Mbahayani, Bakul Manuk nang Tegal Ora Olih Dodolan nang Pereke Dampar Sepur – Panturapost.com
Rabu, Februari 1, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Warta Ngapak

Mbahayani, Bakul Manuk nang Tegal Ora Olih Dodolan nang Pereke Dampar Sepur

Soale, sepur kuwe ora bisa dirém lan mandeg ndadak.

Panji Bachtiar by Panji Bachtiar
25 Juli 2020
2 min read
0
Dinilai Membahayakan, Petugas Gabungan Tertibkan Pasar Burung pada Jalur Rel KA di Adiwerna

Petugas Gabungan seka PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 5 Purwokerto, Satpol PP, Polri lan Tentara nertibna pasar manuk sing ana nang sadawané jalur sepur nang Désa Banjaran, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal, dina Kemis (23/7).

Share on FacebookShare on Twitter

TEGAL – Petugas Gabungan seka PT Kereta Api Indonesia (KAI) Daop 5 Purwokerto, Satpol PP, Polri lan Tentara nertibna pasar manuk sing ana nang sadawané jalur sepur nang Désa Banjaran, Kecamatan Adiwerna, Kabupatén Tegal, dina Kemis (23/7). Soale tempat sing pernah dadi Stasiun Banjaran kuwé mbahayani, esih dilewati sepur.

Manager Humas PT KAI Daop 5 Purwokerto, Supriyanto, ngomong, nggal dina Jemuah, lokasi kuwé dadi pasar manuk dadakan sing dikebeki éwonan. Nang kono akéh wong adol tuku manuk kicauan. Mugané nrawasna nemen nggo warga sekitar utawané ngganggu kegiatan mlakune sepur.

“Nganggo dasar UU Nomer 23 Taun 2007 ngenani Perkeretaapian, pasal 38 njelasna ngenani peruntukan jalur sepur sing ketutup nggo kepentingan umum,” jaréné.

ADVERTISEMENT

Hal kiyé, Supriyanto nglanjutna, ditegesna jeronéng Pasal 181 ayat (1) sing nyebutna, saben wong dipenging ana nang ruang manfaat jalur sepur, nggéréd, nggerakna, ngesrogna, utawa mindahna barang nang ndhuwur dampar utawa ngliwati jalur sepur, utawa nggunakna jalur sepur nggo kepentingan liya saliyané nggo angkutan sepur.

Baca Juga

Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Uji Coba Tilang Elektronik Drone di Kota Tegal: 20 Menit Terbang Temukan Banyak Pelanggaran

Siap-siap, Polisi Pan Ngaburna Drone Nggo Nilang Wong Sing Nglanggar Lalu Lintas

26 Januari 2023

Angger dilanggar, bisa dipidana penjara paling suwé 3 (telu) wulan utawa denda paling akéh Rp15.000.000,00 (limalas juta perak). “Aturané wis jelas, nggo sing nglanggar bisa dikenani pidana,” jelasé.

ADVERTISEMENT

Supriyanto ngomong, saiki PT KAI molai ngoprasikna pirang-pirang perjalanan KA Penumpang uga KA Barang. Nang Wilayah Daop 5 Purwokerto, wis diliwati seakéh 18 KA jarak adoh utawané menengah, uga 8 KA lokal Prameks. Mbuh kuwé sing mlaku nggal dina utawané mlaku mung dina Jemuah — Saptu — Minggu. Uga 22 perjalanan KA angkutan barang maring pirang-pirang jurusan, sing mlaku nggal dina.

Kepala Satpol PP Kabupatén Tegal, Suharianto, ngomong, pihaké pan ndukung langkah PT KAI. Soale, upaya kuwé nggo keslametan perjalanan KA utawa keslametané masarakat dhéwék.

“Masarakat dipenging nglakokna kegiatan apabaé nang sadawané jalur sepur, termasuk dodolan nang jalur sepur,” jaréné.

Hal kuwé uga kanggo nang lokasi liyané. Soalé, sakepibén dingerténi, sepur ora bisa dirém lan mandeg ndadak. Mugané bisa mbahayani wong-wong sing pada nglakokna kegiatan nang jalur KA. (*)

Disunting Daning: Irsyam Faiz

Tags: AdiwernaBakul ManukTegalWarta Ngapak
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Talud dan Jalan Baru di Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Ambrol, Bangunan Rumah Terancam Longsor
Warta Ngapak

Taludé Ambrol, Bangunan Umah nang Perumahan Pesona Abadi Slawi Kulon Bisa Kegawa Longsor

31 Januari 2023
Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia
Warta Ngapak

Anaké Mantan Bupati Brebes Mbojo: Mas Kawiné Lemah 3,2 Hektare lan Emas 100 Gram

29 Januari 2023
Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar
Warta Ngapak

Gebleg, Wong Lanang nang Brebes Kolu Nekek Bojoné Nganti Ninggal

28 Januari 2023
Hamili Anak Kandung hingga Melahirkan, Warga Taman Diringkus Polres Pemalang
Warta Ngapak

Kolu-koluné, Bapa-bapa nang Pemalang Metengi Anak Kandungé Dhéwék Nganti Lairan

27 Januari 2023

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

  • Jasad Wanita Muda Penuh Luka Ditemukan di Sungai Brebes, Identitas Masih Misteri 

  • Suami Bunuh Istri di Brebes, Jenazah Korban Akan Diautopsi Hari Ini 

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In