BREBES – Mblunat nemen kelakuané bapa-bapa nang Kecamatan Banjarharjo, Kabupatén Brebes kiyé. Dhéwéké kolu nyabuli bocah wadon papat sing jebulané ésih tanggané dhéwék.
Informasi sing diolihi PanturaPost seka kepolisian nyebutna, kasus cabul sing dilakoni wong lanang sing umuré 41 taun kuwé dilakokna nang telung tempat sing séjén. Nang antarané, nang sekola, ruang ganti kolam renang, lan umah suwung. Korban utawané pelaku yakuwé warga Kecamatan Banjarharjo.
Kanit PPA Satréskrim Polrés Brebes, Iptu Puji Heriati, ngomong, pelaku cabul kuwé wis dicekel lagi dina Jemuah (8/1/2021) wingi. Pelaku dingerténi arané Anas Ruliansyah. “Pelaku wis dhéwék tahan nang penjara Mapolrés Brebes. Pirang-pirang barang bukti uga wis dhéwék amankna,” omongé Puji Heriati, dina Senén, tanggal 18 Januari 2021.
Dhéwéké nyebut, modus pelaku nglakoni kuwé yakuwé mbujuk korban karo cara mékena duwit jajan. “Pelaku mbujuk lan ngrayu korbané neng pas korban lagi kegiatan nang sekola utawané nang njaba umah. Latané, pelaku nglakoni kelakuan mblunaté,” ungkapé.
Gara-gara peristiwa kuwé, ke papat bocah kuwé sempet ngalami dépresi. Bocah-bocah kuwé saiki didampingi pendampingan Dinas Pemberdayaan Perempuan, Perlindungan Anak, Pengendalian Penduduk dan Keluarga Berencana (DP3KB) lan Unit Pelayanan Perempuan dan Anak (PPA Satréskrim Polrés Brebes.
“Kasus pencabulan kiyé wis ditangani pihak Polrés Brebes. Saiki, dhéwék lakoni pendampingan nggo marikna trauma lan psikologisé korban. Dhéwék ngaprésiasi maring korban-korban sing wis nglaporna kedadénan kiyé. Lan nggo saiki kondisi korban wis pada molai nglakokna kegiatan,” ungkapé Sekretaris DP3KB Rini Puji Astuti. (*)
Discussion about this post