//MANING-MANING ruwed/maning-maning bencana/urip nang tlatahé déwék laka jenjemé//Mangsa korona mangibar-ibar/wong nduwuran manglih dadi banaspati/nambah-nambah masalah//Pendak limang taun sapisan/sampéyan apén-apén éman rakyat/jebul ngantem mburi/rakyat dibanting saporété/sampéyan males ukum/ora weruh sing nggéyong//
Kuwé puisi Tegalan gawéané Kapér. Bengi kiyé Kapér ijin ora mélu ngumpul nang Pos Ronda. Mau awan déwéké kas mélu démo bareng mahasiswa uga warga masyarakat. Nang aksi démo kuwé, tugasé Kapér kon maca puisi. Déwéké pancén jagoan. Khususé dong maca puisi Tegalan.
Waktu Jon Dapuk ngliput aksi démo nang ngarep gedung déwan, weruh Kapér ndelak ngibarna rong puisi ndadékna kahanan démo dadi semangat. Péndéké Kapér pinter ngobong massa. Suarané manjat mudun. Kapan manjat lan kapan mudun, Kapér ahliné. Para pendémo sorak ndelak kesenengen maring gayané Kapér. Kadang lucu kadang nggegirisi.
Ana rong puisi Tegalan sing diwaca Kapér. Rong puisi kuwé, saiki dishare maring jakwir-jakwiré. Puisi Tegalan sing keloro, moniné kaya kiyé:
NDELÉN SAPISAN-PISAN
Nasib buruh laka nggoné olih
awit zaman nanu
dibelok sembilu
Produk UU mlulu gawé kelu
nang waduk kaku
Jan-jané sampéyan mimpin
niaté nggo bendara
apa rakyat sedaya
Émuta mring sumpahé
émuta nang pundak loroné
Sisi kiwa bara neraka kaya
baya mangap
sisi tengen surga ngablag
banyuné mili susu
Ndelén bos!
Sapisan-pisan nasib buruh
ngranggéh langit
dudu dibanting kit duwur langit
Lokén ora jégod?
Kanggo jakwir-jakwiré Kapér, rong puisi kuwé dadi pengganti tekané déwéké nang panggonan Pos Ronda, sekaligus dadi obrolané Sidul, Darto, uga Jon Dapuk.
“Jujur baé nyong bléh patiya paham maring puisi, Jon. Tapi angger tak cermati, puisiné Kapér kayong asyik. Susunan kalimaté kaya wong sing sekolahé duwur,” omongané Sidul mbuka dopokan soal puisi Tegalané Kapér.
Jon Dapuk pan nyuara, kedisitan Darto mbalang omongan.
“Bocahé tah ora mercayani. Tapi angger gawé puisi pinter men. Jujur baé yanu kagum karo Kapér. Ngrangké kata-kata kanggo puisiné bisa runut. Gamblang ora gawé ndas mumet. Masalahé ana, Jon. Jakwiré yanu padahal sekolahé sarjana, nyusun kalimat puisiné babar blas jégod. Ari maca puisiné, waduh! Yanu kudu sedia koyo cap lombok.”
“Tengkula sedia koyo kedingan, pimén sih To?” takoné Sidul radan nyengir.
“Tembé maca rong baris, endadé yanu ndadak puyeng!”
Krungu jawaban kaya kuwé, Sidul sekal nyekakak lata-lata.
“Béda karo puisi Kapér, sakalé sekolahé kur lulusan SD, tapi gampang dicerna.” Tambah omongané Darto.
Sepi sakléndab.
“Ngomong-ngomong, puisiné Kapér jan-jané nyritakna apa sih, Jon?” takoné Sidul.
Kaya biasané, sadurungé Jon Dapuk njawabi, déwéké nyeruput téh pociné latané nyumed sigarét.
“Puisi pertama, inti nyritakna soal para calon anggota déwan dong limang taun sapisan, moyék pada miul-miul rakyat. Émané por-poran. Sauwisé njagong dadi anggota déwan, ora kélingan maring sing nggéyong,” ujaré Jon Dapuk nerangna puisiné Kapér.
“Maksudé “sing nggéyong”, apa Jon?” Sidul mburu penjelasan.
“Ora éling maring sing noblos.”
“Puisi sing keloro artiné apa?” takoné Darto.
“Artiné, ning waktu kiyé kahanan jagad lagi oreg. Wong-wong nduwuran sing ana nang ibukota nggedog Undang-undang Omnibus Law Rancangan Undang-undang (RUU) Cipta Kerja. Undang-undang kuwé lagi digugat wong-wong sajagad. Sebabé rugikna para buruh gén ngénakna para bendara….”
“Maksudé “bendara” apa sih?” takoné Darto.
“Bendara kuwé bahasa Jawa kuna. Artiné majikan.”
“Nyong ngalem maring Kapér. Wani mélu démo!” omongé Sidul.
“Kapér ora démo. Kapér kur maca puisi, ora gawé ruwed! Intiné Kapér mung nyuarakna apa sing lagi dipriyatini wong cilik!”
“Saora-orané Kapér peduli ya Jon?” sambung omongané Sidul.
“Yaul! Wis pertemuan saméné disit. Nyong ana tugas nglembur,” omongé Jon Dapuk nutup obrolan. *(@)*
—
*Lanang Setiawan*, Seniman dan Penulis Novel.
Discussion about this post