetahuan apa baé, déwéké paham.

“Manfaat liyané apa, Jon?” takoné Kapér.

“Wong sing ndeleng lukisan dadi seneng. Coba, adong kowen ndeleng lukisan pemandangan, atiné rasané ayem, sejuk, uga damé. Péndéké kanggo keséhatan otak lan liya-liyané penting nemen,” omongé Mas Jon.

“Trima kasih, Jon. Enyong kabéh akhiré dadi ngerti manfaat lukisan. Ora kur kanggo pelukisé tapi uga kanggo sing nyawang lukisan,” omongé Sidul di-iya-ni karo jakwir-jakwiré. (*)

—–
Lanang Setiawan, penerima hadiah Sastra “Rancagé” uga novélis. 

Tags: LukisanMoci
ShareTweetSendShareShare

Related Posts

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh
Uncategorized

Ati-Ati Duwé Group WA, Mbokan Anggotané Metu Kabéh

21 Februari 2021
Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal
Brebes

Dinas ESDM Jateng: Penambangan Pasir Sepanjang Sungai Pedes Harus Ditutup karena Ilegal

19 Februari 2021
Bencana Tanah Gerak di Sirampog, Satu Rumah Terpaksa Dirobohkan
Uncategorized

Bencana Tanah Gerak di Sirampog, Satu Rumah Terpaksa Dirobohkan

17 Februari 2021
5 Pipa Transmisi PDAB Putus, Aliran Air Bersih ke Tegal dan Brebes Macet
Berita Utama

5 Pipa Transmisi PDAB Putus, Aliran Air Bersih ke Tegal dan Brebes Macet

14 Februari 2021

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Dédy karo Jumadi Lagi Ora Akur, Masalahé Nganti Digawa-gawa Maring Polisi

  • Dipecat dari Ketua DPC Demokrat Kabupaten Tegal, Ayu: Saya Bingung Dituduh Dukung KLB

  • Wali Kota Tegal karo Wakile Lagi Éng-éngan, Ganjar: Diruwat Baé Apa?

  • Ganjar Soal Kabar Dedy-Jumadi Pecah Kongsi: Suruh Ketemu Saya

  • Dedy Yon Laporkan Jumadi ke Polda Jateng Terkait Dugaan Rekayasa Kasus

  • Crita Segumuk Tlatah Brebes Manggon nang Wilayah Tegal

  • Wakil Wali Kota Tegal Jumadi Dikabarkan ‘Menghilang’ Tanpa Kabar, Ada Apa?

MEDIA SOSIAL

  • 122.7k Fans
  • 169 Followers
  • 24.8k Followers
  • 46.7k Subscribers
-- Histats.com START (aync)-->
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Tegal
    • Slawi
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Nasional
  • Jateng
  • Wisata
  • Video
  • Opini
  • PodPost
  • Moci
  • Infografik
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
  • Advertorial
  • Inspire Slawi

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In
Close Ads X