TEGAL — Kahanan batin nelangsa nimpa sajerone keluarga nang Désa Surokidul RT 3 RW 02 Kecamatan Pagerbarang Kabupatén Tegal. Keluarga kuwé nembe baé nampa warta ilange kapal mabur Sriwijaya Air SJ182 ngebrok nang perairan Pulo Seribu, Jakarta nang dina Saptu (9/1/2021) soré. Anak kelimané, Panca Widia Nursanti (46) wayah balik maring Pontianak numpak kapal mabur kuwé, lubar niliki emané nang Tegal.
Wayah tim PanturaPost.com maring umahé, katon ana ibu-ibu sing wis umuré sepuh njagong nang mbalé karo mandeng mengarep lan dibatiri kluwarga liyané. Dhéwéké yakuwé Sri Lungdiyanti (80), ema kandung Panca Widia Nursanti.
“Panca Widia Nursanti sokan balik wayah préi. Kadang-kadang sakluwarga. Kadang-kadang karo bojoné. Kadang-kadang dhéwék. Terakhir balik kuwé wingi tanggal 22 Désember, tapi balik dhéwékan,” tuturé Sri Lungdiyanti karo ngetokna eluh maring PanturaPost.com, dina Minggu (10/1/2021).
Dhéwéké ngomong, Panca Widia Nursanti balik maring Tegal soalé kepéngin niliki dhéwéké sing pas kuwé lagi mriyang. “Widia balik kuwé soalé mama lara. Sawisé dhéwéké balik, mama medingan lan alhamdulillah wis mendingan. Padahal mama wis mojar aja dipaksakna balik maring Tegal. Mama wis mendingan. Jaré widia, nyong kepéngin niliki mama,” jaréné karo suwara nggrentes.
Sri ngomong, ari Widia kuwé wis suwé manggon nang Pontianak. Sajegé mbojo, Widia kuwé wis manggon nang Pontianak lan dadi guru SMK nang Pontianak.
“Angger pancén dhéwéké dadi korban kapal mabur sing tiba, muga-muga Widia ditampa nang sisi Sing Maha Kuasa,” tuturé nyambi nitikna eluh.
Kakang mbarepé Widia, Éka Cahyaningsih (54) ngomong, angger slamet allhamdulillah. Angger ora slamet, kuwé wis takdir. “Muga-muga adinda ninggal husul khotimah. Niaté Widia balik kuwé merga niliki mama lara. Sawisé ditinggal maning, mama ana perubahan. Wis mari soalé wis ketambani kangené,” jaréné.
Kluwarga ngarep-arep, ébén petugas luruh korban karo maksimal lan temenanan. Nganti rampung lan nganti ketemu. Akalén jenazahé ketemuné ora wutuh, sing penting ciri-ciri jenazah kuwé bener. “Dhéwéké (Widia) kebeneran nganggo ali-ali kawin lan ali-ali permata,” ungkapé.
Sementara kuwé, nggo ngénténi kabar ngenani tibané kapal mabur, bojoné Widia lan anak pertamané Widia wis ngénténi nang Bandara Pontianak. “Kebeneran bojoné nyong uga nyambut gawé nang Kalimatan. Dadi mbatiri anaké widia nang kana,” omongé Éka Cahyaningsih. (*)
Disunting Daning: Irsyam Faiz
Discussion about this post