TEGAL — Udan barat sing kedadén nang Désa Tuwel, Kecamatan Bojong, dina Senén (18/1) bengi, nggawé plapon umah ndéké warga ruwag. Malah, kedadénan kuwé nggawé bayi sing umuré sa taun luka gara-gara kurugan plapon umah.
Salah siji rélawan PMI Kabupatén Tegal, Abdul Kholik ngomong, peristiwa kuwé kedadén sekitar jam pitu bengi. Umah kuwé ndéké Rijaludin (39) lan sing dadi korban yakuwé anaké. “Korban kurugan batako lan ngenani batuké. Mugané ngalami luka suwék,” jaréné.
Peristiwa kuwé jaré Kholik, kedadén nang Dukuh Kopigandu RT 4 RW 2, Dukuh Kopigandu Rt4/2 Désa Tuwel. Kedadénan kuwé awalé pas Rijaludin lagi njagong nang mbalé bareng karo anaké sing umuré sa taun lubar nyoré. Lah, angger bojoné lan rong anaké sing liya ésih ana nang ruang tengah. Ujug-ujug kedadén udan barat lan ngakibatna kabéh plapon umahé sing nganggo bahan baja ringan kuwé kelingkab lan ruwag kegawa angin.
“Bareng plaponé ruwag, langsung nibani anaké Pak Rijaludin lan ngenani batuké ngantikan suwék. Ora let suwé, warga langsung pada nulungi,” ungkapé.
Saliyané kuwé, warga uga ngévakuasi Rijaludin, bojoné lan telung anaké, uga ngamankna surat-surat sing ana regané ndéké Rijaludin. Gara-gara udan lan angin gedhé kuwé, umahé Rijaludin sing ukurané 7×12 méter ngalami bodhol sing lumayan parah.
“Soalé bodholé parah, Pak Rijaludin karo anggota kluwargané ngungsi maring umahé tanggané. Nggo tuna diperkirakna tekan limalas juta,” jaréné.
Pada baé kaya sing diomongna daning Rélawan BPBD Kabupatén Tegal, Kurdianto. Jaréné, udan barat nang Désa Tuwel Bojong uga mbodholna umah warga liyané, yakuwé ndéké Andri (33). Latané, udan lan angin gedhé uga nggawe pirang-pirang wit ruwag lan malang nang dalan Désa Danasari — Cikura (nggon aréa Prabalintang). (*)
Discussion about this post