Mbokéné Ki Gedé Sebayu Sapa? – Panturapost.com
Sabtu, Januari 28, 2023
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Panturapost.com
No Result
View All Result
Home Moci

Mbokéné Ki Gedé Sebayu Sapa?

Ki Gede Sebayu kelebuné anak kaping 22 saka sedulur sing jumlahé 90.

Lanang Setiawan by Lanang Setiawan
3 Agustus 2020
3 min read
0
MOCI: Gambar Cecek

Lanang Setiawan. (Ilustrasi Foto: Arif)

Share on FacebookShare on Twitter

“MBOKÉNÉ Sebayu dongé sapa ya?”

Kuwé omongané Kapér nalika jakwir-jakwir ngumpul nang Pos Ronda mburi umahé Jon Dapuk. Pitakonan kuwé embuh maring sapa. Angger maring Sidul utawané Darto ora mungkin. Wong loro ora bakalan ngarti soal sejarah. Nék maring Jon Dapuk, wong omongané Kapér ora nyebut aran. Bab kiyé sing akhiré muncul pitakonan jakwir-jakwiré. Jon Dapuk ta biasa kur meneng. Tapi déwéké uga ngerti, ujung-ujungé gén jakwir-jakwiré mbalékna pitakonan maring déwéké.

“Énté takoné maring sapa, Pér? Nang kéné ana wong telu; enyong, Darto karo Jon Dapuk! Ngomong sing jelas gén?” omongé Darto.

ADVERTISEMENT

“Bocah ngempra! Nyotong tapiné mubeng-mubeng kaya kitiran!” Semburé Sidul nyambung omongané Darto. Sing dimaksud “Nyotong” asalé saka tembung prokém Tegalan artiné “Ngomong”.

Baca Juga

Warga Gerebek Toko Popok Bayi di Margadana Tegal, Temukan Ribuan Pil Penenang Tanpa Izin Edar

Gara-gara Ngadoli Pil Koplo, Toko Popok Bayi nang Margadana Tegal Digrebek

10 Januari 2023
Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

Malam Refleksi Tahun Ke-4 Umi-Ardie diawali Dengan Pesta Rakyat

9 Januari 2023

“Oké bro! Tujuan pitakoné nyong nggo Jon Dapuk,” jawabé Kapér.

“Nah…. kuwé tembé jelas! Tulung Jon, omongané Kapér dijawab. Nyong ya péngin ngerti saluguné Mbokéné Ki Gedé Sebayu sapa? Kayong penasaran enyong!” omongé Sidul. Samana uga Darto babar blas bléh paham sapa Mbokéné Sebayu.

“Saluguné nyong déwék uga bingung!” omongé Jon Dapuk.

“Bisané énté bingung Jon?” takoné Darto.

“Nyong tau maca riwayat Ki Gedé Sebayu nang buku “Penetapan Hari Jadi Kota Tegal” tak goléti nang kona gén aran Mbokéné Sebayu babar blas laka. Samana uga nang buku “Sekilas Hari Jadi Kabupaten Tegal yang Ke-402” taun 2004, ya ora nana. Nang buku “Silsilah Raja-raja di Tanah Jawa”, Ki Gede Sebayu kelebuné anak kaping 22 saka sedulur sing jumlahé 90. Ki Gedé Sebayu duwé anak 2 yakuwé; Raden Ayu Giyanti Subalaksana lan Ki Gede Hanggowono. Sebayu dikubur nang Desa Danawarih, Kecamatan Balapulang, Kabupaten Tegal.

Sawetara nang buku “Ki Gede Sebayu Pendiri Pemerintah Tegal Tahun 1585 – 1625” sing disusun Soetjitoni taun 2007, ya laka keterangan Mbokéné Sebayu sapa. Kur-kuré Sebayu disebut salah siji Pemuka Prajurit Kerajaan Mataram asalé saka tlatah Sedayu. Déwéké tau mélu tempur nyerang Kerajaan Pajang pimpinan Radén Aryo Pagiri. Oreg Penyerangan kuwé gegara sifat kejemé Aryo Pagiri. Sauwisé Aryo Pagiri kéok, Sebayu balik maning maring kaluargané latané ninggalna tlatah Mataram tinuju maring wilayah mbang kulon, yakuwé tlatah sing saikiné diarani Tegal,” omongé Jon Dapuk dawa ngalar.

Krungu jawabané Jon Dapuk, jakwir-jakwiré kur ndomblong. Endasé mangkina puyeng. Tangané Kapér kosih kaya biasané nyawél rokoké Jon Dapuk sing kesanding nang adepané.

“Gawé sejarah ka ora lengkap sarahsilah keturnané. Angger Nabi Isa AS genah ora duwé bapak mung duwéné ibu. Nabi Adam kambén Siti Hawa ora duwé bapak uga ibu, tapi jelas mbangkana-kana jelas. Sauwisé kisah nabi-nabi, laka menungsa nang jagad kiyé sing ora duwé bapak utawané ibu. Kabéh menungsa duwé bapak ibu. Tapi ing atasé Sebanyu bisané ora ditulis Mbokéné sapa, kiyé dadi pitakonan,” omongé Darto.

“Bisa anéh kaya kuwé ya Jon? Lokén laka sing nglari dodoké Mbokéné Sebayu?” Sidul nglanjutna omongané Darto.

“Ajib ah!” Semauré Kapér karo cangkemé nyembur kebul sigarét.

“Sing mbangkana-kana ajib, yakuwé sewaktu nyong maca buku “Tegal Sepanjang Sejarah” sing disusun daning Semarno kambén jakwir-jakwiré terbitan Kantor Departemen Pendidikan Dan Kebudayaan Kabupaten Dati II Tegal 1984….” Anjog nang kéné kaya biasa Jon Dapuk ora nerusna omongan. Genahé bén jakwir-jakwiré mbalang pitakonan.

“Sing diwaca nang buku kuwé soal apa Jon?” takoné Sidul.

“Sebayu, Dul?” jawabé Jon Dapuk.

“Nang buku kuwé Sebayu dicritakna pimén?” takoné Kapér.

“Nyong ora pan crita dawa-dawa. Crita langsung tak pedot anjog pokok critané baé. Nah, critané kaya kiyé!” omongé Jon Dapuk.

Jakwir-jakwiré pasang kuping. Siap-siap ngrungokna apa sing pan diomong Jon Dapuk. Nah, jaré Jon Dapuk ngutip buku kuwé, konon kabaré situkang crita, nang sajeroné sejarah sauwisé Danang Sutawijaya kasil ngrebut Kerajaan Pajang saka Aria Pangiri, Radén Banawa diangkat dadi Bupati Jipang, Bojonegoro, ngganténi Aria Penangsang. Mung jalaran keamanan nang Jipang ora njamin kanggo déwéké, Radén Banawa njaluk dipindah. Daning Panembahan Senopati Sutawijaya, déwéké dipindah nang wilayah Pemalang. Pemindahan kuwé taun 1586.

ADVERTISEMENT

“Diterangna nang buku kuwé, Radén Banawa putra Joko Tingkir, mégin sedarah karo Brawijaya V. Adong Ki Gedé Subayu mésih ana keturunan sedarah karo Brawijaya V, maka antara Radén Bawana karo Ki Gedé Subayu ya klebuné ésih ana sambung rapeté antarsedulur. Wong loro kuwé, masing-masing keturunané Brawijaya V saka selir!”

“Takon Jon!” Darto mbalang omongan.

“Iya To. Pimén?”

“Sing bener Sebayu apa Subayu?”

“Ora paham. Wong siji tapi nyebut arané béda-béda. Dadi sing bener aran Sebayu apa Subayu,” omongé Jon Dapuk. Darto manut apa sing diomong Jon Dapuk. Sebab déwéké ngarti, disiplin wartawan nulis saanané data. Perkara salah beneré dudu tanggungjawabé wartawan.

“Oh iya Jon. Sing énté waca halaman pira?” takoné Darto durung marem.

“Halamané 24, Bab IV judul bab-é Tegal Mulai Dikenal!”

“Nyong mélu maca bukuné, olih ya Jon?” ujaré Kapér ujug-ujug

“Olih nemen Pér!” Jon Dapuk ngakhiri omongané (*)

—–
Lanang Setiawan, Seniman dan Penulis Novel.

Tags: Ki Gede SebayuMociTegal
ShareTweetSendShareShare
ADVERTISEMENT

Related Posts

Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Asal Usul Gambar Gunung Kembar Jaman SD

4 November 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Moci: Gawe Koran nang Akhreat

22 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Setan Jempol Lawan Jentik

19 Oktober 2022
Dara Tinggi Bén Mudun Cukup Nganggo Jagung
Moci

Keturunan Kewolu

18 Oktober 2022

Discussion about this post

TERPOPULER

  • Putri Mantan Bupati Brebes Menikah: Mas Kawin Tanah 3,2 Hektare dan 100 Gram Logam Mulia

  • Tilang Elektronik Pakai Drone Mulai Diuji Coba di Brebes, Ini Sasaranya…

  • Miris, Suami di Brebes Cekik Istri Sampai Meninggal, Lalu Lapor ke Kakak Ipar

  • Bejat! Ayah di Brebes Tega Cabuli Anak Tirinya Selama 7 Tahun

  • Sempat Buron, Oknum Wartawan Brebes Tersangka Kasus Pemerasan Terkait Perkosaan Ditangkap di Jakarta

  • Polisi Kejar 2 Oknum LSM Terduga Pelaku Pemerasan Terkait Kasus Pemerkosaan Gadis 15 Tahun di Brebes 

  • Suami yang Bunuh Istri di Brebes Mengaku Dapat Bisikan Gaib

MEDIA SOSIAL

  • 139.9k Fans
  • 169 Followers
  • 30.1k Followers
  • 54.6k Subscribers
ADVERTISEMENT
PanturaPost.com

2020 © PT Pantura Siber Media

  • Tentang Kami
  • Redaksi
  • Pedoman Media Siber
  • Info Iklan
  • Verifikasi Dewan Pers
  • Karir

No Result
View All Result
  • Beranda
  • Daerah
    • Brebes
    • Kota Tegal
    • Tegal
    • Pemalang
    • Kajen
    • Pekalongan
    • Batang
  • Kolom
    • Catatan Pekan Ini
    • Opini
    • Moci
    • Kolom Kolam
    • Sejarah
  • Jateng
  • Wisata
  • Olahraga
  • Video
  • Warta Ngapak
  • Kuliner
    • Resep
  • Infografik
  • Inspire Slawi
  • Advertorial
  • Kamus

2020 © PT Pantura Siber Media

Login to your account below

Forgotten Password? Sign Up

Fill the forms bellow to register

All fields are required. Log In

Retrieve your password

Please enter your username or email address to reset your password.

Log In