BAYI umur rong taun seka Désa Gondang, Kecamatan Subah, Kabupatén Batang, arané Oktaviantika kiyé, belih sebungah bayi nang umumé. Nggal dina, dhéwéké mung ana neng gendongané mbokéné, sawisé ngalami luka obong rada jahat gara-gara kejebur maring njero panci sing isiné banyu panas nang wulan Juni wingi.
Sawisé sempet nglakoni peratan médis nang Rumah Sakit Kariadi Semarang, lan kondisiné molai mipil apik, anak ke loro pasangan Satiyo (56) Kastini (50) nganti saiki ya ésih nglakoni prawatan jalan nang umah daning salah siji prawat seka RS Kariadi Semarang.
Mboké, Kastini ya ngomong ari luka sing dialami woheng atiné kuwé rada jahat yakuwé méh 80 persén. Kedadénan kuwé awalé wayah anaké dolanan nang pawon pas dhéwéké lagi nggodog banyu.
“Pas kuwé nyong nggodog banyu. Soalé wis umeb, panci nyong sokon nang ngingsor. Nyong ora ngarti angger jebulé anaké nyong mareki lan manjing maring jero panci,” jaréné karo nada suker.
Merga kedadénan kuwé, Oktaviantika, kudu olih penanganan medis sing temenanan sajegé wulan Juni wingi. Anané laporan seka warga, Bupati Batang Wihaji nyempetna ngileng Oktaviantika nang dina Slasa (3/11/2020). Karo nada glagepan, Kastini ya nyritakna kedadénan maring Bupati Batang, Wihaji.
“Sawisé kedadénan, anaké nyong langsung digawa maring Puskesmas Subah lan dirujuk maring RSUD Limpung. Tapi, soalé belih mampu akhiré digawa maring RSUP Karyadi Semarang. Nang kana, anaké nyong dirawat lawasé rong minggu,” ungkapé.
Senajan bayi sing umuré rong taun kiyé molai mari, tapi lukané ésih pada katon lan ésih tetep nglakoni prawatan nang umah. Prawatan dilakoni daning prawat seka RSUD Karyadi sing nganggo cara mandiri nekani umahé Kastini.
“Angger nggo biaya prawatan lan kontrol nyong enggo seka BPJS kesehatan. Tapi, nggo biaya prawatan nang umah karo nekakna prawat nggo ngganti perban nggal wulan, nyong kudu bayar sekitar Rp 900 éwu,” jaréné.
Pasangan Satyo lan Kastini sing mung nyambut gawé dadi ibu rumah tangga lan kuli penggaret getah karet kiyé ya mesti krasa abot karo biaya sing kudu ditokna nggo prawatan anaké. “Saiki wis mending. Tapi luka nang nggon dada, weteng lan awak nggon mburi ésih butuh perban lan prawatan,” jelasé.
Peristiwa sing dialami daning Oktavianti ya nggawé Bupati Batang, Wihaji krasa nelangsa. Mugané, pas krungu anané laporan kuwé, dhéwéké ya langsung gagiyan nggo ngileng langsung. “Oktavianti mbutuhna nemen perhatian ébén prawatan tetep mlaku lan gagiyan mari,” tuturé.
Nggo ngénténgna beban, Wihajiya mékena bantuan duwit sajumlah Rp 3 juta. Rencanané, duwit Rp 2 juta seka bantuan kuwé pan dienggo nggo prawatan lawasé rong wulan mengarep. Nék, duwit sing Rp 1 juta pan dienggo nggo nyaur utang. Lah, sing nggo biaya ganti perban segedhé Rp 900 éwu, Pemkab Batang ya pan mékena bantuan. Ora mung kuwé, bupati uga ngawéhna rong pakét sembako maring wong tuwané Oktaviantika. (*)
Discussion about this post