ÉSUK kiyé Mas Jon, ketamon Noni Landa. Arané Beatrix van Stenford. Aran “Beatrix” asalé saka tembung Viatrix. Artiné “Sing diridhoi”. Sedeng “Van Stenford” artiné “Keturunan saka Marten van Stenford”.
Beatrix van Stenford kuwé anak semata wayang saka pasangan Stenford karo wong wadon Desa Pangkah, Kabupaten Tegal kang aran Nyai Markinah. Aran asliné Manéné tah Markinah. Gandéng Markinah bebojonan karo wong Landa, merga olih tambahan sebutan “Nyai” ning ngarep arané. Aran lengkapé dadi: “Nyai Markinah”.
Kanggo anaké Nyai Markinah akhiré olih tambahan “Noni” nang ngarep arané. Kuwé sebabé aran Beatrix van Stenford, kasebuté “Noni Beatri”. Masalahé Manéné Beatrix asalé wong pribumi. Séjén maning adong anak lanang, kasebuté “Sinyo”. Bab kiyé kanggo mbédakna aran anak sing lair saka bebojoan wong lanang Landa karo wong wadon Landa, babar blas laka tambahan tembung “Noni” utawané “Sinyo”.
Bisané Manéné Beatrix van Stenford olih wong lanang Landa sebabé ning waktu samana déwéké dadi karyawan ning PG. Pangka sing kebeneran baé Marten van Stenford, lanangé, dadi administraturé ning kono. Ana ungkapan Jawa kang uniné “Witing Tresno Jalaran Soko Kulino”, akhiré wong loro kuwé pada demenan latané nyawiji bebojoan.
Mas Jon termasuké duwé kepinteran ngomong Landa mbuh sacuil mboran. Déwéké pancén pinteran. Pengetahuan lan ilmuné yahud, sebab rajin maca buku toli uteké nyantélan.
Beatrix van Stenford, dedeg pengadegé kaya wit cemara mentul-mentul, duwuré kira-kirané 170 Cm. Rainé molék kaya golék. Rambuté pirang kaya lamat jagung putrén, sedeng matané blaruk biru laut. Awaké paribasané kaya pualam. Angger matané mandeng nunjem kosih nembus jantung.
Noni Beatrix salah siji mahasiswa ‘Amsterdam School of Historical Studies’. Waktu saiki lagi ngelakoni penelitian sisi melik cagar budaya lan babakan sejarah masa kepungkur ning wilayah Tegal.
Mas Jon sempet digawé kagét ketekan Noni Beatrix. Embuh déwéké ngerti sing sapa ujug-ujug teka maring umahé Mas Jon. Déwékén pisan.
“Goede morgen Mr. Mas Jon….” sapa Noni Beatrix uluk salam. Mas Jon paham tembung “Goede Morgen” artiné “Sugeng Énjing”.
“Ook goedemorgen…” semauré Mas Jon sonder mikir dawa bisané Noni Beatrix ngerti arané. Déwéké luwih penting nyemauri uluk salamé ketimbang mikir soal kuwé. Oh iya, tembung “Ook Goedemorgen” sing dimaksud kuwé, ora liya artiné “Sugeng Énjing Uga”.
“Welkame in Indonesia, Noni Beatrix,” lanjut omongé Mas Jon karo tangané ngongkon njagong maring tamuné. Tembung “Welkame in Indonesia” sing dimaksud artiné “Sugeng Rawuh nang Indonesia”.
“Dank U wel, dank Um wel….” jawabé Noni Beatrix kambén nebar éseman lan matané nyorot nandes. Sing dimaksud tembung “Dank U wel” ariné “Matur Kesuwun”. Tapi aja salah ucap. Sebab tembung huruf “U” ora kena diucapna pada karo huruf “U”. Kanggo bahasa Landa, huruf “U” brubah dadi huruf “i” karo lambéné radan mecucu. Ciri khas bebasa Landa kuwé sukukatané ditekan mirip wong Ambon adong lagi ngomong.
Sauwisé wong loro ruket ngobrol, jebulé Noni Breatrix ngerti satitik-titik ngomong bahasa Nasional. Jaré déwéké, bisané paham bahasa persatuané Mas Jon, angger nang umah wong tuwané ari omong-omongané nganggo basa campuran antara bahasa Landa kambén bahasa Indonesia. Mung logaté keprungun ning kuping, sengo.
“Kaya kiyé Mas Jon, nyong kiyé mahasiswa Amsterdam School of Historical Studies. Teka maring Tegal pan nggoléti bahan disertasi soal sisi melik cagar budaya uga tempat-tempat peninggalan bersejarah salah sijiné nang wilayah Tegal. Jangkau penelitiané enyong se-Jawa Tengah,” omongé Noni Beatrix molai mbabar maksud tekané maring umahé Mas Jon. Tentuné baé, omongané déwéké nggunakna bahasa Indonesia.
Jaré Noni Beatrix, bisané déwéké ngerti umahé Mas Jon sebabé pernah maca tulisan lan artikelé sing diunggah nang “Begawantegal.blogsport.com”. Saka kono déwéké latané ngerti apa maning déwéké duwé sedulur Manéné sing manggon nang Pangkah. Mung ajibé, sakalé teka maring umahé Mas Jon dianter seduluré, déwéké emoh dianter. Seduluré cukup dikongkon nunggu mobile sing ora adoh saka umahé Mas Jon. Noni Beatrix bener-bener kendel.
“Apa sing bisa nyong bantu, Noni Beatrix?” omongé Mas Jon.
“Enyong kepéngin ngerti tembung “Banténg loréng binoncéngan”, maksudé apa?”
Cukup pan takon kaya kuwé, Noni Beatrix adoh-adoh saka Negara Kincir Angin teka maring Tegal? Mas Jon endasé gédég-gédég. Sénggané sing ngelakoni penelitiané wong Indonesia, ndéan bléh sudi teka méné. Kuwé sebabé wong Landa pinter-pinter. Ora éram adong bangsa Indonesia kosih dijajah tekan 3,5 abad!
“Sing dimaksud tembung kuwé, salah siji perwatakané masyarakat Tegal, sing dilambangna “Kéwan banténg liar loréng-loréng ditunggangi bocah angon lagi nabuh suling. Banténg liar nggambarna masyarakat Tegal, sedeng bocah angon nabuh suling maksudé nglambangna pemimpin utawané penguasa. Artiné bakal ayem trentrem nalika pemimpiné duwé sifat asah asih asuh, gén ora angkuh gén ora brangasan.”
“Bakal ana kedadéan apa angger pemimpiné congkak?” takoné Noni Beatrix karo tangané tetep nyekeli bulpoin lan notes.
“Bakal ana huru-hara gedéan. Karakter wong Tegal kuwé bisa angas uga bisa mbekti maring penguasa. Adong pemimpiné ora bisa angon wektu, sokan sekepénaké udel sajeroné mimpin, masyarakat Tegal bakal brontak. Wis ana contoh, zaman réformasi pemimpin nang Tegal, njungkel gegara didémo gedéan daning masyarakat Tegal. Sing ora suwé uga ana kedadian ngédap-ngédapi, walikotané njungkel. Samana uga nang Kabupaten Tegal ya pada baé. Bupati Tegal nggléwang saka tampuk pimpinan, gegarané ora mahami wateké wong Tegal,” omongé Mas Jon.
Rampung olih bahan kuwé, omongan saterusé melesat maring tempat-tempat bersejarah kayadéné soal ketokohané Ki Gedé Sebayu sing kontrovesial, sejarah Mbah Panggung kosih tekan asal mula raja Mataram Amangkurat I uga sejarah asal-usulé Radén Purbaya sing pejaratané nang Desa Kalisoka, Kecamatan Dukuhwaru, Kabupaten Tegal.
“Okay Mr. Mas Jon. Dank U hartelijk….” omongé Noni Beatrix nganggo bahasa moyangé. Artiné “Ohya Tuan Mas Jon. Matur Kesuwun ingkang Katah”.
“Graag gedaan, Noni Beatrix!” semaur Mas Jon njawab nganggo bahasa Landa. Artiné “Pada-pada, Noni Beatrix”. Sekaligus nutup wawancarané. (@)
——–
Lanang Setiawan, Penulis uga novelis.
Discussion about this post