BUBAR olih penghargaan menang nang sayembara penulisan novél, Mas Jon digedag-gedak Kinasih Déwi Rembulan kon temon nang kedai kopi “Queena”. Omongané Kinasih liwat WA.
“Saiki Mas Jon tak enténi ning kedai kopi kaya biasané. Aja kesuwén.”
Kuwé isi WA-né Kinasih. Waktu samana Mas Jon lagi kekes-keses barang bawaan kanggo ngésuk mluncur maring Jakarta.
“Owh iya, sabar. Mas Jon lagi kekes-kekes. Sedélat maning meluncur.” Mas Jon mbales WA-né Kinasih.
“Enyong wis nang kéné, Mas Jon,” omongé Kinasih karo ngirim gambar panganan sing ana ning nduwur méja.
Mas Jon ngerténi wateké Kinasih njaluké cepetan. Ora srantanan. Kadang-kadang ngadepi ulahé Kinasih njuwéti. Perangéné kaya bocah ingusan. Sawa-sawa njaluké cepet, sawa-sawa nggedag-nggedag. Tapi kuwé sifaté Kinasih. Mas Jon ora kagét.
“Jahat ish… PHP.”
Mas Jon paham singkatan tembung “PHP” awité singkatan saka tembung “Personal Home Page Tools”. Selanjuté malah brubah dadi “FI” yakuwé tembung “Frorms Interpreter”. Sajegé versi 3-0, aran bahasa kiyé diubah maning dadi “PHP” yakuwé “Hypertet Prepocessor” singkatané “PHP”. Akhiré singkatan kuwé brubah dadi “Pemberihan Harapan Palsu”. Waduh! Bocah saiki ana-ana baé ari mlécéngna tembung.
Maca tembung “PHP” saka WA-né Kinasih, Mas Jon digawé sipat kuping nganggo motor awit sing umah mlesat tinuju wilayah Kabupaten Tegal. Jaraké kurang luwih 13.49 km atawa sekitar 8.38 mil. Kira-kira saka umahé Mas Jon anjog panggonan Kinasih nunggu nang kedai kopi “Queen” butuh waktu 30 menit. Setengah jam. Kuwé baé kudu ngebut.
“Mas Jon OTW.”
Ringkes cerita, Mas Jon wis ana nang adepané Kinasih. Nang méja pesenané wis ana panganan roti bakar karo inungan és mélon kesenengané Kinasih. Kaya biasané inungané Mas Jon cukup kopi ireng. Uga wis nyanding nang nduwur méja.
“Bisané suwé nemen sih? Jahat ish. Enyong ngenéni kosih semuten hahaha…” omongé Kinasih orabada nyekakak.
“Tak lawani ngebut lho.”
“Lagi apa sih? Nyengiti!” timpal Kinasih. Manjané por. Mas Jon cukup créngas-crénges. Omongan kaya kuwé wis biasa. Mas Jon ora kagét. Dasar Kinasih bocah kolokan.
Sepi njaring.
“Sésuk Mas Jon aja klalén. Bareng lunga maring Jakarta bablas maring Bandara Soekarno – Hatta OTW Eropa,” omongé Kinasih mbuka obrolan. Déwéké pancén lagi olih begja, menang sayembara novel kejaba olih hadiah cut, uga hadiah liyané plus plesiran maring benua Eropa.
“Ya! Sésuk mangkat bareng….”
Secercah rainé Kinasih mancar cahya bungah. Nglanglang maring benua Eropa duwé kesempatan hér-héran karo Mas Jon. Selawas 3 wulan Mas Jon ngilang, Kinasih kelabakan. Guru jempolan sing ngajari déwéké jégod nulis kosih olih penghargaan, jalaran didikané. Gedé kesuwuné déwéké maring jasané Mas Jon. Awité ora bisa nulis, saiki téyéng gawé novél. Malahah duwé kesempatan ngisi kolom ning PanturaPost.com gegarané cawé-cawéné Mas Jon ngelobi bos PanturaPost.com.
“Mung maaf Kinasih? Mas Jon kur bisané nganter anjog bandara.”
Matané Kinasih mendelik.
“Bisané?”
“Perlu Kinasih ngerténi. Selawas Mas Jon ngilang, Mas Jon mbara maring Jakarta nawak-nawakna lagu Tegalan maring puluhan produsér rekaman. Ora setitik laguné Mas Jon ditolak. Tapi Mas Jon ora kapok lan ora putus asa. Kanggo njunjung duwur kotané Mas Jon, apa baé tak lakoni asal lagu-lagu Tegalan kudu manggung ning blantika musik Nasional. Mobat-mabit Mas nekani produsér-produsér rekaman. Akhiré olih kesempatan. Sepuluh laguné Mas Jon ditrima gonéng Hanoman Récord. Sésuk Mas Jon pan nandatangani MoU karo Bos Hanoman Récord. Ora mungkin Mas Jon mbatalna kontrak sepihak sing wis disepakati bareng. Tuntutan ganti rugi gedéné ora kira-kira gawé mrekitik,” omongé Mas Jon dawa ngalar-ngalar.
Katon nemen rainé Kinasih memelas. Mata loroné Kinasi merkabak. Banyu matané ngambang. Temon ning soré kiyé pengarepané Kinasih bakal ana lanjut dadi dina-dina nyenengna. Nyatané apa sing dibayangna malik 180 derajat. Telung wulan Mas Jon ninggal Kinasih sonder kabar beritané, cukup wenang gawé kisruh ning dasar jiwané. Saiki, saaté olih kesempatan lunga kliling Eropa, Mas Jon malah ora bisa diajak. Kinasih getun sing laka padané. Banyu matané ndadak dléwéran.
“Mas Jon téga Kinasih mangkat maring Eropa déwékan? Perjanjian karo bos rekaman, ora bisa ditunda?” omongé Kinasih karo ngremes tangané déwéké. Mas Jon ngerti remesan kuwé tanda Kinasih lagi digempur perasaan kelu.
“Mas Jon njaluk maafé sing gedé. MoU antarané Mas Jon karo Bos Rekaman ora bisa ditunda. Kinasih bisa bayangna, perjuang Mas Jon kosih nggetih. Mbangun kepercayaan ning kota gedé macem Jakarta, butuh daya juang sonder ngenal léklok lan putus asa. Tembé saiki Mas Jon olih kesempatan. Ora bakal Mas Jon sia-siakna. Nang urip, kesempatan apik, tekané kur sapisan gén ora ana maning.
“Mas Jon menemukan produser rekaman sing saidé lan senafas. Adu argumén cukup kenceng, akhiré sepuluh lagu Tegalané Mas Jon, diterima. Sepisan maning Mas Jon njaluk pengertiané Kinasih.”
Sedawané Mas Jon ngomong, Kinasih cuman meneng getem. Kur atiné dadal rowak-rawék.
“Kanggo sementara Mas Jon ora bisa bareng karo Kinasih lelunga maring Eropa. Rong dina utawa telung dina, Mas Jon nyusul. Mas Jon ora bisa ninggalna Kinasih. Pokoké adong urusané wis rampung, Mas Jon langsung OTW nyusul Kinasih!”
Secercah cahya matané Kinasih mencorong.
“Paling suwé rong dina, Mas Jon wis tekan Eropa. Awas, aja PHP!” ancam Kinasih. Langgan lawas.
“Siap Toewan Putri! Sésuk bareng mangkat Jakarta. Kinasih tak anter kosih tekan bandara!” omongé Mas Jon ora kéri nebar éseman. (*)
——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis.
Discussion about this post